PANGURBANAN MRATANDHANI PAKURMATAN

PANGURBANAN MRATANDHANI PAKURMATAN

17 April 2026
Waosan : Mateus 26 : 6 – 13

Kula gadhah rencang nyambut damel minangka abdi dalem Kraton. Gajinipun minangka abdi dalem kirang saking setunggal atus ewu rupiah. Elokipun, rencang abdi dalem kalawau nyambut damel kanthi gumregah lan tumemen. Anggenipun kesah ngantor saben dinten wiwit enjing ngantos sonten. Sakwayah-wayah nampi timbalan, sanadyan ta sampun uwal jam ngantor, rencang abdi dalem kalawau inggih mboten enggal gage-gage. Kula nate pitaken, mekaten : ”Blanjane sithik wae kok mbok rewangi ngrekasa nganti ngono ta Kang?” Rencang abdi dalem kalawau mangsuli, mekaten : ” Jenenge wae abdi, ya kudu ngajeni sing diladeni ta Lik. Jenenge abdi dalem kraton ya kudu kurmat karo Sinuhun. Wujude pakurmat ya kaya sing taklakoni iki.”

Mateus 26 : 6 – 13 nyerat babagan wanita ingkang sanget anggenipun ngurmati Gusti Yesus. Wujud pakurmatipun kanthi caos lisah jebad ingkang awis sanget,  dhateng Gusti Yesus.  Wanita kalawau boten ngetang awising regi lisah jebad. Wanita kalawau ngetang kalenggahanipun Gusti Yesus ing gesangipun. Awit kalenggahanipun Gusti ingkang luhur tumrap wanita kalawau, matemah tuwuh pakurmat ingkang maujud ing pangurbanan. Para siswa ingkang mabeni wanita kalawau, awit kabiji ”ngeceh-ceh dhuwit”, yektosipun dereng dumugi pamawas dalah imanipun. Titikanipun punapa? Gusti Yesus nyarujuki lekasipun wanita kalawau. Wujudipun pakurmat inggih punika pangurbanan. Tiyang ingkang caos pakurmat dhateng Gusti tegesipun caos kurban dhateng Gusti. Boten wonten pakurmat menawi boten wonten pangurbanan. Tansaya ageng pakurmat, tansaya ageng ugi pangurbanan ingkang kacaosaken.

            Tiyang Kristen ingkang ngurmati Gusti inggih punika tiyang ingkang wantun caos kurban dhateng Gusti. Cak-cakan padintenan limbangan punika, kados ta : nalika caos pisungsung dhateng Gusti ing kegiatan-kegiatan pasamuwan, ampun angger kur. Sinau caos ingkang sae. Rohayu, Gusti Yesus mberkahi. (Pdt. Abednego Utomo Prasetyo)

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline