NAMPI PIWULANG LAN PANGGULAWENTAH

NAMPI PIWULANG LAN PANGGULAWENTAH

Setu, 3 Oktober 2026 Minggu Limrah

Yeremia 6:1-10; Jabur 80:7-15; Yohanes 7:40-52

NAMPI PIWULANG LAN PANGGULAWENTAH

“He Yerusalem, sira nampanana pamerdi, supaya Ingsun ora nilar sira,lan ora ndadekake sira sepi mamring, dadi nagara kang suwung!”(Yeremia 6:8)

————————————————————————————————————————–

Guru punika ngemu kerata basa “digugu lan ditiru”. Guru dados pamulang ingkang badhe nedahaken dhateng murid babagan punapa ingkang kedah disinaoni. Guru mangertos babagan kawontenan muridipun, mila guru boten badhe memulang perangan ingkang boten saged katampi dening murid. Sakedhik mbaka sakedhik, murid ingkang sregep badhe nampi pangertosan ingkang ndadosaken langkung pinter. Ananging kadospundi tumrap murid ingkang boten purun nampi piwulang saking gurunipun? Murid punika temtu boten wonten ewah-ewahan ing gesangipun, awit boten wonten pangertosan anyar ingkang katampi. Murid ingkang kepengin ngraosaken indhak-indhakaning gesang kedah purun nampi piwulang saking guru lan dipun estokaken saestu.

Waosan Yeremia 6:1-10 nyariyosaken babagan bebendu ingkang badhe katampi dening Israel. Kenging punapa sedaya bebendu punika tumempuh dhumateng Israel, umat ingkang pinilih? Awit Israel boten purun nampi piwulang ingkang saking Pangeran Yehuwah. Minangka umat ingkang kinasih, kedahipun Israel purun nampi sawernining piwulang lan panggulawentah saking Pangeran. Ananging Israel kepara manut pikajengipun piyambak. Mila, kadosdene murid ingkang tanpa ewah-ewahan amargi boten purun nampi piwulang, makaten ugi ingkang badhe dipun raosaken dening bangsa Israel. Bangsa ingkang pinilih, ingkang katuntun dening Pangeran Yehuwah piyambak, badhe dados suwung, bangsa ingkang sepi mamring amargi tinilar dening Pangeran.

Jaman samangke, sejatosipun sumbering piwulang punika kathah. Kemajengan teknologi ugi saged dados sumber piwulang ingkang tanpa wates, sinten kemawon saged sinau kanthi ngginakaken teknologi. Ananging, manungsa malah asring boten gadhah krenteg kangge nambahi seserepanipun. Sampun ngantos kita mlebet ing golongan ingkang kados makaten. Sinten ingkang karsa nampi piwulang lan panggulawentah ingkang badhe ngalami ewah-ewahan ing gesangipun. |*WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline