Selasa Kliwon, 11Agustus 2026

AJA ANA CRAH PASULAYAN

Lelakone Para Rasul  7:1-8

————————————————————————————————————————–

Rampunge Perang Donya II dipun wiwiti rikala Sekutu ngebom atom ing kutha Nagasaki lan Hiroshima ing tanggal 8 Agustus 1945. Jepang nyerah marang Sekutu. Saka prastawa iki dadi jalaran anggone Jepang bentuk panitia madegenegara Indonesia BPUPKI (Badan Penyelidik Usaha-usaha Persiapan Kemerdekaan Indonesia) diganti dadi PPKI (Panitia Persiapan Kemerdekaan Indonesia). Lan mung butuh sangang dina, proklamasi kamardikan Indonesia diwartakne dening Sukarno-Hatta. Kejaba nyebut menawa kamardikan iku woh saka perjuangan bangsa Indonesia, ana pengaken menawa kamardikan iku berkah lan rahmat saking Gusti Allah marang bangsa Indonesia.

Sabdane Gusti tansah ngelingake: “Nanging Aku bakal ngukum bangsa sing dikawulani mau klawan adil. Sawisé kuwi turunmu bakal padha metu saka negara mau lan bakal padha ngabekti marang Aku ana ing tanah kéné iki” (Lelakone Para Rasul 7:7). Urip dadi warga negara lan dadi umate Gusti Allah iku dadi pengaken bangsa Indonesia wiwit kamardikan diwartakne. Loro-lorone bisa mlaku bebarengan, sanajan rakyat Indonesia iku beda-beda agama lan imane, nanging kabeh sarujuk menawa Gusti Allah Kang Maha Kwasa kang paring berkah marang perjuangan lan pambudidaya bangsa Indonesia, wiwit saka gerakan Kebangkitan Nasional 1908, sumpah pemuda 1928, nganti proklamasi kamardikan 17 Agustus 1945. Minangka bangsa lan negara sing wis mardhika saka penjajah, aja nganti kita uga tumindak kayadene penjajah marang bangsa liya. Gusti Allah iku miyarsakake pasambate wong kang katindhes, lan makarya ngluwari bangsa sing jinajah, lan ngawula marang bangsa liya. Tahun 1976 Indonesia ngrebut Timor Timur sing nalika iku dikuwasani dening Portugis, nanging ing tahun 1999 ana referendum lan Timor Timur madeg dadi negara Timur Leste, pisah saka Indonesia.

 Saben bangsa nduweni hak kanggo nemtokne uripe dhewe kanthi mardika. Gusti bakal ngukum penjajah kanthi adil. Dadi warga negara lan dadi umate Gusti iku ndherek mbabarake sih lan piwelas ing tata urip bebarengan. Tansah nuwuhaken karukunan lan katentreman ing pasrawungan.  Aja nganti ana perang, crah pasulayan ing antarane bangsa siji lan liyane. (Suharto).