Rebo, 3 Juni 2026 Minggu Trinitas
Ayub 39:26-40:5; Jabur 29; Yokanan 14:25-26
SWANTENING GUSTI ALLAH PARING KATENTREMAN
“Swantene Sang Yehuwah kebak kakuwatan, swantene Sang Yehuwah kebak kamulyan” (Jabur 29:4)
Gusti Allah punika Maha Kawasa lan Maha Wicaksana. Ing Ayub 39:26–40:5, Gusti ngersakaken supados Ayub sinau bab kawruh lan kawicaksananing Sang Yehuwah. Kanthi nggatosaken sato kewan ingkang cinipta: manuk gagak, elang, jaran, lan maneka warna makluk sanesipun ingkang cinipta adhedhasar kawicaksananing Allah. Ayub ing pungkasanipun manggihaken, tumuli ngakeni kawicaksananipun Gusti Allah ingkang maha agung. Bab ing sami kapratelakaken wonten ing Jabur 29 ingkang ngandharaken bilih “swantenipun Gusti” ingkang mawi pangwasa: prasasat swanten ingkang mbedhah redi, wit aras sami gonjing, nggeteraken siti, nanging panguwaosing Gusti ugi paring katentreman. Swanten punika dados pralambang bilih Gusti Allah mengku samukawis ing gesang, saha pangandikanipun Gusti punika boten namung nggeteraken, nanging ugi maringi tentrem dhateng ingkang sami nyumurupi.
Gusti Allah ingkang Maha Suci lan kebak panguwasa punika, kapratelakaken dening Gusti Yesus bilih nedya kababar wonten ing pakaryaning Sang Roh Suci. Ing Yokanan 14:25-26 Gusti Yesus paring janji dhateng para sakabat bilih Roh Suci — Sang Juru Panglipur — bakal maringi pepenget, piwulang, lan pangertosan. Inggih Roh Suci punika mawujud dados swanten sejati ing saklebeting manah kita, ingkang tansah paring panuntun dhateng kayekten lan ngengetaken kita dhumateng sabda Dalem Gusti Yesus.
Ing kalodhangan samangke, kita sami kaengataken bilih: (1) Kawicaksananing Gusti Allah punika ngungkuli pikiran kita, (2) Swantenipun Gusti saged nggeteraken jagad, nanging ing swanten punika ugi wonten sih lan katentreman, (3) Roh Suci punika lir swanten ingkang alus dedalem ing manah, tansah maringi pitedah ing sauruting gesang kita para pitados ing saben dintenipun. Pramila sumangga tansah elinga maring Gusti.Menawi manah raos sumelang, nyuwun panglipur saking Roh Suci lan menawi kita boten mangertos pundi margining pangluwaran, pasrah sumaraha dhateng Gusti. |*LES
