TAHAN

TAHAN

Jumat, 27 Maret 2026

Waosan : Ayub 13 : 13 – 19     |     Pamuji : KPJ. 375

“Delengen, Panjenengane arep mateni aku, aku wus ora duwe pengarep-arep, ewadene aku arep ngaturake panjawab ing bab lakuku ana ing ngarsane.” (Ayat 15)

TAHAN

Banyak perkara yang tak dapat kumengerti.

Mengapakah harus terjadi di dalam kehidupan ini.

Satu perkara yang kusimpan dalam hati.

Tiada satupun yang terjadi tanpa Allah peduli.

Allah mengerti, Allah peduli, segala persoalan yang kita hadapi….

Punika tembang saking pujian Allah Peduli. Tembang punika asring kita pujekaken nalika kita ngraosaken kawontenan gesang ingkang awrat. Sanadyan mekaten kita tetap pitados bilih Gusti Allah punika mangertos kahanan kita, peduli dhateng kawontenan kita, lan karsa nulungi kita.

Waosan kita nyariosaken Ayub ingkang ngadepi tuduhan rencangipun. Tuduhan punika ndamel tatuning manah piyambakipun, kadosipun mboten wonten malih pangajeng-ajeng ing gesangipun. Nanging Ayub mboten nyerah. Piyambakipun tetep milih setya dhumateng Gusti sarta mboten kecalan pangajeng-ajeng dhumateng Gusti. Ing ayat 15 kasebataken Ayub maringi gegambaran bilih ingkang dados sumbering kakiyatanipun, inggih punika Gusti Allah. Sanadyan bilih Gusti badhe mundhut nyawanipun, Ayub tetep pitados. Kapitadosanipun Gesangipun Ayub punika mboten gumantung kaliyan kahanan ing gesang ingkang dipun alami, nanging gumantung kaliyan Gusti Allah Sang Sumbering Gesang. Piyambakipun tetep setya sowan dhumateng Gusti, ngaturaken sadaya isining manah ingkang kebak  panandhang kasangsaran.

Ing satengahing gesang kedahipun kita saged nuladhani Ayub. Ayub nggadhahi kapitadosan ingkang tangguh ing satengahing gesangipun. Ayub maringi patuladhan kangge kita, sampun ngantos kita ndadosaken kasangsaran gesang kita punika dados alesan kangge kita nebih saking Gusti, nanging saged ta kita jujur dhumateng Gusti. Ing satengahing pandonga lan pasambat ing manah, mangga kita sowan dhumateng Gusti. Awit mboten wonten panandhang ingkang mboten saged dipun adhepi nalika kita saestu mlampah tumuju ing Gusti. Gusti piyambak ingkang dados margi, kita nampi kraharjan. Amin. [SWS].

“Gusti ngreksa gesang kita.”

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline