Sabtu Pon, 29 Agustus 2026
TIMBALAN PANGUTUSAN
Mateus 28:19-20; 10:16-33
————————————————————————————————————————–
Saderengipun Gusti Yesus mikrad dhateng swarga, Panjenenganipun paring pitungkas dhumateng para siswa, kapurih nggelaraken Injil ing saindening jagad. Pangandikanipun mekaten: “Mulane padha lungaa, sakabehing bangsa padha dadekna siswaKu, lan padha baptisen ing asmane Sang Rama, Sang Putra dan Sang Roh Suci, apadene padha wulangen bab apa kang wis Dakdhawuhake marang kowe kabeh. Lah, Aku tansah nunggal karo kowe nganti tumeka ing wekasaning jaman.” (Mateus 28:19-20). Dupi nampi dhawuh timbalan pangutusan mekaten, para siswa tumunten sawega ing gati ngayahi jejibahan nggelaraken Injil wiwit saking Yerusalem, Asia Alit, jasirah Arab, Eropa lan Afrika ler. Pangutusan punika awrat, awit para murid ngajengaken prekawis ingkang mbebayani lan nggegirisi, arupi kasangsaran lan panganiaya. Boten namung kasangsaran bab awratipun kawontenan alam lan kewan galak, ananging bebaya panganiaya saking tiyang-tiyang jahat lan panguwaos ingkang boten remen asmanipuni Gusti Yesus ngumandang.
Kawontenan jagad ingkang nampik asmanipun Sang Mesias punika sampun dipunngendikaaken dening Gusti Yesus, bilih kita kautus “kadosdene wedhus gembel ingkang kautus ing madyaning asu ajag.” (Saged kawaos ing Mateus 10:16). Tegesipun bilih nggelaraken Injil, badhe ngadhepi bebaya ingkang awrat lan sumadya dados kurban ing pundi para murid kautus. Para murid ngajengaken kawontenan jagad ingkang wengis, mangka para murid punika kedah martosaken Injil kanthi ngrasuk kasabaran, katresnan, kasaenan lan andhap asor. Mekaten ugi kapurih nggadhahi lampah wicaksana lan kayektosan. Ingkang tansah ngetingalaken kapribaden Sang Kristus ingkang kebak ing sih-katresnan ing kawontenan punapa kewawon.
Minangka siswanipun Gusti Yesus, panjenengan lan kula nampi timbalan pangutusan punika ugi, kita tampi kanthi legawaning manah lan suka bingah, senaosa ing kalamangsanipun ngajengaken prekawis ingkang boten ngremenaken. Panjenengan lan kula nggelaraken Injil sarana gesang kita lumantar pangucap, lan tumindak, pikiran lan pakaryan sae ingkang tansah ngatingalaken katresnanipun Sang Kristus dhumateng jagad, kanthi lampah jujur, setya lan tanggel jawab. Ing lampah gesang kita saged damel tiyang sanes remen lan nuju prana.(Iskandar MZ).
