“Sang Prabu Akhab ngandika marang Nabot: “Kebon anggurira iku caosna marang ingsun, arep sundadekake kebon sayuran, sabab dumunung ing sacedhake kadhatoningsun. Sira bakal sunparingi kebon anggur kang luwih becik tinimbang iku minangka gantine, utawa manawa sira luwih seneng, ingsun bakal maringi dhuwit marang sira, sapira pangajine.” (1 Para Raja 21:2)
“Sira aja melik …” (Pangentasan 20:17) punika salah satunggaling angger-anggeripun Gusti ingkang kaparingaken dhateng umat lumantar nabi Musa. Melik punika tegese nduweni pepenginan kangge nguwasani punapa ingkang dados darbekipun tiyang sanes. Inggih mekaten ingkang dados krentegipun prabu Ahab dhateng kebonipun Nabot. Sinaosa prabu Ahab sampun nggadhahi bandha kathah, ugi kagungan siti ingkang wiyar, ananging piyambakipun kepengin nguwasani kebon anggur gadhahan Nabot, salah satunggaling rakyatipun. Nabot boten purun nyade sitinipun amargi punika warisan saking leluhuripun. Bab punika nelakaken bilih Nabot punika kalebet tiyang ingkang ngurmati para leluhuripun lan netepi pranatanipun Gusti kangge njagi siti peparingipun Gusti (ingkang sampun kaedum nalika jamanipun Yosua).
Saestu boten prayogi kekajenganipun prabu Ahab, ngantos Izebel garwanipun ngrancang bab ingkang nistha dhateng Nabot. Nabot dipun pitenah, dipun pejahi lan sitinipun dipun rampas. Sipat melik punika pranyata nuwuhaken tumindak ingkang awon lan dhatengaken dosa. Mila punika umatipun Gusti tansah kaengetaken ampun ngantos melik dhateng barang darbekipun sesami.
Kadospundi kita saged mbudidaya nebih saking sipat lan tumindak melik punika? Kanthi tansah nampi kawontenan ing gesang kita saha tansah caos sokur dhumateng Gusti. Punapa ingkang kaparingaken dening Gusti, kathah utawi sakedhik punika wujuding katresnanipun Gusti tumrap kita. Ing sisih sanes, kita ugi prelu ngurmati sesami, kalebet ngajeni punapa ingkang dados hakipun saha sadaya barang darbekipun. Kanthi mekaten kita saged tansah waspada lan tinebihaken saking sipat melik. |*ERY
