Rabu, 25 Maret 2026 Waosan : Yeremia 32 : 1 – 9, 36 – 41 | Pamuji : KPJ. 68 – “Ingsun bakal karenan damel becik marang wong-wong iku, marga saka wong-wong iku, sarta Sundamel tuwuh ana ing nagara kene kalawan setya, kalawan gumolonging galih lan gumolonging nyawaningSun.” (Ayat 41) KATRESNANIPUN GUSTI ALLAH “Kasih ibu, kepada beta tak terhingga sepanjang masa” punika kutipan saking lagu ingkang judulipun kasih ibu. Lagu punika nyariosaken katresnanipun tiyang sepuh mliginipun ibu ingkang ageng dhateng putranipun. Ing wanci samangke lagu punika kadosipun sampun kirang relevan awit kita asring manggihi berita tiyang sepuh ingkang nglarani anakipun. Prekawis punika saged kedadosan karana raos kamanungsan kita ingkang ringkih, ingkang asring mboten saged nresnani sesami kanthi saestu, mekaten ugi tumrap brayat kita. Wonten ing waosan kita kacariyosaken relasi Gusti Allah dhateng umat-Ipun ingkang kebak katresnan. Kita pirsa bilih bangsa Israel sampun nglirwakaken pangandikanipun Gusti lan nilar Panjenenganipun. Saking tumindakipun punika bangsa Israel nampi paukuman saking Gusti Allah. Bangsa Israel dipun bucal dhateng Babel. Sadaya punika dados sarana kagem Gusti Allah gulowentah tumrap umat-Ipun. Wonten ing ayat 36-41, kita pirsa senadyan Gusti Allah sampun paring paukuman ananging sih katresnan-Ipun dhateng Bangsa Israel mboten ical. Saking sih katresnan-Ipun, Gusti Allah paring janji bilih bangsa Israel mratobat badhe kaparingan katentreman lan pangertosan supados gesangipun miturut karsan-Ipun Gusti. Mekaten Gusti badhe mberkahi umat-Ipun Israel. Wonten salebeting gesang kita sadinten-dinten, saged ugi kawontenan gesang kita sami kados Bangsa Israel ing waosan punika. Ing pundi kadang kita taksih asring tumindak dosa, nindakaken gesang ingkang tebih saking karsanipun Gusti. Kita ugi nate nampi woh saking tumindak kita ingkang awon punika, inggih punika paukuman saking Gusti. Ing ngriku kita saged ngraosaken bilih woh saking piawon punika mboten nentremaken gesang lan manah kita. Selajengipun kita saged sinau bilih Gusti Allah nggulowentah kita supados kita sadar lan mboten nindakaken dosa malih. Mangga kita saged mangertosi bilih sih katresnan-Ipun Gusti Allah punika ageng sanget dhateng kita umat kagungan-Ipun. Panjenenganipun ngersakaken gesang kita tentrem rahayu lan binerkahan. Mangga kita gesang miturut karsanipun Gusti. Amin. [BWP]. “Mila kula ngidung Allah Maasih, Allah Maasih mring manungsa.”
MENGERJAKAN YANG TERBAIK
Selasa, 24 Maret 2026 Bacaan : Efesus 2 : 1 – 10 | Pujian : KJ. 40 – “Sebab karena anugerah kamu diselamatkan oleh iman; itu bukan hasil usahamu, tetapi pemberian Allah.” (Ayat 8) MENGERJAKAN YANG TERBAIK Ada seorang mahasiswa membawa laptopnya yang mati pada tukang service laptop. Tukang service itu mengatakan bahwa laptopnya masih utuh, batreinya masih baik, mesin masih aman, hardisk-nya (penyimpan data) masih berfungsi dengan baik. Setelah kembali dicek, ternyata ditemukan kerusakan pada kabel cas yang putus, mungkin karena gigitan tikus atau tertindih. Kerusakan kabel cas inilah yang membuat batrei tidak teraliri listrik, sehingga tidak ada daya untuk membuat laptop menyala. Putusnya aliran listrik membuat laptop mati. Demikian pesan Paulus dalam suratnya kepada Jemaat di Efesus, manusia bisa putus hubungan dengan Allah karena dosa. “Kamu dahulu sudah mati karena pelanggaran-pelanggaran dan dosa-dosamu.” (Ay. 1). Paulus menyampaikan dua hal yang perlu dicermati bagi pembaca teks Alkitab masa kini. Pertama di ayat 8, “Sebab karena kasih karunia kamu diselamatkan oleh iman; itu bukan hasil usahamu, tetapi pemberian Allah.” Bagian pertama ini menjelaskan bahwa manusia dahulu mati karena dosa-dosanya, hanya oleh kasih karunia Allah manusia dihidupkan kembali melalui kematian dan kebangkitan Yesus Kristus. Setiap orang yang percaya menerima keselamatan dari-Nya. Bagian kedua kalimat: “bukan hasil usahamu, tetapi pemberian Allah,” menjelaskan bahwa tidak ada alasan bagi manusia untuk menyombongkan dirinya sebab keselamatan adalah anugerah Allah. Itulah dua hal penting yang disampaikan Paulus kepada Jemaat Efesus supaya mereka menyadari kasih karunia Allah, bukan malah hidup dalam hawa nafsu duniawi. Mereka harus hidup dalam kehendak Allah, karena sudah diselamatkan. Mereka yang diselamatkan Allah adalah milik Kristus, yang harus ikut ambil bagian dalam mengerjakan kebaikan. Kembali kepada kisah tukang service laptop yang mau mengerjakan yang terbaik dalam pekerjaannya, menyampaikan kerusakan laptop sesuai kenyataan. Bisa saja tukang service laptop itu mengatakan bahwa harus ganti mesin supaya mendapat untung yang lebih, tetapi tukang service laptop mengatakan yang sebenarnya, yaitu hanya kerusakan kabel cas, hanya butuh disambung agar kembali hidup. Demikian dengan kehidupan kita saat ini, mari kita mengerjakan yang terbaik dalam pekerjaan kita, supaya kehadiran kita benar-benar menolong sesama dan menjadi berkat bagi orang lain di sekitar kita. Amin. [LEN]. “Kerjakan yang terbaik dalam hidupmu, supaya menjadikan berkat.”
PITADOS MRING GUSTI
Senin, 23 Maret 2026 Waosan : 1 Para Raja 17 : 17 – 24 | Pamuji : KPJ. 198 – “Wong wadon mau tumuli matur marang nabi Elia: “Sapunika kula sumerep, bilih panjenengan punika abdining Allah saha bilih pangandikanipun Sang Yehuwah ingkang panjenengan ucapaken punika pancen leres.” (Ayat 24) PITADOS MRING GUSTI Mangun kapitadosan punika sanes prekawis ingkang gampang. Nalika kita kepanggih tiyang sanes, ingkang mboten nate kepanggih, tamtu kita mboten badhe crita bab gesang kita. Ananging, bilih tiyang punika sampun kita tepang lan akrab kaliyan kita, kita saged crita bab gesang kita. Punika ugi sami, menawi wonten tiyang ingkang nasehati kita, ananging tiyang punika mboten sumerap kawontenan gesang kita saben dintenipun, tamtu kita mboten badhe gatosaken tumrap pangucapipun, punapa malih badhe manut piyambakipun. Kahanan punika, benten kaliyan punapa ingkang dipun alami randha ing Sarfat. Piyambakipun mboten tepang Nabi Elia, mboten nate kepanggih. Ananging, nalika Nabi Elia nyuwun toya lan roti, klayan pangandhikan-Ipun Gusti, randha punika pitados. Kapitadosan sampun kewangun antawisipun Nabi Elia lan randha Sarfat. Nanging kapitadosan ingkang kewangun punika kalong amargi anakipun randha Sarfat punika mati. Randha Sarfat punika gela lan kuciwa. Piyambakipun sampun pitados dhateng Nabi Elia ingkang beta kawilujengan, ananging anakipun malah mati. Bab punika, ingkang kadang kita alami wonten ing gesang kita. Kadang, kita rumaos sampun pitados dhumateng Gusti klayan tumemen, ananging taksih ngalami sisah lan pacoban. Kahanan kados punika, ingkang damel kita nggadhahi pitakenan ing manah kita, “Kenging punapa dhuh Gusti kahanan punika kedadosan wonten ing gesang kula?” Wonten ing mangsa Pra-Paskah punika, kita sami dipun ajak mratobat saking tumindak awon ingkang kita lampahi, saking kapitadosan kita ingkang kalong. Kados Nabi Elia ingkang dipun pathah Gusti kangge nulungi randha ing Sarfat lan nangekaken anakipun, mekaten ing sadhengahing gesang kita, Panjenenganipun karsa nulungi gesang kita ingkang awrat. Sumangga kita pitados dhumateng Gusti. Wonten ing kahanan sisah lan bingah, kita tetep pitados bilih rancangan-Ipun Gusti kagem kita sanes rancangan ingkang awon, nanging rancangan ingkang endah. Mangga kita gesang linandesan iman kapitadosan ingkang kiyat. Gusti tansah ngiyataken kita, nglampahi sadaya kahanan gesang kita. Amin. [HADS]. “Pitados mring Gusti sanadyan kawontenan gesang mboten pasti.”
ANGKAT BATU ITU!
Minggu, 22 Maret 2026 Bacaan : Yohanes 11 : 1 – 45 | Pujian : KJ. 385 – “Mereka pun mengangkat batu itu.” (Ayat 41a) ANGKAT BATU ITU! Seorang mantan narapidana kasus narkoba datang ke gereja. Ia duduk diam di bangku belakang, berharap ia bisa memulai hidup baru. Tetapi setelah ibadah usai, tak satu pun warga jemaat menyapanya. Beberapa orang dari warga jemaat itu justru menghindarinya. Minggu berikutnya, ia tidak datang lagi ke gereja. Ia sungguh ingin bertobat, tetapi merasa ditolak. Kisah ini menyadarkan kita bahwa banyak orang seperti Lazarus, dipanggil keluar dari kubur, tetapi mungkin masih terhalang oleh batu besar. Kisah Lazarus yang dibangkitkan bukan sekadar mukjizat Yesus yang mengalahkan maut. Ini adalah gambaran kuat bagaimana hidup baru dimulai ketika komunitas berani bersama-sama membuka pintu kubur dan melepaskan ikatan-ikatan kematian. Yesus tidak membangkitkan Lazarus sendirian. Ia melibatkan orang-orang sekitar. Ia meminta mereka mengangkat batu yang menutup kubur Lazarus (Ay. 39). Dan setelah Lazarus keluar, Ia berkata, “Bukalah kain-kain itu dan biarkan ia pergi.” (Ay. 44). Ini memberi pelajaran penting bagi kita bahwa pertobatan dan kebangkitan bukan hanya persoalan pribadi, tetapi perjuangan bersama. Sering kali orang ingin berubah, bertobat, hidup baru, tetapi mereka terhalang oleh “batu” yang berat, yaitu trauma, dosa lama, penolakan, stigma sosial, dll. Untuk itu, mereka butuh kita sebagai gereja, komunitas, dan keluarga untuk bersama-sama membantu membuka jalan bagi mereka yang ingin bertobat. Dalam masa pra-paskah saat ini, mari kita bertanya dalam hati, “Apakah kita mau membantu mengangkat“batu” dan melepaskan belenggu-belenggu saudara kita yang ingin bertobat? Atau kita malah menghakimi dan membiarkan mereka tetap dalam gelap?” Pertobatan sejati tidak terjadi dalam kesendirian. Gereja dipanggil bukan hanya untuk berkhotbah tentang kasih dan pengampunan, tetapi menghidupi kasih itu dalam perbuatan nyata dengan menerima kembali mereka yang mau bertobat, mendampingi mereka, dan memperjuangkan pemulihan bersama. Amin. [kila]. “Gereja bukan tempat penghakiman masa lalu, tetapi rumah bagi awal yang baru.”
PAMULIHAN SAKING GUSTI
Sabtu, 21 Maret 2026 Waosan : Jabur 130 : 1 – 8 | Pamuji : KPJ. 136 – “Aku nganti-anti marang Pangeran Yehuwah, nyawaku ngarep-arep, lan aku ngarep-arep marang Pangandikane.” (Ayat 5) PAMULIHAN SAKING GUSTI Kados tiyang ingkang dawah mlebet sumur, tiyang punika kanthi sora nyuwun tulung, nanging mboten wonten tiyang ingkang mangsuli. Ngantos dangu wonten swanten, “Kula mireng swanten panjenengan nyuwun tulung, sekedhap kula pados alat lan rencang kangge nulungi panjenengan.” Sanes tangan ingkang langsung narik, nanging wonten janji badhe wonten pitulungan. Mekaten kawontenanipun gesang punika, kathah tiyang ingkang kacemplung ing kasusahan awit dawah ing dosa, lajeng nyuwun pitulungan dhumateng Gusti. Jabur 130 punika Jabur ratapan saha pangajeng-ajeng. Juru Mazmur ndedonga nyuwun tulung dhumateng Gusti saking “papan ingkang lebet”, ingkang nggambaraken kahanan gesang ingkang awrat lan kebak momotan. Juru Mazmur nyumerepi kalepatanipun lan mboten dipun tutup-tutupi. Piyambakipun mangertos bilih Gusti Allah punika sumbering pangapunten lan pamulihan (Ay. 3–4). Mboten wonten satunggaling tiyang ingkang saged jumeneng ing ngarsan-Ipun, namung saking sih pangapunten-Ipun, manungsa kaparingan pangapunten. Juru Mazmur mangertos bilih ngrantos Gusti punika mboten ateges pasrah tanpa pengajeng-ajeng, nanging kebak pangajeng-ajeng bilih Gusti badhe paring pangapunten lan pamulihan. Saking waosan wekdal punika, kita dipun ajak sinau ngrantos pitulunganipun Gusti kanthi iman. Pamulihan mboten mesthi kawujud cepet, nanging srana pangajeng-ajeng kita dhumateng Gusti, anggen kita ngrantos pitulunganipun Gusti mboten badhe muspra. Pamulihan badhe kita tampi menawi kanthi andhap asor kita ngakeni dosa kita lan sabar ngrantos sih rahmat-ipun Gusti. Pamulihan punika mboten karana kita kiyat, nanging awit saking pangaken bilih kita punika ringkih. Jabur 130 ngengetaken kita, kakiyatan kita punika medal saking manah ingkang ringkih, ingkang pitados Gusti. Mangsa Pra-Paskah punika wekdal ingkang sae kangge kita mbikak manah, ngakeni karikihan kita, lan sowan dhumateng Gusti. Mangga ing jroning gesang, kita pitados bilih Gusti mirengaken pandonga kita. Kita rantos sih rahmat lan pamulihan saking Gusti srana iman lan pangajeng-ajeng. Amin. [WAY]. “Tatu nuwuhaken pangajeng-ajeng enggal.”
“KRINGG …” ALARMKU SUDAH BERBUNYI!
Jumat, 20 Maret 2026 Bacaan : Yehezkiel 33 : 10 – 16 | Pujian : KJ. 340 – “Demi Aku yang hidup, demikianlah firman Tuhan ALLAH, Aku tidak berkenan pada kematian orang fasik, melainkan Aku berkenan pada pertobatan orang fasik itu dari tingkah lakuannya supaya ia hidup. Bertobatlah, bertobatlah dari hidupmu yang jahat itu!” (Ayat 11) “KRINGG …” ALARMKU SUDAH BERBUNYI! Pastilah kita pernah membuat alarm di handphone atau jam beker dengan harapan supaya kita dapat bangun sesuai dengan waktu yang kita tentukan. Selanjutnya kita dapat melakukan aktivitas atau pekerjaan dengan tepat waktu dan tidak terburu-buru. Namun, tidak jarang kita tidak mendengar suara alarm yang sudah kita buat, entah karena kita terlalu terlelap ketika tidur, terlalu sibuk dengan kegiatan atau pekerjaan yang kita lakukan, atau memang dengan sengaja kita mengabaikan alarm yang berbunyi itu karena malas. Bacaan Firman Tuhan hari ini mengisahkan cara Tuhan Allah untuk menjaga bangsa Israel supaya tidak jatuh ke dalam dosa melalui Yehezkiel. Yehezkiel diutus Tuhan untuk memberikan peringatan kepada para pemimpin Israel agar mereka bertobat dan kembali kepada Tuhan. Yehezkiel minta mereka untuk meninggalkan segala dosa-dosa mereka, agar mereka tidak membuat dan menyembah berhala ilah – ilah lain. Yehezkiel berseru kepada Bangsa Israel, “Bertobatlah, bertobatlah dari hidupmu yang jahat itu!” Seruan ini menjadi “alarm” yang harus didengar dan dilakukan oleh bangsa Israel. Peringatan ini disampaikan kepada bangsa Israel agar mereka tetap percaya kepada Tuhan dan merasakan kehidupan yang damai. Dalam dinamika perjalanan hidup orang percaya dan beriman, ada banyak hal yang dapat membuat kita jatuh ke dalam dosa. Misalnya dalam hal perekonomian, hubungan anggota keluarga, di pekerjaan, di mana pun pun kita berada. Hal itu dapat menjadi celah bagi kita untuk berbuat dosa. Namun, kita memiliki firman Tuhan yang menjadi alarm bagi kita, yang menjadi benteng, sumber nasihat serta peringatan bagi kita supaya terus berjalan pada kebenaran Firman Tuhan. Ketika ada celah untuk berbuat dosa, “Kriingggg!!!” alarm sudah berbunyi! Tuhan sudah memberikan peringatan kepada kita, maka dari itu mari kita berbalik dan bertobat kepada-Nya. Amin. [YN]. “Segala sesuatu yang ada di dunia dapat menjadi celah bagi kita untuk berbuat dosa. Firman Tuhan menjadi alarm yang terus mengingatkan kita.”
SEKSI KRISTUS
Kamis, 19 Maret 2026 Waosan : Wahyu 10 : 1 – 11 | Pamuji : KPJ. 384 – “Aku tumuli nampani kitabe saka ing astane malaekat mau, banjur dakpangan: ana ing cangkemku rasane legi kaya madu, nanging sawuse dakpangan, wetengku krasa pait.” (Ayat 10) SEKSI KRISTUS Saking jaman para rasul, greja tansah netepi dhawuh Gusti Yesus, “Kowe bakal padha dadi seksi-Ku.” Dados seksi tegesipun nyekseni pakaryanipun Gusti, martosaken Injil, lan ngluhuraken asmanipun Gusti Yesus lumantar tembung lan laku gesang. Dados seksi Kristus punika nyariyosaken piwucalan Sang Kristus. Bab punika kalajengaken dados tradisi greja ingkang datan kendhat lan samangke kita dipun ajak nglajengaken. Saben tiyang pitados dipun utus dados seksi ing papan panggenanipun piyambak-piyambak. Wonten ing sejarah, kathah seksi iman ingkang setya, senadyan ngadhepi panyiksa lan pati. Punika ndadosaken kita enget, menawi dados seksi punika sanes padudoning pakurmatan, nanging pakaryan suci ingkang mbetahaken pangurbanan. Wahyu 10:1–10 nyariyosaken pawiyatan simbolis nalika Rasul Yokanan ningali mlaekat agung nyepeng kitab alit saking swarga. Kitab punika dipun paringaken dhateng Yokanan, lan piyambakipun dipun prentah nedha kitab punika. Raosipun manis ing tutuk, nanging pait wonten ing madharan. Punika pralambang menawi sabdanipun Gusti punika bingahaken nalika dipun mirengaken, nanging awrat nalika dipun lampahi. Mila dados seksi ingkang pikantuk piwucalaning Gusti Yesus punika mboten gampil, kedah wonten pambudidaya, malah kadang ugi sampun mbudidaya taksih ngadepi kasangsaran. Nanging, Gusti ngutus supados Yokanan nedhahaken warta kabingahan punika dhateng maneka bangsa. Artosipun, sinaosa kabar kabingahan punika ewet dipun aturaken, ananging sabda punika kedah dipun wartosaken dhateng umat. Samangke wekdaling mangsa Pekan Suci saya celak, wekdal punika dados wanci ingkang trep kangge nyawisaken manah kita. Kados dene Yokanan, kita ugi sumadya “Nedha kitab cilik” ingkang nggambaraken timbalan kangge ndherek Gusti kanthi lebet. Kita dipun ajak dados seksinipun Sang Kristus ing gesang kita. Paskah punika sanes namung panghargyan tata panembah, nanging timbalan gesang enggal. Srana sinau sabdanipun Gusti, mangga kita ndedonga kanthi tulus, mitulungi sesami, saha nyawisaken manah ingkang suci lan tulus. Nyambeti Pekan Suci, mangga kita mboten namung nindakaken ritual kemawon, nanging ugi nggadhah tekad dados seksi kabingahan wungunipun Sang Kristus. Amin. [YOPI]. “Sanguis martyrum est semen Christianorum: Getihing para martir punika winih umating Kristus”
PELANGI KEHIDUPAN
Rabu, 18 Maret 2026 Bacaan : Yesaya 60 : 17 – 22 | Pujian : KJ. 366 – “Bagimu akan ada matahari yang tidak pernah terbenam dan bulan yang tidak surut, sebab Tuhan akan menjadi penerang abadi bagimu, dan hari-hari perkabunganmu akan berakhir.” (Ayat 20) PELANGI KEHIDUPAN Pelangi adalah fenomena meteorologi yang terjadi akibat pantulan, pembiasan, dan difraksi cahaya dalam tetesan air, yang menghasilkan spektrum warna di langit. Pelangi biasanya berbentuk lengkung, yang terdiri dari tujuh warna: merah, jingga, kuning, hijau, biru, nila dan ungu. Pelangi sering terlihat setelah hujan turun, ketika sinar matahari mengenai tetesan air di atmosfer. Bagi kita umat Tuhan, pelangi mengingatkan kita akan perjanjian Tuhan Allah dengan Nuh, bahwa Allah tidak akan memusnahkan manusia dengan air bah. Pelangi juga menandai sebuah pengharapan umat Tuhan bahwa akan ada sukacita di balik dukacita, akan ada damai sejahtera dan pertolongan di balik setiap pergumulan dan penderitaan yang terjadi. Bacaan firman Tuhan saat ini berbicara tentang nubuat Yesaya akan pemulihan dan keselamatan Israel. Bangsa Israel yang ada dalam pembuangan Babel saat itu, diingatkan untuk tetap kuat dalam penderitaan dan setia dalam pengharapan kepada Tuhan Allah. Melalui Yesaya, Tuhan Allah menjanjikan pemulihan dan keselamatan atas umat-Nya Israel. Mereka yang ditinggalkan, dipandang rendah, dan dihina, mereka nanti akan dihormati (Ay. 15). Mereka yang menderita sengsara dan kelaparan akan diganti dengan kemakmuran (Ay. 16-17). Kekerasan tidak akan menimpa mereka lagi, sebab Tuhan Allah yang akan menjadi penerang abadi bagi mereka (Ay. 18-20). Mereka akan kembali ke negeri mereka dan keturunan mereka akan menjadi bangsa yang kuat (Ay. 21-22). Disinilah Tuhan Allah berjanji bahwa Ia tidak akan meninggalkan umat-Nya, Ia akan selalu menyertai umat-Nya. Yang Tuhan kehendaki agar mereka selalu percaya dan mengandalkan Tuhan dalam hidup mereka. Pada masa Pra Paskah saat ini, kita diingatkan bahwa menjadi pengikut Tuhan Yesus tidak lepas dari pergumulan dan penderitaan. Karena itu, kita harus selalu memegang teguh janji Tuhan kepada kita, bahwa Tuhan tidak akan meninggalkan kita sendiri. Tuhan akan memulihkan dan menyelamatkan kita dari setiap pergumulan dan penderitaan yang kita alami. Ingatlah ada pelangi sehabis hujan, ada keindahan dan kebaikan yang kita rasakan dibalik setiap kesulitan dan rintangan di depan kita. Pelangi kehidupan selalu indah pada waktunya. Tetaplah bertahan, setia, dan terus percaya akan pemulihan dan keselamatan yang telah Tuhan janjikan. Amin. [AR]. “Pelangi kasih-Nya senantiasa ada mewarnai kehidupan umat yang dikasihi-Nya.”
WOHING GESANG
Selasa, 17 Maret 2026 Waosan : Kolose 1 : 9 – 14 | Pamuji : KPJ. 196 – “… lan sajrone nindakake sakabehing panggawe becik bisa metokake woh, lan maneh saya mundhak murni kawruhmu ing bab Gusti Allah, …” (Ayat 10) WOHING GESANG Kanggenipun para tani mangsa panen punika dados mangsa ingkang mbingahaken awit para tani saged metik asil anggenipun ngrimati tanemanipun. Pangajeng-ajengipun asil panen punika saged nyekapi kangge kabetahanipun olah tetanen, nyekapi kangge gesangipun lan brayatipun sadinten-dinten. Mila taneman ingkang ngedalaken woh punika saestu mbingahaken manah lan nentremaken batos. Kosokwangsulipun bilih taneman punika mboten woh, tamtu ndadosaken gelaning manah para tani punika. Mekaten ing lampah gesang kita minangka pandherekipun Gusti Yesus, Gusti Yesus ngersakaken gesang kita punika ngedalaken woh ingkang sae, ingkang saged dipun raosaken dening tiyang sanes. Waosan ing wekdal punika nyerat layangipun rasul Paulus dhateng pasamuwan Kolose. Nalika semanten rasul Paulus nyerat layangipun saking penjara. Paulus ngiyataken pasamuwan Kolose supados waspada tumrap piwulang-piwulang blasar ingkang wonten ing satengah-tengahing pasamuwan. Ing perangan waosan kita, Rasul Paulus ngaturaken saos sokur dhumateng Gusti Allah Sang Rama tuwin Gusti Yesus. Piyambakipun tansah ndongakaken pasamuwan Kolose supados tanggon ngadhepi piwulang blasar. Ndongakaken supados iman lan katresnanipun warga pasamuwan Kolose tansaya tuwuh ngrembaka sarta ngedalaken woh ingkang sae. Mekaten ugi pangertosan bab Gusti Allah saged ndadosaken pasamuwan Kolose kiyat ngadhepi maneka werni pacoben lan panggodha. Pungkasanipun Paulus nyuwun supados pasamuwan Kolose dados pasamuwan ingkang tumemen ing Gusti sarta sabar anggenipun ngadhepi mawerni-werni karibetaning gesang. Punapa ingkang dipun aturaken rasul Paulus dhateng pasamuwan Kolose punika saged dados pepenget kangge kita sadaya. 1. Kita kedah saos sokur ing sadengah kahanan. 2 Kita kedah kiyat ngadepi maneka warni panggodha. 3. Gesang kita kedah ngedalaken woh ingkang sae. Kanthi mekaten sadaya lampah gesang kita tansah nunggil Gusti sarta dipun kanthi dening Gusti. Mangga ing mangsa pra paskah punika, kita saged ngedalaken woh-wohaning gesang ingkang sae, ingkang saged dipun raosaken tiyang sanes, saha dados berkah salebeting gesang. Mangga nindakaken gesang ingkang nuwuhaken woh katresnan, woh kasabaran, woh kaadilan, lsp. Gusti tansah mitulungi lan mberkahi kita. Amin. [AR]. “Wohing gesang kita ingkang sae punika saged dados berkah kangge sesami.”
HIDUP YANG DIPULIHKAN
Senin, 16 Maret 2026 Bacaan : Yesaya 59 : 9 – 19 | Pujian : KJ. 36 – “Ia melihat bahwa tidak seorang pun yang tampil, dan Ia tertegun karena tidak ada yang membela. Maka tangan-Nya sendirilah yang menolong Dia, dan keadilan-Nyalah yang menopang Dia.” (Ayat 16) HIDUP YANG DIPULIHKAN Terdapat kalimat filsuf yang berkata demikian, “Kebenaran adalah cahaya dan hati manusia adalah cermin. Bila cermin itu ternoda, maka terang tak akan nampak.” Seperti cermin besar yang berada dalam rumah. Selama cermin itu bersih, maka cahaya dari luar akan memantul dan menerangi ruangan. Tetapi apabila cermin itu berdebu, penuh dengan goresan atau retak, maka terang tak akan lagi tampak. Hal itu terjadi bukan karena terang yang hilang, tetapi karena cermin tak lagi sanggup memantulkan cahaya terang itu. Yesaya 59 menggambarkan kondisi Bangsa Israel yang sedang berada dalam kegelapan akibat dosa mereka sendiri. Mereka merasakan bahwa kebenaran dan keadilan seakan telah jauh dari kehidupan mereka. Mereka mengakui bahwa “Kami menantikan terang, tetapi hanya ada kegelapan.” (Ay. 9). Kehidupan ini mencerminkan betapa dalamnya kerusakan yang terjadi karena dosa. Dampaknya tidak hanya terjadi dalam hubungan mereka pribadi dengan Tuhan, tetapi juga dalam tatanan sosial dan spiritualitas iman mereka. Di tengah ratapan dan keputusasaan inilah Yesaya menyatakan terang Allah, bahwa Ia sendiri yang turun tangan untuk memulihkan umat-Nya (Ay. 16). Dari hal inilah kita dapat mengetahui bahwa kasih karunia dan anugerah Allah bekerja melalui pertobatan dan membuka jalan pemulihan. Pertobatan sejati bukan hanya terbatas pada mengakui dosa, tetapi juga menyerahkan diri sepenuhnya kepada Tuhan dan membuka hati untuk dipulihkan. Masa pra paskah adalah saat yang tepat bagi kita untuk merenungkan kembali makna kasih dan pengurbanan Tuhan Yesus bagi hidup kita. Oleh darah-Nya yang tercurah di Golgota, relasi kita dengan Allah dipulihkan. Mari kita berseru seperti bangsa Israel: “Kami telah berdosa”, lalu kita kembali kepada Tuhan dengan hati yang hancur dan rindu untuk mendapat pemulihan dari-Nya. Sebab ketika kita bertobat, maka kita tidak hanya memperbaiki hubungan kita dengan Tuhan Allah saja, tetapi juga memulihkan “Rumah Tuhan” dalam wujud keluarga dan persekutuan di gereja maupun masyarakat. Tuhan Yesus memampukan kita. Amin. [Hy]. “Dosa memisahkan, tetapi kasih Tuhan memulihkan.”
