Kemis, 4 Juni 2026 Minggu Trinitas
Kidung Pangadhuh 1:7-11; Jabur 50:7-15; 2 Petrus 2:17-22
ELINGA LAN BALIA MARANG GUSTI
“… luwih becik padha ora tau nyumurupi dalaning kayekten, katimbang karo sawise sumurup banjur mungkur ninggal ing pepakon suci kang wis kadhawuhake …” (2 Petrus 2:21)
Ing satengahing gesang, asring kita supe temah nilar margining kautamen. Supe dhateng sabdanipun Gusti. Supe sanes namung kelalen pikiran, nanging kelalen ing ati – Supe dhateng margining kautamen, temahan nyingkur Gusti. Kidung Pangadhuh 1:7–11 ing sakawit ngandharaken edhahing Yerusalem, nanging lajeng tampi paukuman: suwung, dina-dina kebak piala, awit supe lan nyingkur Sang Yehuwah Yerusalem ingkang suwau dipunaosi , dipun urmati tumuli dados panggonan ingkang sepi mamring, amargi dosanipun. Tiyang sami nglampahi dosa lan nglirwakaken pangandikanipun Allah. Sedaya kemewahanipun sirna, kaluhuranipun ical, namung dados reruntuhan. Dosa saestu ndhatengaken paukuman.
Jabur 50:7–15 nedahaken piwulang saha pangandikanipun Gusti:
“Ingsun ora melehake sira marga saka kurbanira, amarga kurbanira obaran rak tansah ana ing ngarsaningSun?” (ayat 8). Gusti Allah boten ngersakaken ritual palsu, ritus ingkang kothong, ananging manah ingkang murni, tansah eling lan nyuwun sih pitulunganipun Gusti, “Ngaturna panuwun minangka kurban marang Gusti Allah, lan luwarana nadarmu marang Kang Mahaluhur! Ing dina karubedan sira padha nyebuta marang Ingsun” (ayat 14-15) . Awit saking punika, Rasul Petrus paring pepenget ing 2 Petrus 2:17–22. Petrusparing pepenget dhateng tiyang-tiyang ingkang sampun nampi pangertosan bab kayekten, supados tetep setya. Sampun ngantos lajeng kecalan iman, lajeng mbalik dhateng dosa, punika gambaranipun kados asu ingkang balik dhateng muntahanipun piyambak, ingkang najis lan njijiki. Inggih mekaten punika gambaraning gesang tanpa pamratobat lan tanpa raos ajrih asih dhumateng Gusti.
Mangga sami sumarah: Dhuh Gusti nyuwun kakiyatan supados kawula tetep setya ing margining kautamen ingkang sejati. Tansah engeta sanajan kita kadhang kala ngraosaken sedih, bingung, sakit, isin, utawi asor amarga dosa lan kalepatan. Estokna: “Sowanana Aku nalika kowe susah, Aku bakal nylametake.” (Jabur 50:15). Amin. |*LES
