“Amarga aku kelingan marang pracayamu kang tulus eklas, yaiku pracaya kang biyen wus dumunung ana ing embahmu Lois lan ibumu Eunike apadene kang manut keyakinanku uga dumunung ana ing kowe.” (2 Timoteus 1 :5)
Timoteus punika salah satunggaling muridipun rasul Paulus ingkang kaanggep minangka putranipun secara rohani. Sinaosa tiyang sepuhipun Timoteus, inggih punika bapakipun punika sanes tiyang pitados, ananging ingkang ibu lan ingkang eyangipun punika pendherekipun Gusti Yesus. Kapitadosan lan kasetyanipun ibu Eunike lan eyang Lois punika dados bab ingkang wigati tumrap gesangipun Timoteus. Saklajengipun, Timoteus ppunika saged tuwuh ing kapitadosanipun dhumateng Gusti Yesus. Punapa malih saksampunipun pepanggihan lan sinau saking rasul Paulus. Timoteus punika dados abdinipun Gusti ingkang sembada.
Cariyos bab gesangipun Timoteus, ibu Eunike lan eyang Lois punika nandhesaken wigatosing patuladhanipun tiyang sepuh tumrap putra wayahipun. Kitab Suci nelakaken bilih Gusti Allah punika paring dhawuh supados tiyang sepuh nggulawentah anak-anakipun miturut angger-anggeripun Gusti, “Tembung-tembung kang diprentahake marang kowe ing dina iki, iku padha gatekna, lan padha wulangna bola-bali marang anak-anakmu …” (Pangandharing Toret 6:6-7). Ing salebeting memulang lan nggulawentah anak putu punika, mesthinipun boten namung kanthi pitembungan, ananging ugi kanthi tumindak ingkang nyata. Kapitadosan lan sikep gesangipun tiyang sepuh prayogi dados tuladha tumrap putra wayahipun.
Emanipun, taksih kathah tiyang sepuh ingkang nglirwakaken dhawuhipun Gusti. Taksih kathah tiyang sepuh ingkang namung ngendelaken tiyang sanes (guru/sekolah, pandhita/greja) kangge nggulawenthah anakipun. Pancen sekolah lan greja ugi dados sarana kangge ndhidhik lan nggulawentah lare, ananging tanggel jawab ingkang utami punika kadhawuhaken dhateng para tiyang sepuh. Sumangga budidaya dados tuladha ingkang nyata kangge anak putu kita ing bab kapitadosan lan kasetyan dhumateng Gusti kita. Amin. |*ERY
