Slasa, 2 Juni 2025 Minggu Trinitas
Ayub 39:13–25; Jabur 29; 1 Korinta 12:4–13
PANGANDIKA, PANGWASA, PANYANGGANING ROH SUCI
“He para kang manggon ing swarga, pratelakna manawa Sang Yehuwah,
ya mung Sang Yehuwah iku kang kagungan kamulyan lan kakiyatan!” (Jabur 29:1)
Gusti Allah punika kagungan daya, pangwasa, saha katresnan ingkang kapratela wonten ing samukawis; ingkang cinipta wonten ing sedaya pakaryanipun. Kitab Ayub 39 nelakaken bab kewan-kewan ingkang pinilih dening Gusti: manuk unta, jaran perang, saha kekiyatanipun. Sanajan sedaya makluk punika ketingal boten sampurna, nanging Gusti tansah maringi sih lan rinimat supados saben makluk nglakoni peranipun piyambak-piyambak ing jagad punika.
Jabur 29 ngandharaken bilih swantenipun Gusti punika mirunggan, pinanggih ing gludhug, banyu, lan mega, nanging ugi mratelakaken katentreman. “Swantene Sang Yehuwah kebak kakuwatan, swantene Sang Yehuwah kebak kamulyan” (ayat 4), nanging ing wekdal ingkang sami, Gusti paring tentrem rahayu dhateng umatipun. Piwulang punika ngengetaken kita sami, bilih panguwaosipun Gusti boten asipat nggetak utawi ngajrih-ajrihi, nanging malah nuwuhaken katresnan, pangayoman, saha panglipur.
Woten ing 1 Korinta 12:4–13, kita manggihaken bilih Sang Roh Suci pranyata paring daya, ugi paring pepadhang, kalebet piwulang, kawicaksanan, iman, karohanen, lan basa-basa ingkang anyar. Ateges, saben tiyang ing pasamuwan punika kadunungan kalenggahan mirunggan, nanging sedaya punika asali-muasalipun saking Roh ingkang sami. Rohing Gusti Allah ingkang suci. Kita katunggilaken dados satunggal wonten ing Sang Kristus. Alandhesan Sabdaning Gusti, kita manggihaken bab-bab ing wigati: (1) Gusti Allah punika Mahakuwaos, nanging ugi maringi katentreman (Jabur 29), (2) Sang Roh Suci maringi maneka warni karunia ingkang migunani tumrap gesang patunggilan (1 Korinta 12), (3) saben tiyang pitados kaparingan peran ingkang unik, kadosta manuk unta utawi jaran perang (Ayub 39), murih sedaya titah nindakaken timbalanipun piyambak-piyambak. Mekaten ugi kita, kaatag tansah makarya ing gesang kita saben dinten katur kagem kaluhuraning Gusti Allah. |*LES
