KUDU BISA NELUKAKE

KUDU BISA NELUKAKE

“Yen sira gawe becik apa ulatira ora bakal padhang? Nanging manawa sira ora gawe becik, si dosa wus ndhedhep ana ing ngarep lawang sarta banget anggone nggodha sira, nanging sira kudu bisa nelukake”

(Purwaning Dumadi 4:7)

Limrahipun, nalika tiyang nembe ngraosaken bab ingkang sekeca ing manahipun, kadosdene raos sedhih, kuciwa, nesu, pasuryanipun badhe ketingal murung, boten sumringah. Punika ugi ingkang kedadosan nalika Kain rumaos kuciwa lan nesu nalika piyambakipun ningali bilih Gusti Allah langkung karenan dhateng kurbanipun Abel. Bab punika ndadosaken manahipun panas lan rainipun peteng. Mbok manawi piyambakipun rumaos Gusti Allah boten adil, langkung nresnani Abel rayinipun.

Ananging punapa leres Gusti Allah boten nggatosaken Kain? Saestu boten leres. Gusti Allah ugi tresna lan nggatosaken Kain, buktinipun Gusti Allah ndangu Kain: “Yagene atinira panas lan yagene ulatira peteng?”. Gusti Allah saklajengipun paring pepenget dhateng Kain, Yen sira gawe becik apa ulatira ora bakal padhang? Nanging manawa sira ora gawe becik, si dosa wus ndhedhep ana ing ngarep lawang sarta banget anggone nggodha sira, nanging sira kudu bisa nelukake”. Punika wujuding katresanipun Gusti dhateng Kain. Emanipun Kain boten nampi ngestokaken pangandikanipun Gusti. Piyambakipun boten mbudidaya nelukake panggodahning dosa, malah manut pangrehing dosa. Punika ingkang ndadosaken piyambakipun boten saged nindakaken kasaenan, malah lajeng mejahi rayinipun.

Pangandikanipun Gusti Allah dhateng Kain ing Purwaning Dumadi 4:7 punika paring pitedah dhateng kita. Nalika manah kita rumaos peteng, ampun ngantos paring kesempatan dhateng dosa kangge nguwaosi kita. Kita kedah nelukake panggodhaning dosa. Caranipun kadospundi? Inggih kanthi mbudidaya nindakaken kasaenan. Kanthi nindakaken kasaenan, tegesipun kita punika ngestokaken dhawuhipun Gusti lan mbangun turut dhumateng Gusti. Sikep mbangun turut dhumateng Gusti punika tegesipun boten manut dhateng Iblis, kanthi mekaten kita sami nelukake utawi ngawonaken pangrehing dosa. Tansah estokna pangandikanipun Gusti! Amin. |*ERY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline