Kemis, 4 Juni 2026 Minggu Trinitas

Kidung Pangadhuh 1:7-11; Jabur 50:7-15; 2 Petrus 2:17-22

ELINGA  LAN  BALIA  MARANG  GUSTI

“… luwih becik padha ora tau nyumurupi dalaning kayekten, katimbang karo sawise sumurup banjur mungkur ninggal ing pepakon suci kang wis kadhawuhake …” (2 Petrus 2:21)

Ing satengahing gesang, asring kita supe temah nilar margining kautamen.  Supe dhateng sabdanipun Gusti. Supe sanes namung kelalen pikiran, nanging kelalen ing ati –  Supe dhateng margining kautamen, temahan nyingkur Gusti. Kidung Pangadhuh 1:7–11 ing sakawit ngandharaken edhahing Yerusalem, nanging lajeng tampi paukuman: suwung, dina-dina kebak  piala, awit supe lan nyingkur Sang Yehuwah Yerusalem ingkang suwau  dipunaosi , dipun urmati tumuli dados panggonan ingkang sepi mamring, amargi dosanipun. Tiyang sami nglampahi dosa lan nglirwakaken pangandikanipun Allah. Sedaya kemewahanipun sirna, kaluhuranipun ical, namung dados reruntuhan.  Dosa saestu ndhatengaken paukuman.

Jabur 50:7–15 nedahaken  piwulang saha pangandikanipun Gusti:
Ingsun ora melehake sira marga saka kurbanira, amarga kurbanira obaran rak tansah ana ing ngarsaningSun?” (ayat 8). Gusti Allah  boten ngersakaken ritual palsu, ritus ingkang kothong, ananging manah ingkang murni, tansah eling lan nyuwun sih pitulunganipun Gusti, “Ngaturna panuwun minangka kurban marang Gusti Allah, lan luwarana nadarmu marang Kang Mahaluhur! Ing dina karubedan sira padha nyebuta marang Ingsun” (ayat 14-15) . Awit saking punika, Rasul Petrus paring pepenget ing 2 Petrus 2:17–22. Petrusparing pepenget dhateng tiyang-tiyang ingkang sampun nampi pangertosan bab kayekten, supados  tetep setya. Sampun ngantos lajeng kecalan iman, lajeng mbalik dhateng dosa, punika gambaranipun kados asu ingkang balik dhateng muntahanipun piyambak, ingkang najis lan njijiki. Inggih mekaten punika gambaraning  gesang tanpa pamratobat lan tanpa raos ajrih asih dhumateng Gusti.

Mangga sami sumarah: Dhuh Gusti nyuwun kakiyatan supados kawula tetep setya ing margining kautamen ingkang sejati. Tansah engeta sanajan kita kadhang kala ngraosaken sedih, bingung, sakit, isin, utawi asor amarga dosa lan kalepatan. Estokna: “Sowanana Aku nalika kowe susah, Aku bakal nylametake.” (Jabur 50:15). Amin. |*LES

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline