AMPUN NGANTOS ICAL

AMPUN NGANTOS ICAL

“Mangkono uga Ramamu kang ana ing swarga ora ngarsakake ilange bocah iki siji bae” (Mateus 18:14)

Minangka umat kagunganipun Gusti Allah, kita punika asring mbalela, asring mlajar, boten purun dipun atur karana rumaos sampun saged milih margi piyambak. Kanthi mekaten, kita malah dados kesasar lan dhawah wonten ing pacoben. Sanadyan sampun dhawah, kita ugi asring taksih rumaos saged uwal saking masalah kanthi kekiyatan kita piyambak. Kasunyatanipun kekiyatan kita punika dangu-dangu sangsaya suda, lan wusananipun telas. Kados pundi kita badhe nulungi diri kita piyambak manawi pranyata kita boten gadhah daya lan panguwaos?

Puji konjuk Gusti, dene Panjenenganipun punika Allah ingkang Mahatresna. Gusti Allah boten ngersakaken para kagunganipun ical lan kesasar. Kadosdene pangen ingkang tansah mbudidaya njagi menda-mendanipun, inggih kados mekaten anggenipun Gustii Allah tansah njagi umat kagunganipun. Nalika wonten ingkang kesasar ing lampahipun, Sang Pangen punika kepareng madosi mendanipun. Ingkang dhawah ing jurang, dipun tulungi sinaosa kedah ngetohaken nyawanipun.

Minangka para mendanipun Gusti, punapa kita tansah ngraos-raosaken katresnanipun Gusti punika? Saben kita punika kaanggep aji wonten ing ngarsanipun Gusti. Mila punika kita kaatag tansah gatos-ginatosaken ing gesang punika. Manawi wonten sadherek ingkang mblasar, ingkang nebih saking marginipun Gusti. Punika dados kewajiban kita kangge mbudidaya nulungi sadherek punika supados boten ngantos kesasar lan ical.

Pancen, bab punika boten gampil katindakaken. Ananging pitadosa, kita punika boten makarya piyambakan, Sang Roh Suci badhe nganthi lan mitulungi kita nindakaken timbalan punika. |*ERY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline