Jemuwah, 2 Oktober 2026 Minggu Limrah
Yeremia 2:23-37; Jabur 80:7-15; Filipi 2:14-18; 3:1-4a
PANGGRUNDEL LAN SUWALA
”Lakonana samubarang kabeh kalawan tanpa panggrundel lan suwala” (Filipi 2:14)
————————————————————————————————————————–
Panggrundel lan suwala punika dados perangan ingkang asring kita panggihi ing gesang padintenan, mirungganipun tumrap tiyang ingkang kedah nindakaken pakaryan ingkang cengkah kaliyan isining batin. Tuladhanipun, tiyang ingkang nyambut damel ing kantor lan pranyata kanca ingkang langkung senior (langkung sepuh, langkung pengalaman) ing kantor punika asring sanget nyatru. Anggenipun nyambut damel dados boten sekeca, lajeng tuwuh panggrundel, dangu-dangu lajeng kepengin medal saking kantor punika. Sedaya punika kawontenan ingkang asring kita panggihi lan temtu boten prayogi tumrap gesang kita.
Punapa wigatosipun ngrembag panggrundel lan suwala ing gesang punika? Panggrundel punika nuwuhaken suwala, lan suwala punika ndadosaken manungsa kecalan makna nalika nglampahi gesang peparingipun Gusti.
Paulus lan Timoteus ngemutaken pasamuwan Filipi supados anggenipun gesang punika nebih saking panggrundel lan suwala kados makaten. Kekalihipun ngemutaken bilih pakaryan ing Sang Kristus punika adhedhasar tresna asih, lan punika nuntun para pendherekipun Gusti dhateng gesang ingkang prayogi. Mila, sampun ngantos wonten panggrundel punapa malih suwala nalika nampi timbalan pakaryan kawilujengan saking Gusti. Pakaryan kawilujengan punika boten adhedhasar untung-rugi utawa wigatos – boten wigatos, ananging sedaya punika kedah kalampahan awit tulusing manah ingkang nindakaken.
Minangka tiyang pitados, kita ugi kaemutaken ing bab ingkang sami, supados kita nebihi sikep panggrundel ingkang nuwuhaken suwala. Nalika wonten ing satengahing pasamuwan wonten panggrundel, lampahing peladosan dados randhat. Nalika peladosan randhat, tuwuh tiyang-tiyang ingkang suwala nalika kedah nindakaken ayahan peladosan punika. Wusananipun gesang masamuwan boten karaos ngremenaken malih. Sumangga kita nebihi panggrundel ingkang nuwuhaken suwala. |*WAS
