Rebo, 21 Oktober 2026 Minggu Limrah
Daniel 6:1-28; Jabur 98; Mateus 17:22-27
KAUWALAKEN SAKING PAGIRIS
“Allah kawula sampun ngutus malaekatipun mbungkem cangkemipun
singa-singa punika, satemah boten saged nyikara dhumateng kawula,
amargi kawula pancen boten kadunungan kalepatan wonten ing ngarsanipun; nanging ugi dhumateng panjenengan dalem kawula boten nandukaken piawon” (Daniel 6:23)
————————————————————————————————————————–
Kadospundi raosipun nalika kita saged luwar saking kawontenan gesang ingkang nggegirisi? Tuladha kemawon, kita nemahi kacilakan ananging pranyata raga kita blas boten tatu. Utawi, nalika sakit sampun dangu, kados-kados sampun boten wonten pengajeng-ajeng, ananging kita lajeng alon-alon pulih lan saged mantun kados wiwitan. Temtu ingkang kita raosaken punika bingah sanget. Kita lajeng saged nindakaken pakaryan padintenan kita malih.
Waosan saking Kitab Dhaniel 6:1-28 nyariyosaken lelampahan nalika Dhaniel kaparingan paukuman amargi boten purun nyembah sang nata lan milih tetep manembah dhateng Gusti Allahipun Rama Abraham. Paukumanipun inggih punika kalebetaken ing luwenging singa. Ananging sasampunipun satunggal wengi natas, sang nata uninga bilih Dhaniel taksih gesang lan boten kirang satunggal napa. Malah Dhaniel ngaturaken paseksi bilih Allah ingkang dipun sembah sampun nutup cangkemipun singa-singa punika satemah boten nyilakani Dhaniel. Saking prastawa punika sang nata ngraosaken bingah lan pitados dhateng Allahipun Israel, saha tiyang-tiyang ingkang nindakaken pitenah lajeng nampi paukuman kalebetaken ing luwengipun singa kalawau.
Mbok menawi kita nate wonten ing kahanan kadosdene Dhaniel kalawau. Kita kaluwaraken saking perangan ingkang nggegirisi lan kepara saged nindakaken paseksi bab pakaryanipun Gusti Allah. Punapa ingkang saged dados pangucap sokur kita? Temtu kanthi ngginakaken wekdal peparingipun Gusti punika kanthi prayogi. Kita sampun kaluwaraken saking pagiris, mila kita kedah paring pambiyantu dhateng sesami ingkang nandhang ingkang sami. Gusti ingkang ngrimati kita sedaya. |*WAS
