Selasa Pon, 4Agustus 2026
WARISAN LANGGENG
PENGKHOTBAH 5:10-19
————————————————————————————————————————–
Wonten piyantun kakung ingkang sampun sepuh ingkang asmanipun pak Danu, seda kanthiyuswa 82 tahun. Piyambakipun sanes tiyang ingkang sugih, boten gadhah griya ingkang sae utawi bandhanipun kathah. Nanging nalika badhe dipun sarekaken atusan tiyang sami rawuh. Ketingal para tanggi tepalih, mantan murid-muridipun, pasamuwaan gereja, ugi para tiyang ingkang nate kabiyantu nadyan kanthi sesideman ugi sami rawuh. Para tiyang wau sami rawuh kepengin ngemut-emut katresnanipun, katulusanipun saha patuladhan gesangipun. Warisan pak Danu sanes raja brana, ananging pandamelipun ingkang dados tuladha tumrap tiyang-tiyang ingkang sami kenal kaliyan pak Danu.
Panyerat kitab Pengkhotbah ngemutaaken bilih mburu kasugihan ingkang tanpa ancas tujuan ingkang leres punika muspra tanpa gina. Wonten tiyang ingkang nindakaken panyambut damel kanthi sakatogipun kangge ngempalaken rajabrana, ananging gesangipun boten tentrem lan boten ngraosaken endahing gesang. Ing ayat 11 paring piwucal bab punika: tiyang ingkang nyambut damel kanthi sakatogipun lan gesang prasaja, malah saget sare kanthi pules, sak kosok wangsulipun tiyang sugih lan tiyang srakah boten ngraosaken tentrem ing gesangipun. Kenging punapa kok makaten? Awit kasugihanipun ingkang njalari was sumelang, kuwatos, lan dados momotan. Kosok wanagsulipun tiyang prasaja lan jujur saget tilem kanthi pules, awit manahipun kapenuhan ing katentreman.
Pangandikanipun Gusti ing dinten punika njalari kula tuwuh pitakenan: “Apa sing bakal tak warisake nalika aku mengko tinimbalan Gusti?” Warisan kang sejati lan langgeng sanes rekening bank, ananging sifat-sifat, katresnan, pangandel(iman) lan daya kang jalari gesangipun tiyang sanes dados sae. Punapa ingkang kita sebar utawi kita tanem dinten punika kangge keluwarga, anggotaning kelompok kita, badhe dados warisan karohanen ingkang badhe lestantun gesang. Mugi piwucal bab ingkang leres dinten punika ngemutaken kita supados tujuan gesang kita namung tumuju ing kalanggengan, inggih punika marisaken manah ingkang sae ingkang sampun katuladhakaken dening Gusti Yesus ingkang kita wujudaken ing sauruting gesang kita. Amin (Nunia Widowinarti).
