Jumat Pon, 14 Agustus 2026
MARDIKA MILIH DALAN
Matius 7:13, 14
————————————————————————————————————————–
Bilih kawilujengan wonten ing Gusti Yesus punika mbetahaken keputusan pribadi ingkang tegas saha ketaatan ingkang mutlak. Dipun kontras-aken dening Gusti bilih margining gesang wonten kalih. Margi ingkang tumuju dhateng karisakan kagambaraken margi wiyar lan gampil. Dene margi ingkang tumuju dhateng gesang kagambaraken ciyut lan rumpil.
Angka satunggal:Lawang Amba Margi Jembar.Margi punika paring perkawis ingkang sarwa gampang enak kepenak nyaman. Nikmating donya bebas dipun raosaken tanpa pepalang. Ora ana dosa sing diawisi, entuk egois, loos bebas tanpa hambatan.Para kadang sutresna, sanadyan gaya gesang ingkang mekaten iku katingal ngremenaken, nanging entek-entekane margi punika tumuju ing karusakan, malah karisakan langgeng. Risak-risaking risak inggih punika “gesang” ing naraka langgeng. Gesang kapisah kaliyan Gusti Allah.Sanyata, kathah tiyang ingkang remen lumampah ing ngriku. Manungsa langkung remen milih ingkang gampil lan instan.
Angka kalih:Lawang Ciyut Margi Rupak.Margi punika nggambaraken kasetyan, nyingkur dhiri, mejahi kadagingan. Tegesipun nglampahigesang manut miturut karsaning Gusti. Tamtu kemawon menawi kita lumampah ing margiingkang rupak punika, badhe manggihipakewet, panampik saking jagad, awit standar ingkang dipun gadhahi mboten sami.Nanging tundhonipun, gesang ingkang makaten punika badhe tumuju ing gesang langgeng sesarengan kaliyan Gusti salaminipun. Dipun sabdaaken dening Gusti, “Mung sathithik kang milih dalan iki”. Margi punika mbetahaken tekad, komitmen saha pangurbanan; mila mboten kathah tiyang ingkang remen milih margi punika.
Kawilujengan punika sipatipun pribadi, pramila mangga kanthi manteb milih lawang ciyut margi rumpil, nggih milih Gusti Yesus Kristus minangka Gusti lan Juruwilujeng kita. Kita berjuang tetep rumaket kaliyan Gusti. Amin. (Jasmin Tribita).
