“Manah kawula kawula adhepaken supados nglampahi pranatan Paduka, ing salaminipun ngantos dumugi ing wekasan.” (Jabur 119:112)
Ing gesang padintenan mbok manawi kita nate mireng istilah Pemberi Harapan Palsu (PHP). Istilah punika gegayutan kaliyan wontenipun saperangann tiyang ingkang asring nglomboni sesaminipun. Contonipun kasus penipuan lumantar Handphone, paring pawartos bilih kita punika pikanthuk undian utawi hadiah kadosdene arta utawi mobil. Kathah tiyang ingkang dados korbanipun, sami kapusan, kintun arta kangge biaya administrasi ananging hadiahipun boten wonten. Wonten ugi apus-apus ing bab kesehatan, sami tawa obat utawi cara-cara pengobatan ingkang saged nyarasaken rupi-rupi sesakit, jebule namung lomboan kemawon. Sinaosa mekaten, nggih kathah tiyang ingkang kapusan, sesakitipun boten mantun, artanipun telas.
Kenging punapa kathah tiyang sami kapusan? Amargi sami kepengin pikanthuk asil ingkang ageng kanthi cara-cara ingkang gampil utawi instan. Kathah ingkang kepengin sugih ananging boten purun rekaos nyambut damel. Kathah ingkang kepengin sehat ananging boten telatos anggenipun berobat lan njagi kesehatanipun.
Ing jamanipun Juru Masmur tamtunipun ugi kathah tiyang ingkang remen goroh lan paring janji-janji palsu.Tiyang-tiyang punika njanjekaken punapa ingkang sae lan endah, ananging boten wonten wujudipun. Bab punika beda sanget kaliyan prasetyanipun Gusti. Gusti Allah paring pranatan kangge nuntun lampahing gesangipun manungsa supados manggihaken kabegjan lan karahayon ingkang sejati. Mila saking punika, Juru Masmur ngeneraken manah lan gesangipun kangge netepi pepaken-pepakenipun Gusti.
Gesang ing satengahing donya ingkang kebak apus-apus punika pancen awrat. Ananging manawi kita tansah mbangun-turut dhumateng Gusti lan nglampahi pranatanipun temtu badhe tinebihaken saking sadaya rubeda, lan saged pinanggih tentrem raharja. |*EW
