“Pangeran Yehuwah anggone imbal pangandika karo Nabi Musa iku aben-ajeng kaya wong guneman karo kancane” (Pangentasan 33:11a)
Punapa panjenengan kagungan kanca? Limrahipun saben tiyang punika nggadhah kanca, sae punika kanca sekolah, kanca dolan, kanca ing greja, kanca ing kantor, ngantos kanca ing dunia maya. Sesambetan kaliyan kanca punika mesthinipun sesambetan ingkang ngremenaken. Langkung raket anggenipun kekancan, langkung sae sesambetanipun. Kita saged sesrawungan kanthi bebas, saged guyonan, saged ngedalaken raos (curhat), saged silih mbiyantu lan sanesipun.
Waosan dinten punika, mliginipun saking Kitab Pangentasan, punika nelakaken endahing sesambetan ing antawisipun Gusti Allah kaliyan abdinipun inggih punika Nabi Musa. Dipun terangaken, saben-saben Nabi Musa sowan wonten ing Tarub Pasewakan, Gusti Allah kepareng rawuh lan imbal pangandika kaliyan abdinipun punika kanthi aben-ajeng kadosdene ngendikan kaliyan kancanipun (ayat 11). Manungsa punika sejatosipun boten saged aben-ajeng kaliyan Gusti Allah ingkang Mahasuci amargi tiyang dosa boten kiyat, boten tahan ngadhepi kamulyanipun Gusti. Pangandharing Toret 34:10 paring katrangan, “Ing sabanjure wus ora ana nabi maneh kang jumeneng ing antarane Israel kang madhani Nabi Musa, kang ditepangi dening Pangeran Yehuwah aben ajeng”.
Sejatosipun, kita punika ugi boten pantes sowan wonten ing ngarsanipun Gusti. Ananging, Gusti Yesus kepareng ngangkat kita dados mitra-mitranipun. Pakaryan salib nyirnakaken singgetan ing antawisipun manungsa dosa kaliyan Gusti Allah. Bab punika kagambaraken nalika Gusti Yesus masrahaken nyawanipun wonten ing kajeng salib, gubahipun Padaleman Suci punika suwek dados kalih (Markus 15:37-38). Ateges pangurbananipun Sang Kristus mbikak margi ingkang njalari kita kepareng sowan wonten ing ngarsanipun Gusti. Mila punika sumangga tansah ngabekti kanthi manah ingkang tulus, mirengaken lan nindakaken dhawuhipun Gusti kanthi setya. |*ERY
