KAJABA KANTHI ROH SUCI

KAJABA KANTHI ROH SUCI

Senen, 1  Juni 2026 Minggu Trinitas

Ayub 38:39-39:12;  Jabur 29; 1 Korinta 12:1-3

KAJABA KANTHI ROH SUCI

“… ora ana wong kang bisa ngakoni: “Yesus iku Gusti,”  yen ora marga dening Sang Roh Suci” (1 Korinta 12:3)

Rasul Paulus saestu prihatos awit para pitados ing Pasamuwan Korinta punika kathah ingkang kenging penyakit sombong Rohani. Bab punika ketingal kanthi ciri ngunggul-unggulaken peparingipun Gusti ingkang dipun tampi — wonten ingkang pamer kabisanipun bab wawan rembag mawi basa roh, wonten ugi ingkang kepengin kaanggep langkung rohani awit saged nindakaken daya mukjijat, lan sanesipun malih sami mameraken bab kawaskithanipun.                      

Pramila, Rasul Paulus ngengetaken pasamuwan kanthi saestu bilih: karunia-karunia punika peparingipun Gusti. Tiyang ingkang nampi peparingipun Gusti punika sanes ateges langkung sae tinimbang tiyang sanesipun. Peparingipun Gusti punika namung sarana, piranti kangge ngluharaken asmanipun Gustilan nuntun kita dhateng pangaken iman ingkang sejati bab Gusti Yesus minangka Sang Mesih, Juruwilujeng. Mila punika boten pastes manawi tiyang pitados sami gumunggung.

Ing 1 Korinta 12:3, rasul Paulus ngandika mekaten:  “ora ana wong kang bisa ngakoni: “Yesus iku Gusti,” yen ora marga dening Sang Roh Suci”. Pangandika punika pancen ketingal prasaja, nanging  estunipun lebet sanget maknanipun. Rasul Paulus nandhesaken bilih pangaken kasebat asal-muasalipun saking panuntuning Sang Roh Suci. Kathah tiyang saged matur: Gusti Yesus. Ananging boten sadaya tiyang saestu ngakeni Gusti Yesus minangka tuking gesang lan kawijulengan saha nglampahi gesang ingkang mbangun turut dhumateng Gusti. Manungsa kanthi kodratipun asring kepengin mardika, nglampahi gesang miturut pikajengipun piyambak. Nanging Gusti Yesus nimbali kita sumarah dhateng pangrehipun Sang Roh Suci. Namung Roh Suci ingkang saged mranata manah kita ingkang atos punika, lan nuntun kita ngucap kanthi jujur ngakeni: “Yesus punika Gustiku.” Sang Roh Suci ingkang nuntun manungsa dosa, mbikak mripating karohanen lan maringi kapitadosan. Inggih namung Sang Roh Suci ingkang madhangi gesang kita satemah saged nampi paseksinipun Kitab Suci lan nglampahi gesang ingkang sembada. Amin. |*LES

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline