Minggu, 15 Maret 2026
Waosan : Yokanan 9 : 1 – 41 | Pamuji : KPJ. 15
–
“Pangandikane Gusti Yesus: “Manawa kowe wutaa, mesthi padha ora duwe dosa. Nanging sarehne saiki kowe padha kandha: Aku padha ndeleng, dadi tetep dosamu.”
(Ayat 41)
ISO NYAWANG
Ing 15 Maret 1672, Ratu Charles II ngedalaken Deklarasi Pengampunan Kerajaan (Royal Declaration of Indulgence) kangge para tiyang ingkang mbrontak dhateng Greja Inggris. Nanging Deklarasi Pengampunan ingkang katingal nentremaken punika, mboten saged dipun tampi saben tiyang. Awit taksih kathah tiyang ingkang dereng saged ningali prekawis katentreman, ingkang kedah dipun wangun dening sesami tiyang pitados. Bilih Gusti Allah karsa paring pangapunten dhateng sadaya tiyang ingkang mratobat, nanging kasunyatanipun taksih kathah tiyang ingkang dereng saged ngapunten kalepatan sedherekipun.
Cariyos tiyang wuta wiwit lair ingkang melek awit mukjijatipun Gusti Yesus dados viral. Kathah tiyang ingkang pengen nyekseni, kalebet tiyang Yahudi ingkang lajeng ndhedes pripun larah-larahanipun tiyang kalawau saged melek. Tiyang wuta kalawau lajeng atur paseksi lan nganggep Gusti Yesus punika nabi (Ay. 17). Langkung malih, tiyang wau nampi tuwuhing iman lajeng pitados dhumateng Gusti Yesus (Ay. 35-38). Sadaya wau saged kalampahan awit tiyang punika mangsulipakaryanipun Gusti Yesus kanthi trep. Emanipun taksih wonten tiyang-tiyang Farisi ingkang rumaos paling bener bab iman, saleh, lan mangertos Kitab Suci, malah dados wuta ing ngarsanipun Gusti Yesus (Ay. 39). Tiyang-tiyang punika dados wuta awit nampik pakaryanipun Gusti Yesus lan namung ngugemi pemanggihipun piyambak. Saumpami tiyang-tiyang Farisi kalawau purun ngakeni bilih “wuta”, tamtu dosa-dosanipun badhe dipun apunten. Gusti Yesus ngagem tembung “wuta” kanthi teges “kesasar lan purun ditulung”. Nanging, awit sami wangkot lan mboten purun ngakeni dosa, mboten wonten pangapunten dosa (Ay. 41). Wusananipun, pitakenanipun para sakabat kajawab, bilih tiyang wuta wiwit lair mula punika dados sarana pakaryanipun Gusti Yesus paring piwucal bab pamratobat.
Lelampahan tiyang pitados prasasat gesang ingkang sampun melek. Inggih melek bab katresnanipun Gusti ingkang sampun paring wekdal kagem manungsa ingkang kesasar saged wangsul malih. Mangga sami nglenggana bilih kita punika pancen tiyang ingkang taksih blawur, bilih mboten purun dipun wastani wuta. Kita taksih mbetahaken pangreksanipun Gusti ing gesang padintenan. Mangga kita lila dipun tuntun murih lampah gesang kita saged tumuju kawilujengan langgeng. Amin. [jarwi].
“Rahayu wong kang padha ora ndeleng, nanging kumandel.”
