SAMPUN NGANTOS KOMPROMI

SAMPUN NGANTOS KOMPROMI

“Ing kono Gusti Yesus banjur ngandika marang Iblis: Wis, lungaa, setan! Sabab ana tulisan mangkene: Pangeran Allahira kang kudu sira sembah lan Panjenengane Piyambak kang kudu sira abekteni”  (Mateus 4:10)

Kita sami mangertos bilih Iblis punika tansah mbudidaya bab ingkang cengkah kaliyan karsanipun Gusti Allah. Iblis punika tansah nggodha manungsa kangge nerak angger-anggeripun Gusti. Gusti Yesus sampun paring tuladha dhateng para kagunganipun supados tansah waspada sampun ngantos kenging godha dening Iblis. Gusti Yesus nundhung Ilbis ingkang nggodha Panjenenganipun, “Wis, lungaa, setan!”. Gusti Yesus boten badhe kompromi kaliyan Iblis.

Manawi kita niteni gesanging manungsa, pranyata taksih kathah ingkang remen kekancan kaliyan Iblis. Iblis punika saged kita prangguli kanthi wujud ingkang mawerni-werni, kadosdene Judi Online, Miras, Narkoba, pergaulan bebas, korupsi, nindhes sesami, KDRT, budi kethaha, lan sapiturutipun. Sadaya punika ndhatengaken kasisahan lan ndadosaken kasangsaraning manungsa, sinaosa mekaten tansah dipun lampahi dening manungsa.

Minangka pendherekipun Gusti Yesus, kita tinimbalan mujudaken gesang ingkang tansah waspada, sampun ngantos kagodha dening Iblis. Wonten pitembungan, “Kejahatan terjadi bukan hanya karena ada niat pelakunya tetapi karena ada kesempatan”. Mila punika sampun ngantos aweh kesempatan dhateng Iblis (ingkang awujud punapa kemawon) kangge nggodha kita. Caranipun inggih punika tansah njagi sesambetan ingkang raket kaliyan Gusti. Sumangga tansah nyuwun pitulunganipun Gusti supados kita saged ngadhepi panggodhaning Iblis.

Sikep boten kompromi kaliyan Iblis punika wigati kita udi. Kadosdene Gusti Yesus ingkang kanthi tegas nundhung Iblis, “Wus, lungaa, setan!” |*ERY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline