AJA MÈRI

AJA MÈRI

1 April 2026

Waosan : Mateus 15:24

Gusti Yesus banjur mangsuli, pangandikane: “Aku mung kautus marani wedhus-wedhus Banisrael kang padha ilang bae.”

AJA MÈRI

Ing sawetawis bangsa lan suku bangsa wonten anggepan bilih lare mbajeng punika nggadhahi kalenggahan ingkang langkung utami, tinimbang adhik-adhikipun. Katitik menawi wonten suksesi raja ing satunggaling krajan ingkang dipunpilih rumiyin putra pambayun ingkang nggadhahi hak mirunggan (privilege), minangka raja putra nalendra (putra mahkota). Mekaten ugi ing masyarakat, lare pambajeng asring maliki kulawarga utawi tiyang sepuhipun, ing sadhengah kalodhangan.

Ing pasemon punika, lare pambajeng nginten menawi bapakipun boten adil. Rikala adhikipun ingkang mlajar saking griya lan dipunanggep lare ical, awit sampun nyuwun warisan bageanipun, mangka bapakipun tasih gesang. Tumunten wangsul dhateng griya malih ing kawontenan mlarat. Dening bapakipun dipuntampi lan dipunrengkuh kanthi sukarena, sarana bujana andrawina. Putra pambajeng boten remen; meri, srei lan panasten, awit adhikipun ingkang sampun ngebreh arta. Lare pambajeng ingkang mituhu sadangunipun gesang sesarengan kaliyan bapakipun, sampun nggadhahi samudayanipun ing griyanipun. Nanging rumaos boten nggadhahi hak mirunggan, rumaos boten gadhah punapa-punapa, namung rumaos minangka batur. Mangka sejatosipun piyambakipun sampun nggadhahi hak istimewa minangka lare pambajeng. Piyambakipun rumaos mlarat, awit raos pangraosipun tasih kadunungan sipat meri, drengki lan kecalan katresnan dhumateng adhikipun. Sampun rumaos kecalan berkah-berkah ingkang sejatosipun sampun dados regemanipun ing griya bapakipun.

            Ing kala mangsanipun minangka tiyang Kristen, kadhang kawis kita nggadhahi raos mekaten; kadosdene lare pambajeng. Gesang boten wonten suka rena lan boten gadhah raos panuwun dhumateng Gusti Allah. Mangka sejatosipun kita punika kaangkat dados putra-putranipun Gusti Allah, kaparingan hak mirunggan, ingkang boten dipun gadhahi dening tiyang sanesipun ing donya punika. Panjenengan lan kula sampun katebus dening Gusti Yesus, tumunten nglampahi pangabekten, ngladosi lan ngaturaken pisungsung kados netepi kuwajiban linambaran raos ajrih asih. Menawi kita rumaos tasih minangka tiyang dosa lan gesang ing pepeteng, lan badhe nampi paukuman, menika rumiyin. Samenika kita sampun kaparingan pangapunten lan kaparingan kanugrahan kawilujengan, pramila sampun samesthinipun nyingkur pikajeng piyambak tumunten ngrasuk gesang minangka putranipun Gusti Allah. (Iskandar MZ)

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline