Kemis, 1 Oktober 2026 Minggu Limrah
Yeremia 2:14-22; Jabur 80:7-15; Kolose 2:16-23
RESIKO NYINGKUR PANGERAN
”Rak sira dhewe kang njalari sira ketaman kang kaya mangkono iku, amarga sira nyingkur Sang Yehuwah, Gusti Allahira, nalika Panjenengane ngirid sira ana ing dedalan?” (Yeremia 2:17)
————————————————————————————————————————–
Kita mangertos tembung “resiko”, inggih punika samubarang ingkang badhe kalampahan nalika kita nglampahi satunggaling bab ing gesang. Kathah sesanti ingkang nelakaken supados manungsa punika saestu ngatos-atos nalika netepaken pilihan. Tuladhanipun, tetembungan “aja cedhak kebo gupak”, ingkang nggadhahi teges bilih kita boten prelu nyelaki bab ingkang awon supados boten ndherek katut ing awonipun. Nalika sampun mangertos satunggal bab punika awon, ananging kita tetep nyelaki lan srawung, punika ingkang njalari kita lajeng kapilut ing piawon.
Yeremia 2:17 mujudaken satunggaling pepenget tumraping bangsa Israel ingkang wekdal semanten, ingkang kedah nandhang kasangsaran wonten ing negari pangawulan Babil amargi kalepatanipun piyambak. Pangeran Yehuwah sampun paring dhawuh supados namung ngabekti dhateng Panjenenganipun. Ananging Israel malah nyingkur Pangeran Yehuwah lan langkung remen ngabekti dhateng ilah-ilah sanes saha nglirwakaken pitedahipun. Yeremia lajeng ngemutaken bangsa Israel ingkang wiwit nglepataken Gusti Allah, bilih sedaya kasangsaran punika amargi kalepatanipun Israel piyambak. Boten prelu pados sinten ingkang kedah dipun lepataken, ing kasunyatanipun bangsa Israel nindakaken kalepatan ingkang ageng lan kedah nampi konsekuensi utawi resikonipun.
Kita minangka umat kagunganipun Gusti kedah ngatos-atos ing salebeting nglampahi gesang saben dintenipun. Asring perangan-perangan ingkang awon punika kita tampi jalaran tumindak kita piyambak. Nalika kita wantun nyingkur Gusti lan boten migatosaken kaliyan gesang kapitadosan kita, ampun nggresula menawi kita nampi perangan ingkang awon. Ibaraipun, ampun dolanan geni manawi boten kepengin ngraosaken panas. Ampun dolanan banyu manawi boten kepengin klebus. Sadaya ingkang sampun kita tindakaken punika ngemu resiko, kalebet gesang padintenan lan kapitadosan kita dhateng Gusti. |* WAS
