Sabtu, 07 Maret 2026
Waosan : Jabur 95 : 1 – 11 | Pamuji : KPJ. 159
–
“Ing dinten iki kowe bok ya padha ngrungokake swarane! Sira aja mangkotake atinira.” (Ayat 7b-8a)
NGABEKTI MRING GUSTI
Ing mangsa Pra-Paskah punika, lampahing gesang kita minangka umat kagunganipun Gusti saged dipun sebat mlampah ing gesang suci. Artosipun lampah gesang ingkang kita tempuh, inggih punika tumuju dhateng pangapunten lan gesang enggal. Kita ugi dipun ajak sami niti priksa kahanan gesang kita, nggatosaken gesang kita, “Punapa gesang kita sampun trep kaliyan karsaning Gusti punapa dereng?” Kados pelayar ingkang mriksa lan ningali kompasipun nalika badhe mlampah tebih, kita kedah nglurusaken arah manah lan gesang kita tumuju dhumateng Gusti ing sadengah kahanan gesang kita.
Kaserat wonten ing Kitab Jabur 95:7b-8a, “…ing dinten punika, menawi panjenengan sami mireng swantenipun, sampun ngantos wangkot manah panjenengan.” Ayat punika dados pitutur agung saking Gusti ingkang Maha Kuwaos. Gusti punika Sang Pangon ingkang nuntun umat-Ipun lumampah ing margi kawilujengan. Lan kita punika umat kagungan-Ipun Gusti ingkang dipun tresnani. Panjenenganipun tansah maringi pitedah sarta pangayoman dhateng kita. Ing mangsa Pra-Paskah punika, kita sami dipun engetaken dhateng pangurbananipun Gusti Yesus ing kajeng salib. Gusti Yesus sampun nebus dosa-dosa kita lan nuntun kita dhateng gesang langgeng ing swarga. Pangurbananipun dados pratandha katresnanipun Gusti ingkang tanpa winates, lan dados dhasar sadaya pangapuntening dosa lan kawilujengan ingkang kita tampi.
Mila, kados pelayar ingkang ginakaken kompas salebeting pelayananipun, kita ugi ginakaken iman dhumateng Gusti supados lampah gesang kita boten kesasar. Mekatena kita ugi kedah ngabekti, mirengaken swantenipun Gusti kanthi setya. Swantenipun Gusti Yesus punika ingkang dados panuntun gesang kita supados mboten kesasar. Sampun ngantos kita wangkot ing manah tumrap dhawuhipun Gusti. Sumangga kita tansah nyelak dhumateng Gusti, setya ndedonga kanthi tulus, ngakeni dosa-dosa kita, lan wangsul dhumateng PanjenenganiPun. Mangsa Pra-Paskah punika wekdal kangge kita ngenggalaken manah supados gesang kita tansah miturut karsanipun Gusti ingkang Maha Suci. Amin. [Prist]
“Ngabekti mring Gusti, tentreming ati.”
