Senin Pahing, 3 Agustus 2026
RAGADE LARANG
1 Petrus 1:13-25
————————————————————————————————————————–
Setunggal perkawis ingkang njalari bapak duka kalih kula, inggih punika: menawi kula boten kesah sekolah (bolos). Kula nate tanglet, punapa sababipun nalika kula bolos?Bapak ketingal duka sanget, lan ngendikan, kinten-kinten mekaten: “Bapakmu iki wong bodho, wong ora sekolahan. Kowe taksekolahke larang, amrih uripmu besuke luwih ora kaya bapak. Ben uripmu luwih apik lan luwih penak.” Panci menawi kula gagas, bapak nalika disuwuni wragad babagan kangge sekolah, boten nate sambat. Mboh piye carane paribasane, mbudidaya netepi kewajiban babagan prabeya tumrap anggen kula sekolah. “Ragade kathah utawi larang kangge sekolah kula, boten punapa-punapa. Ingkang baken tumrap bapak, gesang kula ing tembe wingkingipun tansaya prayogi.
Serat 1 Petrus 1:13-25 satunggal pangatag tumrap para pitados, amrih mangun pagesangan ingkang aji. Pagesangan ing cundhuk kalayan karsanipun Gusti. Mujudaken pagesangan ingkang aji inggih punika cundhuk kalayan karsanipun Gusti, boten gampil. Mujudaken gesang aji selaras kalayan karsanipun Gusti wonten wragadipun, inggih punika: perjuangan nyingkur karemenan kadonyan ingkang nuwuhaken maneka rupi kasangsaran. Sanadyan ta awrat dikados punapa, ananging tiyang pitados boten pareng kendho mangun pagesangan enggal ing Sang Kristus. Sabab punapa? 1 Petrus 1:18-19 paring katrangan, inggih punika: jalaran Gusti sampun ngedalaken wragad ingkang awis, boten saged kapetang, amrih ajinipun gesanging manungsa. Punapa ta wragad larang ingkang sampun kaparingaken? Rahipun Gusti Yesus Kristus!
Sih rahmat kawilujengan peparingipun Gusti tumrap para kagunganipun punika awis tan kininten. Kanthi pawadan punika, tiyang pitados mesthinipun boten kendho anggenipun berjuang mangun pagesangan Kristen ingkang sejati. Cak-cakan padintenan limbangan dinten punika: ora kendho lunga greja sanadyan ati lagi sumpek awit kathahing masalah ingkang kedah dipun sanggi. Rohayu, Gusti Yesus mberkahi. (Abednego Utomo Prasetyo)
