16 April 2026
Waosan : 2 Para Raja 5:14
–
Kacariyos ing dalemipun Senapati Naaman wonten abdi wadon saking tanah Israel minangka tawanan perang. Lare estri kalawau tumuli matur dumateg bendara putri, “Menawi bendara karsa manggihi nabi ingkang wonten ing Samaria, nabi punika tamtu damel birating gerahipun bendara.”
Pramila Senapati Naaman ingkang gerah kusta tindak tumuju Samaria saperlu manggihi abdinipun Allah, inggih nabi Elisa, supados pikantuk kawaluyan. Ananging kuciwanipun, nabi Elisa mboten medal manggihi secara pribadhi, namung utusan abdinipun saha matur, “Panjenengan dalem kaaturan siram kaping pitu wonten ing benawi Yarden, temah sarira panjenengan dalem
badhe dados resik.”
Senapati Naaman kagungan ego ingkang inggil, rumaos dipun sepelekaken. Piyambake duka kanthi nemen. Cengkelak, kereta dipun puter walik saperlu enggal kondur dateng negari asalipun. Manahipun benter sanget, nepsunipun mboten saged kabendung, dhadhane umub.
Wonten ing kawonten ingkang makaten kalawau, para punggawa sami matur, “Bendara, saupami nabi punika matur, supados Bendara nglampahi padamelan ingkang awrat, Bendara rak inggih badhe nindakaken, ta? Punapa malih sapunika, nabi namung matur: Kawula aturi siram, temtu lajeng dados resik.”
Senapati Naaman lajeng mbucal gumunggungipun. Egonipun ingkang inggil dipun pangkas. Wonten rasa lembah manah thukul ing dhiri pribadhinipun. Kula mitadosi kanthi slulup ing benawi Yarden, Senapati Naaman kagungan panyuwun dateng Gusti Ingkang Mahakawasa, “Gusti mugi paring kasarasan dumateng kawula.”
“Ing kono panjenengane (Senapati Naaman) tumuli mandhap lan slulup kaping pitu ana ing bengawan Yarden netepi ature abdining Allah (nabi Elisa) mau, wasana sarirane banjur pulih maneh kaya awake bocah cilik, sarta wus dadi resik.”
Dadi resik, bahasa Indonesia ia menjadi tahir. Tahir tegesipun bersih, suci, murni. Kanthi slulup ing bengawan Yarden, Senapati Naaman pikantuk kasarasan badaniyah, dados tahir.
Gusti Yesus ngandika, “Sing sapa pracaya marang Aku iku kaya wiraose kitab: Ilen-ilen banyu urip bakal padha mili saka ing batine.” (Yokanan 7:38)
Sumangga sami nampi banyu urip. Pracaya marang Gusti Yesus Kristus. Puruna kairid ing tuking banyu kauripan dening Sang Cempe. Mangga sami ambyur lan slulup temah kita badhe dados tahir, bersih, suci, murni awit rahipun Sang Kristus. (GI. Em. Jasmin Tri)
