PANGAPUNTEN

PANGAPUNTEN

 “Marga kabeh wong wis padha gawe dosa sarta koncatan ing kamulyaning Allah, lan padha kabenerake kanthi lelahanan awit saka sih-rahmate lumantar panebuse Sang Kristus Yesus” (Rum 3:23-24)

 “Saha Paduka mugi ngapunten kalepatan kawula, kadosdene kawula inggih ngapunten tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula.” Punika salah satunggaling perangan saking Donga Rama Kawula. Tuwuh pitakenanipun, ing gesang kita padintenan ingkang nyata, punapa kita saestu purun ngapunten tiyang ingkang lepat dhateng kita? Swawi kita raos-raosaken malih, kita galih malih kanthi temen.

Minangka umat tebusanipun Gusti, prayogi kita tansah caos sokur dhumateng Gusti Yesus awit Panjenenganipun sampun paring pangapuntening dosa. Sedaya punika sampun kita tampi karana sih-rahmatipun Gusti Yesus. Rasul Paulus nandhesaken bilih para pitados punika sampun nampi sih rahmatipun Gusti kanthi lelahanan.

Palimirmanipun Gusti ingkang agung punika prayogi tansah mbereg kita kangge mbikak korining manah lan purun ngapunteni sesami. Tamtu prekawis punika boten gampil katindakaken, awit kita taksih nggadhahi sipat egois. Kadangkala rumaos bilih kita ingkang bener piyambak lan tiyang sanes ingkang lepat. Kita nuntut tiyang sanes nyuwun pangapunten langkung rumiyin, lajeng kita badhe ngapunten tiyang punika. Kita asring kesupen bilih kita ugi nate damel lepat dhateng sesame lan gesang kita boten sampurna wonten ing ngarsanipun Gusti.

Dinten punika kita kaengetaken malih bab pangapuntening dosa, swawi kita mboten namung nyuwun dhumateng Gusti Yesus supados sedaya dosa lan kalepatan kita dipun apunteni. Ananging, sumangga kita tansah ngapunten tetiyang ingkang lepat dhateng kita kanthi tulusing manah, kanthi ikhlas lan legawa. Sarana tumindak mekaten saestu kita saged ngraosaken tentrem rahayu ingkang wetah saking Gusti. |*EW

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline