Slasa, 20 Oktober 2026 Minggu Limrah
Daniel 3:19-30; Jabur 98; Wahyu 18:21-24
PANGRIMATIPUN ALLAH
“Pangeran Yehuwah wus ngengeti ing sih-kadarmane lan kasetyane
marang kulawargane Rama Israel, sakehing poncoting bumi
wus padha weruh marang karahayon kang saka Allah kita.”
(Jabur 98:3)
————————————————————————————————————————–
Saking pundi kita saged nekseni bilih Gusti Allah saestu ngrimati gesang kita? Temtu saking pengalaman padintenan ingkang kita lampahi piyambak. Nalika kita wonten ing satunggaling kahanan ingkang awrat, kita ngraosaken pitulunganipun Gusti. Dene wujudipun saged lumantar perangan-perangan gesang ingkang kita panggihi saben dintenipun. Asring kita ugi boten nyana bilih saking prekawis ingkang prasaja tuwuh prekawis-prekawis ingkang agung lan ngremenaken. Sadaya punika ugi pakaryanipun Allah ingkang endah ing gesang punika.
Waosan Jabur 98:4 negesaken bilih pranyata Pangeran Yehuwah sampun ngluberaken sih kadarman lan kasetyan dhumateng kita, lan sedaya ingkang wonten ing jagad punika dados seksi bab pangrimatipun Allah. Minangka tiyang pitados kita ngugemi bilih caranipun Pangeran Yehuwah makarya punika kalamangsanipun boten tinemu ing nalar. Pangeran saestu nresani jagad punika, langkung malih tumrap manungsa. Mila, manungsa kedah ngaturaken panuwun sokur konjuk ing Gusti, awit tansah rinimat saben wektu lan dipun reksa wonten ing kawontenan ingkang karaos awrat.
Manungsa awit rumaos gumunggung asring boten saged nekseni menawi jagad saisinipun punika sampun katata wonten ing kahanan ingkang prayogi. Manungsa asring namung ngegungaken punapa ingkang dados kasagedan lan kaunggulanipun tanpa enget saking pundi pinangkanipun sedaya punika. Sumangga kita tansah enget dhateng pangrimatipun Allah. Sumangga kita tansah ngucap sokur awit berkah ingkang kita tampi saben dintenipun. Lan sumangga kita miwiti kesadharan bilih sedaya ingkang kalampahan ing jagad punika sampun tinata kanthi prayogi dening Pangeran Yehuwah ingkang kebak welas asih. |*WAS
