Jumat, 13 Maret 2026
Waosan : 1 Samuel 15 : 22 – 31 | Pamuji : KPJ. 161
–
“Mbangun turut punika saestu langkung sae katimbang kurban sembelehan, nggatosaken langkung sae katimbang gajihipun menda jaler.” (Ayat 22)
TUNDUK DHUMATENG GUSTI
Punapa panjenengan nate nyuwun tiyang sanes nindakaken prekawis wigati, nanging piyambakipun malah nglampahi prekawis sanes ingkang miturut pemanggihipun langkung sae? Contonipun, tiyang sepuh nyuwun anakipun resik-resik kamar, nanging anak punika malah masak lan nyuguhaken dhaharan enak. Sanadyan tumindak punika katingal becik, nanging mboten nggenepi pangajab utami. Prekawis punika ugi kadadosan wonten ing crita Prabu Saul, ingkang langkung milih masrahaken kurban dhateng Gusti tinimbang manut dhateng dhawuhipun Gusti.
Wonten ing waosan 1 Samuel 15:22–31, Gusti paring dhawuh dhateng Saul supados nglebur sadaya Bangsa Amalek, kalebet sagung kewan ternak. Nanging Saul malah nylametaken Raja Agag saha kewan ingkang paling sae, kanthi alesan badhe dipun pisungsungaken dhumateng Gusti. Nabi Samuel lajeng ngendika kanthi teges, “Punapa Sang Yehuwah karenan dhateng kurban obaran lan kurban sembelehan sami kaliyan pambangun turut dhateng sabdanipun Sang Yehuwah? Mbangun turut punika saestu langkung sae katimbang kurban sembelehan, nggatosaken langkung sae katimbang gajihipun menda jaler.” (Ay. 22). Tumindakipun Saul punika wujud pambalelanipun Saul dhumateng karsaning Gusti. Bangsa Amalek ingkang kedahipun dipun tumpes sadaya, nanging taksih wonten ingkang gesang. Ing ngriki Saul sampun nyimpang saking dhawuhipun Gusti. Piyambakipun langkung ngrancang ngawonaken Amalek mawi caranipun piyambak tinimbang manut dawuhipun Gusti.
Crita punika gadhah makna ingkang lebet, utaminipun ing mangsa Pra Paskah punika. Minangka umatipun Gusti, kita tekun ngabekti, paring derma, lan aktif ngladosi, nanging asring kita awrat kangge manut dhawuhipun Gusti, kados ngapunten kalepatan sesami, ngresiki batin, lan mbangun katresnan. Gusti Allah ngersakaken manah ingkang manut Panjenenganipun, mboten namung rutinitas paladosan kemawon. Mangga ing mangsa Pra Paskah punika kita nindakaken gesang enggal. Kita purun manut dhateng karsanipun Gusti, kados Gusti Yesus manut karsan-Ipun Sang Rama dumugi pati. Mangga kita tunduk dhumateng Gusti ingkang dados sumber kawilujengan gesang kita. Amin. [KYP].
“Katundukan ndadosaken berkah.”
