NINIWE PINARINGAN PANGAKSAMI

NINIWE PINARINGAN PANGAKSAMI

“Apa iya Ingsun ora kudu ngeman marang Niniwe, kutha kang gedhe iku, kang pendhudhuke luwih saka satus rongpuluh ewu, kang durung weruh bedane tangan tengen karo tangan kiwa, sarta kang kewane luwih dening akeh iku?” (Yunus 4:11)

Wonten ing Kitab Yunus, dipun cariyosaken satunggaling kitha ingkang naminipun Niniwe (sapunika kalebet wilayah Irak). Tiyang ing Niniwe punika sami nglampahi gesang ingkang boten prayogi. Bab awonipun tiyang Niniwe punika sampun kawentar ngantos nabi Yunus ingkang manggen wonten ing Gat-Hefer (2 Para Raja 14:25) ing tlatah Galilea mawon mangertosi kawontenanipun punika.

Nabi Yunus dipun utus dening Gusti kangge melehaken tiyang Niniwe bab dosa-dosanipun. Ing sakawit nabi Yunus punika boten purun netepi timbalanipun Gusti, piyambakipun kesah tumuju dhateng ing Tarsis. Ananging piyambakipun boten saged enda saking panguwaosipun Gusti. Purun boten purun, kedah netepi dhawuhipun Gusti. Pramila saklajengipun nabi Yunus punika mangkat dhateng Niniwe lan martosaken paukumanipun Gusti. Nalika mireng bab paukumanipun Gusti, tiyang Niniwe sami nelangsani dosa lan mratobat. Bab punika dados renaning penggalihipun Gusti satemah Panjenenganipun boten estu ndawahaken paukuman tumrap Niniwe (Yunus 3:10). Nabi Yunus pranyata boten lila legawa manawi tiyang Niniwe punika nampi pangaksami, mila piyambakipun kesuh, jengkel lan protes dhumateng Gusti. Ananging Gusti Allah kanthi sabar nelakaken bilih Panjenenganipun punika saestu tresna dhateng sadaya titahipun, kalebet tiyang Niniwe ingkang sampun mratobat.

Para sadherek, punapa kita ugi rumaos boten lila legawa manawi ningali tiyang ingkang kita anggep awon nampi kagurahanipun Gusti? Sikep punika boten jumbuh kaliyan karsanipun Gusti. Saestu, Gusti Allah punika kebak ing katresnan, Panjenenganipun ngersakaken sadaya tiyang nampi sih rahmat kawilujengan. Mila, sumangga masrahaken gesang dados pirantosipun Gusti ing salebeting mbabaraken kawilujengan sejati. |*ERY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline