BANYU PANGURIPAN

BANYU PANGURIPAN

Rabu, 11 Maret 2026

Waosan : Yeremia 2 : 4 – 13  │   Pamuji : KPJ. 52

“Amarga umatingSun nglakoni dosa kaping pindho: padha nyingkur Ingsun, kang dadi tuking banyu urip, nedya ndhudhuk blumbang kanggo awake dhewe, yaiku blumbang kang borot, kang ora bisa madhahi banyu.” (Ayat 13)

BANYU PANGURIPAN

Wiwit taun 2000-an kita gesang ing era digital. Sadaya kegiatan ingkang kita lampahi  ngginakaken barang-barang elektronik, langkung-langkung kangge media komunikasi kita damel  HP (Handphone). Kathah tiyang kagungan HP, amargi HP punika saged mbantu kegiatan kita sadinten-dinten, kados telpon, video call, blanja online, sinau online, lsp. Nanging kawontenan HP ugi saged dipun ginakaken kanthi keliru. Contonipun langkung remen kagungan rencang wonten dunia maya, tinimbang rencang wonten dunia nyata ngantos gesangipun klendran. Kedahipun pigesangan saben dinten punika ingkang kita rimati sesarengan kaliyan sesami. Punapa ta ingkang kita padosi wonten dunia maya?

Yeremia 2:4-13 nyariosaken bangsa Israel ingkang nyingkur Gusti Allah (Ay. 5). Kanyatanipun Gusti Allah ingkang paring pangluwaran dhateng Bangsa Israel, inggih punika nuntun bangsa Israel medal saking Mesir (Ay. 6). Gusti Allah ugi ingkang mimpin lan ngrimati Bangsa Israel dhateng tanah Prajanjian ingkang langkung sae (Ay. 7). Kasunyatanipun Bangsa Israel malah nyingkur Gusti, mboten namung sepisan, nanging kaping kalih (Ay. 13). Padahal sampun cetha sanget, bilih Gusti Allah ingkang dipun tilar punika ingkang dados etuking gesang, banyu panguripan kangge Bangsa Israel. Ing ngriki Bangsa Israel langkung milih dunia maya tinimbang dunia nyata.

Lampahing gesang kita ing donya punika mboten kalis saking godha lan pacoban. Kados ing era digital samangke. Mila anggen kita ngadepi sadaya punika, kita kedah ngginakaken kawicaksanan saking Gusti supados kita mboten kadlarung wonten ing gesang ingkang mboten trep. Bilih kita dawah ing dosa, kadlarung ing gesang ingkang tebih saking Gusti, sumangga kita ngakeni sadaya kalepatan kita punika. Sampun ngantos kita kados bangsa Israel, ingkang sampun dipun paringi pangluwaran malah nyingkur Gusti. Ing mangsa Pra Paskah punika, sumangga kita sami ngakeni winatesing gesang kita lan nyuwun pitulungan dhumateng Gusti Allah. Kita pitados namung Gusti Allah ingkang dados banyu panguripan kita, Gusti ingkang paring kaayeman, kasantosan lan katentreman ing gesang kita sadinten-dinten. Amin. [CDS].

“Etuking gesang iku Gusti Yesus”

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline