INTEGRITAS

INTEGRITAS

“Sapa kang tumindake kang mangkono mesthi ora keguh ing salawas-lawase.” (Jabur 15:5b)

Integritas punika bab tumindak ingkang konsisten kanthi nglampahi bab-bab ingkang leres, sanadyan ing kawontenan ingkang boten gampil dipun lampahi. Integritas punika tegesipun tumindakipun cundhuk kaliyan tembungipun. Integritas punika ngemot babb kasetyan lan pambangunn turut sinaosa boten wonten tiyang ingkang mirsani. Tiyang ingkang ngadahi integritas punika ugi dipun sebat tiyang ingkang kapenuhan ing kamulyaan.

Kados punapa wujuding tiyang ingkang nggadhahi integritas punika? Kitab 1 Para Raja nggambaraken pribadi ingkang integritas punika kadosta Dawud. “Sang Prabu Suleman banjur munjuk: “Paduka ingkang sampun ngatingalaken sih kadarman ingkang ageng dhumateng abdi Paduka Rama Dawud, rama kawula, amargi sugengipun wonten ing ngarsa Paduka kalayan setya, leres lan jujur dhumateng Paduka; sarta Paduka sampun nglestantunaken sih kadarman ingkang ageng punika dhumateng rama, Paduka paring anak ingkang linggih ing dhamparipun kados ingkang kalampahan ing dinten punika.” (1 Para raja 3:6)

Wonten tigang prekawis ingkang saged mbangun integritas, inggih punika kasetyan, tumindak ingkang leres lan sikep jujur. Lajeng sumangga kita gatosaken, bilih tiyang ingkang nggadhahi tigang prekawis punika, badhe pikantuk katresnanipun Gusti ingkang ageng, lan punika dipun sebataken dasos jaminan saking Gusti Allah.

Sinten ingkang dipun sebat ngadahi integritas punika? Inggih punika Dawud. Pitakenanipun, punapa wonten tembungipun Dawud piyambak bab integritas, bab ingkang dipun tindakaken ing gesangipun? Wangsulanipun wonten. Kitab jabur ingkang isinipun sakedhik, namung 5 ayat, nanging punapa ingkang kaserat punika sae sanget. Punika ingkang dados renaning penggalihipun Gusti. Kangge mbangun pribadi ingkang nggadhahi integritas Pitedah ing Jabur 15 punika wigati tansah kita tindakaken ing gesang punika.

Setya, leres lan jujur kedah dados peranganing gesang kita minangka pandherekipun Gusti ingkang berintegritas. Amin, |*EW

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline