GUSTI MIDHANGETAKE PASAMBATKU

GUSTI MIDHANGETAKE PASAMBATKU

Jemuwah, 5 Juni 2026 Minggu Trinitas

Kidung Pangadhuh 3:40-58; Jabur 50:7-15; Lelakone Para Rasul 28:1-10

GUSTI MIDHANGETAKE PASAMBATKU

“Mara, payo padha naliti lan mriksa urip kita, sarta padha bali sowan marang Sang Yehuwah” (Kidung Pangadhuh 3:40)

Saben tiyang ingkang gesang, mesthi nate ngalami wekdal ing swasana peteng — wekdal angel, sangsara, sakit, utawi cilaka. Nanging ing satengahing pepeteng ingkang mekaten punika punika, Gusti Allah tansah asung pitulung, midhangetake pasambat kita, lan ngluwari kita saking karubedan. Kidung Pangadhuh 3:40–58 ngatag kita  mekaten: “Mara, payo padha naliti lan mriksa urip kita, sarta padha bali sowan marang Sang Yehuwah.” Punika dados pratandha bilih pangajeng-ajeng ing Gusti boten badhe  muspra.

Gusti rawuh, mitulungi, lan ngendika: “Aja wedi!” Mitrurut paseksi ing Jabur 50:7–15 nedahaken bilih Gusti boten namung ngersakaken kurban ritual, nanging kurban pamuji sokur ingkang miyos saking manah ingkang tulus. Mekaten timbalanipun tumrap kita  sami: “Sowanana Aku, nalika kowe kasangsaran, Aku bakal nylametake kowe, lan kowe bakal ngluhurake Aku.”. Punapa kita purun mbikak manah nyuwun sih pitulungipun Gusti. Punapa kita purun sumarah lan mboten  ngendelaken kekiyatan  kita piyambak?

Nalika Rasul Paulus dipun cakot dening sawer ingkang mbebayani, tiyang ing Malta sami nganggep bilih Paulus punika tiyang awon lan mesthi badhe pejah. Ananging Paulus tetep tenang, piyambakipun nguncalaken ula punika dhateng geni, lan pranyata boten ngantos cilaka. Tiyang ing pulo Malta  lajeng kaget lan nganggep Paulus punika dewa. Nanging Paulus boten gumunggung, malah ngawula kanthi tulus. Paulus nresnani, ndedonga, lan nyarasaken tiyang sakit.

Awit saking punika, sumangga sesarengan kita: (1) Mriksa gesang kita piyambak-piyambak lan mratobata kanthi tulus, (2) Sowana dhateng Gusti punapa malih nalika kita ngadhepi marupi rupi masalah – kasisahan, Gusti mesthi mitulungi,  (3) Tetep sumarah lan yakin dhateng pangrehipun Gusti, gumregah tetep leladi dhateng sesami.  Engeta bilih: Nalika kita sesambat dhumateng Gusti, Panjenenganipun saestu midhanget lan ngandika: “Aja wedi!” . Amin.|*LES

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline