“Kawula tumindak ing damel kalayan sagiyat-giyatipun kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, awit tiyang Israel sami nilar prajanjian Paduka saha mejahi para nabi Paduka kalayan pedhang, nanging kawula piyambak ingkang taksih gesang, mangka tiyang-tiyang wau inggih kepengin njabut nyawa kawula.” (1 Para Raja 19:14)
Semplah punika tegese putus asa, kecalan pangajeng-ajeng, rumaos bilih pambudidaya kita badhe muspra tanpa guna. Inggih semplah punika ingkang nembe karaosaken dening nabi Elia saksampunipun mireng ancamanipun ratu Izebel (1 Para Raja 19:2). Nabi Elia rumaos ajrih sanget ngantos mlajar dhateng ara-ara samun. Ing ngriku, piyambakipun nyuwun supados Gusti mulung nyawanipun.
Ing kawontenan ingkang awrat, kathah tiyang nganggep bilih pejah punika saged dados margining pangluwaran saking prekawis ing gesangipun. Mila, ngantos kedadosan tiyang ingkang nglalu (bunuh diri). Krenteg pengen pejah kewamon punika nelakaken kawontenaning manah ingkang semplah, rumaos boten gadhah daya lan boten saged mbudidaya punapa-punapa malih.
Nabi Elia punika sampun nyambut damel kanthi saestu. Piyambakipun netepi timbalan minangka nabinipun Gusti aben ajeng kaliyan prabu Ahab dalah bangsa ingkang nyingkur Gusti. Nabi Elia sampun mbudidaya nindakaken punapa ingkang saged katindakaken. Ananging kasilipun kados-kados muspra kemawon. Pandamelipun ingkang ngedab-edabi inggih punika ngawonaken 450 nabi Baal ketingal boten wonten ginanipun. Prabu Ahab minangka pemimpining bangsa Israel punika boten mratobat. Garwanipun Ahab ingkang nami Izebel sapunika badhe mejahi piyambakipun. Punika ingkang dadosaken semplahing manahipun nabi Elia.
Ananging, Gusti Allah ingkang Mahakuwaos boten negakaken abdinipun rumaos semplah. Gusti Allah kepareng ngiyataken abdinipun lan paring pitedah punapa ingkang kedah dipun lampahi. Gusti Allah paring dhawuh supados Elia wangsul dhateng marginipun, “Sira mangkata, metua ing dalanira…” (1 Para Raja 19:15). Nabi Elia kadhawuhan supados nglajengaken gesangipun lan tansah netepi timbalanipun Gusti. |*ERY
