MIWITI PAKARYAN SRANA DONGA

MIWITI PAKARYAN SRANA DONGA

Senin, 09 Maret 2026

Waosan : Purwaning Dumadi 24 : 1 – 27       |     Pamuji : KPJ. 346A

“Abdi mau tumuli matur, “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun bendara kawula Abraham, ing dinten punika kawula mugi Paduka parengaken saged ngrampungi damel, sarta mugi karsaa paring sih kamirahan dhateng bendara kawula Abraham.”  (Ayat 12)

MIWITI PAKARYAN SRANA DONGA

Punapa ingkang panjenengan tindakaken nalika miwiti dinten ingkang enggal? Wangsulanipun tamtu macem-macem, wonten ingkang langsung mbikak HP, wonten ingkang langsung dhateng pawon saperlu nyawisaken tetedhan kangge sarapan, wonten ugi ingkang dhateng jeding saperlu resik-resik badan lajeng siap-siap nyambut damel. Saking maneka warni kegiatan ingkang kita tindakaken ing wanci enjing punika, punapa kita kagungan wekdal kagem Gusti, nyawisaken manah kangge dedonga sak derengipun nindakaken sadaya kegiatan rutin punika? Kedahipun kita kagungan wekdal kagem Gusti, wekdal kagem dedonga dhumateng Gusti, ngaturaken saos sokur taksih kaparingan gesang ing dinten enggal punika, sarta dedonga masrahaken sadaya rancangan, tumindak, gesang kita wonten astan-Ipun Gusti. Punika ingkang kedah dados pakulinan kita.

Waosan kita ing dinten punika nyariosaken Abraham ingkang ngutus Eliezer abdinipun ingkang paling sepuh kangge madosaken semahipun Ishak saking sanak sedherekipun Abraham piyambak ing Haran (Ay. 2-9). Sak derengipun Eliezer nindakaken tugasipun, piyambakipun dedonga dhumateng Gusti Allah. Piyambakipun mboten ngandelaken kakiyatanipun piyambak, nanging nyuwun petunjuk supados mboten salah pilih. Isining pandonganipun Eliezer, “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun bendara Abraham, ing dinten punika kawula mugi Paduka parengaken saged ngrampungi damel, sarta mugi karsaa paring sih kamirahan dhateng bendara kawula Abraham.” (Ay. 12). Saking pandonganipun Eliezer punika, Gusti Allah nuntun piyambakipun sarta nunjukaken Ribka ingkang dados semahipun Ishak.

Donga punika wujud komunikasi kita kaliyan Gusti. Lumantar donga, kita ngaturaken panuwun sokur, ngaken dosa, nyuwun kacekapan berkah lan pitulungan dhumateng Gusti. Donga kedah dados pakulinan gesang kita. Sadaya ingkang badhe kita tindakaken, kita wiwiti srana donga, ingkang tegesipun kita masrahaken rancangan gesang kita wonten astanipun Gusti. Kita pitados Gusti tansah nganthi lan nuntun lampah gesang kita. Srana donga punika, manah kita bakal ayem, pikiran kita bakal anteng lan pakaryan kita bakal nuwuhaken kasaenan. Mangga kita wiwit sadaya pakaryan lan gesang kita srana donga. Gusti tansah mirengaken lan mberkahi lampah gesang kita. Amin. [AR].

“Donga punika kakiyatan kita kangge ngayahi timbalan lan pakaryan gesang kita.”

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline