“Lah apa pasa kang kaya mangkene iki kang Sunkarsakake, tuwin nganakake dina kanggo ngesorake badan, manawa sira ndhingkluk kaya glagah lan njereng bagor sarta awu sira anggo lemek turu? Apa iku kang sira arani pasa, nganakake dina kang dadi keparenge Pangeran Yehuwah?” (Yesaya 58:5 )
Limrahipun tiyang nganggep bilih pasa utawi siyam punika ngengingi bab boten ngombe lan boten nedhi. Manawi sampun nglampahi ingkang mekaten rumaos sampun saestu pasa. Inggih punika ingkang dipun lampahi dening umatipun Gusti ing jaman Nabi Yesaya. Umatipun Gusti punika tansah nglampahi punapa ingkang dados kawajiban agaminipun kalebet pasa. Emanipun, pasa punika boten dipunsarengi tumindak ingkang prayogi. Pramila, lumantar Nabi Yesaya, Gusti Allah melehaken umatipun, “Ing nalikane sira pasa nyatane sira isih tetep ngurus urusanira, tuwin sira padha ngerasi sakehing buruhira. Sanyatane anggonira padha pasa iku kalawan padu lan regejegan sarta kalawan ngantemi tanpa reringa …” (Yesaya 58:3-4).
Pasa ingkang dipun kersakaken dening Gusti inggih punika saestu ngasoraken dhiri wonten ing ngarsanipun Gusti. Tiyang ingkang ngasoraken dhirinipun punika boten badhe gumunggung lan nengenaken kepentinganipun pribadi. Pasa ingkang sejati punika nyingkur badanipun piyambak lajeng sumadya ngladosi karsanipun Gusti. Gusti Allah ngersakaken supados umatipun tansah andum katresnan lan ngudi karaharjaning gesang kanthi nguculi blengguning gambek siya, ngudhari tali-talining pasangan, ngluwari tiyang ingkang kinaniaya, andum tetedhan dhateng ingkang keluwen, lan sapiturutipun (ayat 6-7).
Ing jaman samangke, kathah tiyang Kristen ingkang nglampahi siyam ing mangsa pra-paskah. Bab punika sampun ngantos kelampahan minangka formalitas utawi namung ikut-ikutan kemawon. Pasa ingkang dipun lampahi kadadosna sarana nelakaken pamratobat lan kangge nggladhi dhiri supados tansah sumuyud nindakaken karsanipun Gusti. |*ERY
