Minggu Pon, 9Agustus 2026
AMPUN AJI MUMPUNG
Rum 6:1 -14
————————————————————————————————————————–
Ing kampung kula wonten satunggal priyayi ingkang sae, kondhang anggenipun sabar, andhap asor, dhemen weweh, dhemen tetulung lan sanes-sanesipun. Wosipun, priyayi punika kathah sanget kesaenan lan labuh labet tumrap tiyang sakiwa tengenipun. Boten aneh menawi griyanipun punika asring dados jujugan kangge jejagongan tangga tepalih. Awit dados jujugan kathah tiyang, griyanipun priyayi punika boten nate tutupan lan kuncen. Satunggal wekdal, priyayi kalawau ngendikan kalayan tanggi ingkang nembe jejagongan ing griyanipun, bilih bakda kecalan barang aji. Saksampunipun dipun tlusur, pranyata ingkang mendhet salah satunggal lare nom ingkang kulinten jejagongan ing ngriku. Sanadyan ta sampun nemokaken ingkang mendhet dalah sampun ngaku; priyayi punika boten duka lan merkarakke lare nom kalawau. Tangginipun punika lajeng sanjang kalayan priyayi kalawau, kinanthen unjal ambegan, mekaten: “O alah,kok ya kebangeten bocah kuwi,wis diapiki kok ora ngerti. Malah mupangatke wong sing ngapiki kanthi tumindak sing ora bener.”
Tiyang pitados punika sampun nampi kesaenanipun Gusti linangkung, sampun nampi sih rahmat, sampun katebus saking dosa kanthi regi ingkang awis, inggih punika rahipun Sang Kristus. Tiyang pitados sampun kaapura dosanipun, sampun kauwalaken saking pangwaosing dosa. Tiyang pitados sampun kaparingan gesang enggal. Sih rahmat lan kasaenanipun Gusti ingkang sampun kaparingaken tumrap tiyang pitados elok lan tanpa tandhing. Gusti Allah ingkang sae tan kininten punika ngersakaken manungsa gesang selaras kalayan karsanipun. Minangka tiyang ingkang sampun nampi sih rahmat kesaenanipun Gusti, mesthinipun ugi mbudidaya sakatogipun amrih saged netepi karsanipun Gusti punika. Boten malah sakosok wangsulipun, gadhah pemanggih: “Apa kita kepareng padha ndlarung ing sajroning dosa, supaya wuwuha gedhene sih rahmat?”
Tiyang pitados mesthinipun ajrih damel dosa lan getun menawi nglampahi. Boten malah nggasang lan kendel tumindak lepat dumeh nampeni sih rahmat. Cak-cakan padintenan, limbangan punika, kados ta: ampun bolan-baleni dosa sing padha. Setunggal mbaka setunggal, sumangga dosa pun tilar. Rohayu, Gusti Yesus mberkahi. (Abednego Utomo Prasetyo).