“Lan woh akeh iku mau kabeh padha mbudidaya bisanendemek panjenengane, awit banjur ana daya kang metu saka ing Panjenengane, temah kabeh padha diwarasake” (Lukas 6:19)
Miturut Filsuf Prancis Blaise Pascal, wonten papan kosong ing manahipun manungsa. Kekosongan punika namung saged dipun isi kaliyan Gusti Allah. Papan ingkang kosong punika saged wonten isinipun nalika Gusti wonten ing manah kita.
Saking waosan Lukas 6:17-26, kita saged mrangguli kathah tiyang ingkang sowan kangge pepanggihan kaliyan Gusti Yesus. Tiyang-tiyang punika sowan kanthi mbekta mawarni-warni momotan. Wonten ingkang sami, ananging wonten ugi ingkang benten. Awit saking kathahipun tiyang, Lukas boten nyatet setunggal mbaka setunggal momotan tiyang-tiyang punika. Ananging Lukas kepingin ngendikakaken bab ingkang wigati, inggih punika bilih tiyang ingkang sowan ing ngarsanipun Gusti Yesus punika ngalami pepanggihan ingkang endah, ingkang nengsemaken. Boten namung awit rupi-rupi prekawis punika saged karampungaken, ananging awit wonten ingkang istimewa, inggih punika boten wonten setunggal tiyang ingkang dipun tampik dening Gusti Yesus. Sok sintena ingkang saestu nggadhahi krenteg kangge sowan Gusti, dipun tampi dening Gusti. Sejatosipun boten wonten tiyang ingkang pantes wonten ing ngarsanipun Gusti. Ananging, awit katresnanipun, Gusti Yesus ngeparengaken manungsa dosa “ndemek” Panjenenganipun.
Gusti Yesus punika Gusti Allah ingkang tansah mbikak manahipun kangge sadaya tiyang. Pepanggihan kaliyan Gusti Yesus punika saestu istimewa awit Piyambakipun boten namung saged paring pangluwaran saking prekawis ing gesang, ananging ugi kepareng ngiseni papan kosong ingkang wonten ing manah lan gesang kita. Sumangga tansah mligikaken wekdal kangge pepanggihan secara pribadi kaliyan Gusti ing salebeting pandonga lan pamaosing Kitab Suci. |*EW
