“Kang iku sarehne anak-anak iku saka getih lan daging, mulane panjenengane iya banjur dadi padha karo anak-anak mau lan oleh panduman ing kaanane, supaya marga saka sedane Panejenengane nyirnakake Iblis kang nguwasani pati” (Ibrani 2:14)
Sinten ta Gusti Yesus punika? Kathah tiyang sami nganggep bilih Gusti Yesus punika salah satunggaling nabi. Ateges nganggep Gusti Yesus punika manungsa limrah kemawon ingkang dipun timbali dening Allah kangge martosaken kasaenan. Pangertosan punika beda sanget kaliyan kapitadosanipun tiyang Kristen. Adhedhasar paseksinipun Kitabb Suci, tiyang Kristen sami pitados bilih Gusti Yesus punika Gusti Allah piyambak ingkang kepareng manjalma dados manungsa. Bab punika katindakaken minangka sarana Panjenenganipun milujengaken manungsa ing dipun kuwaosi dening pamengkuning dosa lan pati.
Kenging punapa Gusti Allah boten ngginakaken cara sanesipun kangge milujengaken manungsa? Amargi Panjenenganipun punika Allah ingkang setya lan boten ingkar janji. Gusti Allah sampun netepaken bilih pituwasing dosa punika pati. Pramila Panjenenganipun kedah ngawonaken pati kanthi rawuh ing dosa awujud manungsa, nandhang sangsara, seda sinalib lan wungu malih. Wungunipun Gusti Yesus punika dados pratandha Panjenenganipun sampun ngawonaken pati. Mila sintena kemawon ingkang pitados lan nampi pakaryanipun Gusti Yesus punika ugi badhe kawungokaken kangge nampi gesang langgeng. Tegesipun, para gesangipun para pitados punika boten kawengku ing pati ananging gesang ing salebeting sih rahmatipun Gusti.
Para sadherek, prayogi kita rumaos bingah lan tansah caos sokur dhumateng Gusti Yesus, dene panjenengan lan kula kepareng nampi sih rahmat kawilujenganipun. Mila, sampun ngantos keguh ngadhepi piwucal-piwucal ingkang badhe nggered kita nebih saking sih rahmatipun Gusti. Gusti Yesus punika saestu Gusti Allah tuking kawilujengan lan karaharjan ing bumi dalah ing swarga. Amin. |*ERY
