Kamis Wage, 20Agustus 2026
KAMARDIKAN MILIH BENDARA
Roma 6:13
————————————————————————————————————————–
Abdi tegesipun tiyang ingkang pasrah bongkokan, teluk dhumateng tiyang sanes, kangge nindakaken ayahan kados ingkang dipun karsakaken dening bendaranipun.Tembung punika wonten Prajanjian Enggal asring sinerat kaliyan doulos, nggih batur tukon, ‘budak belian’. Tiyang ingkang dados budak mboten nggadhahi hak ing ngatasing gesangipun, awit gesangipun sampun dados kagungane bendarane.
Rasul Paulus asring nyebat dhiri pribadhinipun kanthi tembung doulos. Doulos-ipun Sang Kristus. (Rum 1:1). Bab punika mboten mujudaken pamoyok utawi ngasoraken, nanging mujudaken kaurmatan awit piyambakipun, Rasul Paulus, teluk ing sangandhape otoritas-ipun Gusti ingkang kebak ing sih wilasa.
Abdi ingkang paling utami malah dipun katingalaken dening Gusti kita Yesus Kristus. Kados ingkang sinerat ing Filipi 2:7 “Nanging malah wus nyuwungake sarirane piyambak, lan ngagem sipating abdi, sarta wus dadi padha karo manungsa.”Gusti Yesus nyuwungaken sarira, mundhut rupi dados manungsa saklumrah minangka abdi Panjenengane rawuh ing jagad mboten supados dipun ladosi, nanging malah ngladosi dhumateng manungsa, malah ngantos masrahaken nyawane minangka panebusing dosa kangge kathah tiyang.
Yektosipun kula panjenengan punika tiyang ingkang mardika. Kita nggadhahi hak penuh kangge milih bendara. Menawi panjenengan milih dados abdinipon dosa, mila upahipun (pituwasipun) mboten sanes inggih pati, maut. Nanging manawi milih dados abdinipun Sang Kristus, mila upahipun (pituwasipun) urip langgeng.Kados ingkang sinerat ing Rum 6:23 “Awit pituwase dosa iku pati, balik sih-peparinge Gusti Allah iku urip langgeng ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita.”
Pituwas mujudaken perkawis ingkang pantes kita tampeni sasampunipun kita ngayahi padamelan, kados karyawan nampi gaji. Yen uripe seneng gawe dosa genah yen pituwase pati lan naraka. Dene sing pracaya marang Gusti Yesus, pikantuk sih-peparing awujud gesang langgeng. Gusti mberkahi. Amin. (JT)
