Setu, 17 Oktober 2026 Minggu Limrah
Yesaya 14:3-11; Jabur 96:1-9; Mateus 14:1-12
GENGSI INGKANG MBEBAYANI
“Sang Nata dadine sungkawa panggalihe, nanging marga saka wis supaos lan marga saka anane para tamu, banjur dhawuh maringake, sarta utusan nigas janggane Nabi Yokanan ana ing pakunjaran” (Mateus 14:9-10)
————————————————————————————————————————–
Raos Gengsi punika dados takeran gesang ingkang awrat, amargi gengsi punika asring dipun gandhengaken kaliyan ajining dhiri. Sanadyan kabetahan gesang ingkang sipatipun utami sampun kacekapan, ananging gengsi ndadosaken manungsa gadhah takeran cekap ingkang langkung inggil. Tuladha kemawon, sinaosa motor merk X punika sampun cekap kangge tindak dhateng kantor, ananging awit kalenggahanipun minangka direktur, lingsem bilih ngangge motor, mila tindak kantor kedah ngangge mobil kanthi seri paling anyar. Tuladha malih, ageman angger pantes punika sampun cekap, ananging awit boten kepengin ketingal asor, lajeng anggenipun blanja dhateng toko ingkang merk terkenal lan reginipun awis.
Sejatosipun, kenging punapa gengsi punika mbebayani? Awit gengsi punika namung kangge takeran sawatawis wekdal. Gengsi punika namung kangge negesaken bilih dhirinipun saged nggayuh perangan ingkang tiyang sanes boten saged nggayuh. Waosan Mateus 14:1-12 nyariyosaken lelampahanipun Prabu Herodhes nalika kedah nyedani Yokanan Pambaptis namung amargi gengsinipun minangka sang nata. Sinaosa sejatosipun Prabu Herodhes pirsa bilih Yokanan boten nindakaken kalepatan, ananging awit boten kepengin kecalan ajining dhiri ing ngarsanipun para tamu, lajeng nindakaken prekawis ingkang cengkah kaliyan karsanipun piyambak.
Wonten ing pasrawungan kita saben dintenipun, kita asring manggihi tiyang-tiyang ingkang malah kecalan ajining dhirinipun namung amargi gengsi. Tiyang lajeng ngupaya srana pinjol, judol, utawi bab-bab ingkang boten prayogi supados gengsinipun saged kacekapaken. Kamangka, kapan gengsi punika karaos cekap? Boten wonten watesipun. Mila, sampun ngantos gengsi punika dados perangan ingkang mbebayani ing gesang kita. |*WAS
