Selasa, 19 Mei
Roma 15:7-1305
15:7 Sebab itu terimalah satu akan yang lain, sama seperti Kristus juga telah menerima kita, untuk kemuliaan Allah. 15:8 Yang aku maksudkan ialah, bahwa oleh karena kebenaran Allah Kristus telah menjadi pelayan orang-orang bersunat untuk mengokohkan janji yang telah diberikan-Nya kepada nenek moyang kita, 15:9 dan untuk memungkinkan bangsa-bangsa, supaya mereka memuliakan Allah karena rahmat-Nya, seperti ada tertulis: “Sebab itu aku akan memuliakan Engkau di antara bangsa-bangsa dan menyanyikan mazmur bagi nama-Mu.” 15:10 Dan selanjutnya: “Bersukacitalah, hai bangsa-bangsa, dengan umat-Nya.” 15:11 Dan lagi: “Pujilah Tuhan, hai kamu semua bangsa-bangsa, dan biarlah segala suku bangsa memuji Dia.” 15:12 Dan selanjutnya kata Yesaya: “Taruk dari pangkal Isai akan terbit, dan Ia akan bangkit untuk memerintah bangsa-bangsa, dan kepada-Nyalah bangsa-bangsa akan menaruh harapan.” 15:13 Semoga Allah, sumber pengharapan, memenuhi kamu dengan segala sukacita dan damai sejahtera dalam iman kamu, supaya oleh kekuatan Roh Kudus kamu berlimpah-limpah dalam pengharapan.
Menapa sadherek ngalami kesisahan kangge nampi dhatengipun tiyang sanes? kathah-kathah tiyang gampil nampi rawuhipun tiyang sanes menawi tiyang menika sae menapa malih loma. Nanging, kados pundi menawi ingkang dugi ing gesang kula lan panjenengan inggih menika tiyang ingkang gadhah watak awon lan asring nyisahaken kula lan panjenegan ? tamtu mboten gampil nampi tiyang kalawau. Lumantar waosan ing menika kula panjenegan ningali pitutur Rasul Paulus supados ing paagesangan sami nampi setungal lan setunggalaipun .Pasamuwan Roma ingkang nampi serat Paulus menika madeg saking pinten-pinten tiyang kanthi latar belakang kabudayan lan tradisi ingkang benten . Ketingalipun karana benten malah ndamel tiyang ing Roma sedaya mboten saged nampi kawontenan sanes kepara sami menggalih awon tumrap liyan.
Saking kawontenan kasebat murugaken patunggilan ing Roma keancem ngalami padudon lan crah. Pramila, rasul Paulus paring pitutur tumrap sedaya supados sami-sami nampi kados Kristus sampun nampi sedaya manungsa kagem kaluhuran Asmanipun Gusti. Estu mboten sadayaning tiyang ing pagesangan gampil dipuntampi. Kadhang-kula lan panjenengan kedah gesang sareng tiyang ingkang nyisahaken, malah ndamel kula lan panjenengan rumaos mboten nyaman. Limrahipun tiyang-tiyang kados menika kula panjenengan tebihi amargi bandhe nyisahaken. Menapa sikap menika leres? emuta kados pundi Gusti Yesus sampun nampi kula lan panjenengan tiyang dosa. Sumangga kula lan penjenengan ngunjukaken pamartunuwun awit sih katresnanipun kanthi sami-sami nampi kados Kristus sampun nampi kula lan penjenengan sami.
