NGEMUTAKEN INGKANG LANGKUNG SEPUH

NGEMUTAKEN INGKANG LANGKUNG SEPUH

Kemis, 22 Oktober 2026 Minggu Limrah

Wilangan 5:5-10; Jabur 1; Titus 1:5-16

NGEMUTAKEN INGKANG LANGKUNG SEPUH

”Paseksen kang mangkono iku bener. Awit saka iku welehna kang banget, supaya pracayane dadi waras” (Titus 1:13)

————————————————————————————————————————–

Tiyang Jawi punika nggadhahi satunggaling sikep ingkang sinebat pekewuh. Sikep pekewuh punika tuwuh nalika kita rumaos boten sekeca awit ajrih badhe damel tatu manahipun tiyang sanes. Pakewuh punika kalamangsanipun dipun sambetaken kaliyan unggah-ungguh kejawen. Ananging pekewuh saged ugi ndadosaken kita boten saged nindakaken kasaenan, awit pekewuh punika ugi wonten sesambetanipun kaliyan drajat-pangkatipun manungsa ing satengahing masyarakat.

Waosan Titus 1:13 mujudaken piwucal saking Rasul Paulus dumateng Titus, muridipun ingkang kinasih. Titus ingkang taksih enem punika kaparingan dhawuh supados wantun melehaken peranganing pasamuwan ingkang tumindak boten leres. Temtu menawi kita jumbuhaken ing kawontenan gesang kita, tuwuh raos pekewuh ing manahipun Titus. Kadospundi lare enem ananging kedah melehaken para tiyang-tiyang ingkang yuswanipun langkung sepuh saking kita? Ananging punika timbalan ingkang kaparingaken dhateng Titus. Sinaosa kedah melehaken ingkang langkung sepuh, boten usah wonten raos pekewuh. Raos pekewuh punika namung badhe ngribedi anggen Titus ngemutaken tiyang-tiyang ingkang langkung sepuh lan ingkang nindakaken kalepatan.

Punapa ingkang dipun adhepi dening Titus punika ugi asring kita alami. Nalika kita mangertos wonten ingkang langkung sepuh, senior, lan pinter, ananging nindakaken kalepatan, kedahipun kita tetep ngemutaken kanthi andhap asor lan ajrih asih. Ananging ugi wonten tiyang ingkang milih mendel kemawon amargi pekewuh kaliyan tiyang punika. Bilih boten wonten ingkang ngemutaken, saking pundi tiyang punika mangertos bab kalepatanipun? Bilih boten diemutaken, punapa wonten wewengan kangge nelakaken pamratobat? Bilih kita boten ndherek ngemutaken, kita rak ugi ndherek nglestantunaken kalepatanipun punika ta? |*WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline