“Padha ngrungokna Ingsun, he sira kang padha sumurup marang ing kabeneran, he bangsa kang nyimpen piwulangSun ana ing sajroning atinira! Aja padha wedi manawa padha kawewada dening manungsa lan aja padha kaget manawa kaala-ala.” (Yesaya 51:7)
“Jujur iku ajur”. Tembung punika asring ndadosaken tiyang nglokro, ajrih lan kuwatos manawi badhe jujur. Mila kathah ingkang lajeng tumindak boten jujur. Pancen, ing gesang padintenan asring kelampah, tiyang ingkang jujur lampahipun kadosipun kok malah rekaos gesangipun. Wonten ugi tiyang jujur ingkang lajeng dipun sengit ngantos dipun singkiraken dening tiyang sanes. Kedadosan-kedadosan ingkang kados mekaten sangsaya damel semplah lan ndadosaken pesimis. Ananging punapa leres tiyang jujur punika mesthi badhe ajur?
Pangandikanipun Gusti lumantar Nabi Yesaya, nandhesaken bilih Gusti Allah ngersakaken umatipun tansah tuhu setya lumampah lan nindakaken kabeneran. Pancen, kangge nindakaken bab punika kathah pepalangipun. Ananging Gusti Allah ngiyataken umatipun supados ampun ngantos ajrih dhateng manungsa. Sinaosa dipun pitenah lan dipun sengit dening tiyang sanes, umatipun Gusti ampun ngantos giris. Sejatosipun, daya kekiyataning manungsa punika boten langgeng, kosokwangsulipun panguwaosipun Gusti Allah punika langgeng salami-laminipun. Inggih namung Gusti Allah ingkang kagungan panguwaos mengku gesang lan pejah, namung Gusti Allah ingkang saged milujengaken.
Payo sami mbudidaya tumindak jujur lan lumampah ing marginipun Gusti, tansah tatag mbelani kabeneran lan kaadilan. Punika gesang ingkang aji wonten ing ngarsanipun Gusti. Kita katimbalan ngabekti lan ngaosi Gusti Allah nglangkungi raos urmat lan ajrih kita dhateng manungsa. |*EW
