DADI MINORITAS SING UNGGUL

DADI MINORITAS SING UNGGUL

Rabu Pon, 19 Agustus 2026

DADI MINORITAS SING UNGGUL

Lukas 12: 32 – 40

————————————————————————————————————————–

Wong Kristen ing donya iku kalebu kelompok mayoritas miturut kalayan sensus statistik lan demografi agama saka lembaga Pew Research Center uga saka Word Population Review. Nanging beda maneh ing Indonesia, wongKristen mung minoritas. Ana uga ing saperangn wilayah Indonesia ing sisih wetan, wong Kristen akeh sing dadi kelompok mayoritas. Mung wae, amarga jumlah penduduk ing pulau Jawa iku 65% saka penduduk Indonesia, lan penduduk ing Indonesia sisih wetan mung sithik, tetep wae wong Kristen iku minoritas, dibandhingke kelompok agama liyane. Sanajan dadi minoritas, adeg minangka warga negara iku padha, dijamin dening undang-undang supaya bisa nindakne pangabekti miturut agama lan kaprecayane.

Apa maneh ing ngarsane Gusti, sing ngersakake lan nimbali kita dadi umat ing Kratone Allah. Jumbuh saking waosan ing dinten punika: “Kowé pepanthan cilik, aja padha wedi. Sebab Ramamu ing swarga ngersakaké kowé padha dadi umat ing Kratoné” (Lukas 12:32). Menawa kudu milih kualitas lan kuantitas, amarga cacahe mung sithik lan ora bisa dadi mayoritas, sing dipilih mesthi wae kualitas. Ing wacan Kitab Suci dina iki, Gusti nimbali supaya kita nglumpukne bandha ing swarga, dudu bandha donya sing ora langgeng. Lan urip makarya kanthi tumemen, dadi abdi sing tansah siyaga, mapag Bendarane sing bakal rawuh ing wektu sing ora kanyana. Urip lan pakaryan kita ora katujokake marang manungsa, nanging kaaturake ing ngarsane Gusti, Bendara kita. Iku kang dadi kualitas urip Kristen.

Ing sejarah Indonesia, kita duwe panutan warga Kristen sing bisa dadi tuladha anggone makarya ing satengahing bangsa kadasta: Patimura, Yos Sudarso, Slamet Riyadi, Sam Ratulangi, Johanes Leimena, Johanes Kasimo, TB Simatupang, Wolter Robert Monginsidi, Agustinus Adisucipto, Urip Sumaharjo lan isih akeh maneh jeneng sing bisa didaftarake. Sanajan klebu golongan sing sithik lan cilik, nanging anggone makarya leladi ing satengahing bangsa tansah diengeti kanthi kajen lan urmat. Sanajan cilik lan sithik, aja wedi mbabarake timbalan leladi, makarya amrih karaharjan lan karahayon bangsa! (Suharto).

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline