DADI KAGUNGANE GUSTI

DADI KAGUNGANE GUSTI

“Kowe uga padha klebu ing antarane wong-wong mau, kowe kang wus padha katimbalan dadi kagungane Sang Kristus” (Rum 1:6)

Rasul Paulus nandhesaken bilih para pitados ing kitha Rum ingkang asalipun saking bangsa-bangsa sanes Yahudi, punika sampun kadadosaken kagunganipun Sang Kristus. Punika dados pratandha bilih kawilujengan ingkang saking Gusti Allah punika kebabar sangsaya wiyar, boten namung kangge bangsa Yahudi kemawon.

Dados kagunganipun Sang Kristus punika ngemu suraos: sepisan, para pitados nampi nugraha saking Gusti awit kaangkat dados kagunganipun Gusti. Minangka kagunganipun Gusti, para pitados badhe tansah dipun rimati dening Gusti, gesangipun boten badhe kapiran. Kaping kalih, dados kagunganipun Gusti punika minangka timbalan supados tansah gesang mbangun turut dhumateng Gusti. Minangka kagunganipun Gusti, para pitados kedah madhep mantep, ngabekti namung dhumateng Gusti Allah wonten ing Sang Kristus Yesus. Dados kagunganipun Gusti punika tegesipun sawetahing gesang kita punika inggih kagunganipun Gusti. Mila kedah tansah lumadi dhumateng Gusti, kados pangandikanipun rasul Paulus, “… kowe wus padha mati tumraping dosa, nanging kowe padha urip lumados marang Gusti Allah ana ing Sang Kristus Yesus” (Rum 6:11).

Emanipun, bab timbalan gesang lumadi dhumateng Gusti punika asring dipun lirwakaken dening pada kagunganipun Gusti. Punika kita ugi kalebet tiyang ingkang asring nglirwakaken timbalanipun Gusti punika? Dinten punika kita sami kaengetaken supados tansah caos sokur awit kamirahanipun Gusti ingkang ngangkat kita dados para kagunganipun. Raos sokur punika kita pratelakaken kanthi nglampahi gesang ingkang anyar, gesang ingkang lumados dhumateng Gusti. Sawetahing gesang kita: nyawa, badan, nalar budi, wekdal, bandha, keluarga, kalenggahan sadaya punika kedah kaginakaken kangge ngladosi karsanipun Gusti. Inggih kanthi mekaten, kita paring paseksi dhateng sesami bilih kita punika kagunganipun Gusti Yesus. Amin. |*ERY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline