2 April 2026 Jabur 90:10 – Laminipun gesang kawula sadaya punika pitung dasa taun,dene manawi kawula sami kiyat, wolung dasa taun, saha ingkang dipun gung-gungaken punika anggenipun nandhang rekaos lan sangsara,amargi lampahipun rikat sanget saha kawula sami kabur sirna. AJA MÈRIPESATING WEKDALAJA MÈRI Setunggal wekdal, semah kula ngudaraos,”Wektu kok rumangsaku saiki cepetmen ya mas. Durung suwe dina Senin, iki wis arep dina Senin meneh.” Sayektosipun wekdal ing samangke lan ugi ing saderengipun, punika sami kemawon. Namung raos batos punika ingkang mbentenaken. Jaman taksih alit ing wulan Pasa kados ngaten punika raosipun dangu sanget anggenipun nengga dinten Bada. Awit jaman suwau, menawi dinten Bada utawi riyaya Idul Fitri, lare-lare dipun tumbasaken rasukan utawi sepatu ingkang enggal kaliyan tiyang sepuhipun. Sasanesipun punika ugi ing dinten Bada lare-lare dipun mangsakaken opor ayam, kupat, sambel goreng kenthang lan rupi-rupi nyamikan dipun samektakaken. Lajeng menawi pinanggih sadherek ingkang loma, lajeng ugi dipun paringi arta kangge tumbas buku lan sanes-sanesipun. Awit wekdal ingkang dipun rantos kados makaten, malah kados-kados dados dangu. Namung kosokwangsulipun, menawi mboten dipun rantos, malah dipun selaki, ketingalipun wekdal punika rikat lampahipun. Tiyang nyambut damel, ingkang biasanipun dinten Minggu prei, menawi dereng tutug anggenipun istirahat ing dinten Minggu, ngraosaken dinten Minggu kok cepet sanget. Ujug-ujug sampun Senin malih. Menawi nyinau saking waosan Jabur 90:10 punika, sasanesipun menggah yuswanipun manungsa ingkang kasebat 70 taun lan menawi kiyat 80 taun, wekdal ingkang dipun lampahi rinaos rikat sanget. Punika kadidene tiyang ngimpi utawi kapindhakna suket ingkang ing wanci enjang ketingal seger nanging mboten gantalan dangu, ing wanci sonten lajeng badhe alum lan garing. (ay. 5-6) Ing alkitab basa Inggris kangge nerangaken bab punika dipun ginakaken tembung soon ingkang tegesipun enggal-enggal. Mbok menawi kita ugi ngraosaken bab punika. Ujug-ujug mboten ora mung trimah Senin malih, ananging ngudaraos, “Kok wis umur semene ya, mangka kaya durung suwe dadi bocah cilik?” Sumangga awit ngraosaken wekdal gesang ingkang ketingal pesat kados makaten pramila sampun wancinipun kita nindakaken gesang ingkang namung ngener kangge mbangun miturut namung dhumateng Sabdanipun Gusti. Gusti mberkahi, amin. (Pdt. Em. Suyito Basuki)
AJA MÈRI
1 April 2026 Waosan : Mateus 15:24 – Gusti Yesus banjur mangsuli, pangandikane: “Aku mung kautus marani wedhus-wedhus Banisrael kang padha ilang bae.” AJA MÈRI Ing sawetawis bangsa lan suku bangsa wonten anggepan bilih lare mbajeng punika nggadhahi kalenggahan ingkang langkung utami, tinimbang adhik-adhikipun. Katitik menawi wonten suksesi raja ing satunggaling krajan ingkang dipunpilih rumiyin putra pambayun ingkang nggadhahi hak mirunggan (privilege), minangka raja putra nalendra (putra mahkota). Mekaten ugi ing masyarakat, lare pambajeng asring maliki kulawarga utawi tiyang sepuhipun, ing sadhengah kalodhangan. Ing pasemon punika, lare pambajeng nginten menawi bapakipun boten adil. Rikala adhikipun ingkang mlajar saking griya lan dipunanggep lare ical, awit sampun nyuwun warisan bageanipun, mangka bapakipun tasih gesang. Tumunten wangsul dhateng griya malih ing kawontenan mlarat. Dening bapakipun dipuntampi lan dipunrengkuh kanthi sukarena, sarana bujana andrawina. Putra pambajeng boten remen; meri, srei lan panasten, awit adhikipun ingkang sampun ngebreh arta. Lare pambajeng ingkang mituhu sadangunipun gesang sesarengan kaliyan bapakipun, sampun nggadhahi samudayanipun ing griyanipun. Nanging rumaos boten nggadhahi hak mirunggan, rumaos boten gadhah punapa-punapa, namung rumaos minangka batur. Mangka sejatosipun piyambakipun sampun nggadhahi hak istimewa minangka lare pambajeng. Piyambakipun rumaos mlarat, awit raos pangraosipun tasih kadunungan sipat meri, drengki lan kecalan katresnan dhumateng adhikipun. Sampun rumaos kecalan berkah-berkah ingkang sejatosipun sampun dados regemanipun ing griya bapakipun. Ing kala mangsanipun minangka tiyang Kristen, kadhang kawis kita nggadhahi raos mekaten; kadosdene lare pambajeng. Gesang boten wonten suka rena lan boten gadhah raos panuwun dhumateng Gusti Allah. Mangka sejatosipun kita punika kaangkat dados putra-putranipun Gusti Allah, kaparingan hak mirunggan, ingkang boten dipun gadhahi dening tiyang sanesipun ing donya punika. Panjenengan lan kula sampun katebus dening Gusti Yesus, tumunten nglampahi pangabekten, ngladosi lan ngaturaken pisungsung kados netepi kuwajiban linambaran raos ajrih asih. Menawi kita rumaos tasih minangka tiyang dosa lan gesang ing pepeteng, lan badhe nampi paukuman, menika rumiyin. Samenika kita sampun kaparingan pangapunten lan kaparingan kanugrahan kawilujengan, pramila sampun samesthinipun nyingkur pikajeng piyambak tumunten ngrasuk gesang minangka putranipun Gusti Allah. (Iskandar MZ)
KAWICAKSANAN SAKING GUSTI
Selasa, 31 Maret 2026 Waosan : 1 Korinta 1 : 18 – 31 | Pamuji : KPJ. 279 – “Nanging kang kaanggep bodho mungguhing jagad, kapilih dening Gusti Allah kanggo mirangake para wong wicaksana, apadene kang kaanggep ringkih mungguhing jagad, kapilih dening Gusti Allah kanggo mirangake kang rosa, …” (Ayat 27) KAWICAKSANAN SAKING GUSTI Salebeting gesang panjenengan punapa tah ingkang utami? Mbok bilih wonten ingkang badhe mangsuli: ingkang utami ing gesang punika sugih, awit tiyang ingkang sugih punika saged nyekapi sadaya kabetahan gesangipun. Piyambakipun bingah karana sadaya pepenginanipun saged katurutan. Wonten ingkang mangsuli: ingkang utami ing gesang punika drajat lan pangkat, awit tiyang ingkang kagungan drajat lan pangkat punika nggadhah panguwaos lan dipun urmati dening tiyang sanes. Wonten ugi ingkang mangsuli: ingkang utami ing gesang punika wilujeng. Tiyang sugiha kados punapa, nggadhahana drajat lan pangkat ingkang inggil nanging bilih gesangipun mboten wilujeng tamtu ugi badhe sisah. Rasul Paulus ngatak pasamuwan Korinta bab wigatinipun martosaken Injil. Kanggenipun tiyang Yahudi bab martosaken Sang Kristus ingkang sinalib punika dados sandhungan, lan kanggenipun tiyang Yunani punika dipun anggep kabodhoan (Ay. 23). Nyatanipun kangge para tiyang pitados, bab martosaken Sang Kristus punika dados kakiyatan saha kawicaksanan saking Gusti Allah (Ay. 24). Pramila Rasul Paulus ngiyataken para pitados ing kutha Korinta supados tatag ngadepi maneka warni pacoben nalika martosaken Sang Kristus. Kados ing ayat nats kita, Rasul Paulus nyebataken, “Nanging kang kaanggep bodho mungguhing jagad, kapilih dening Gusti Allah kanggo mirangake para wong wicaksana, apadene kang kaanggep ringkih mungguhing jagad, kapilih dening Gusti Allah kanggo mirangake kang rosa, …”(Ay. 27). Nats punika dados kakiyatan para tiyang pitados anggenipun setya martosaken Sang Kristus, mboten ngangge kakiyatan sacara kamanungsan nanging ngagem kawicaksanan saking Gusti. Ing pekan suci punika, kita minangka umat-Ipun Gusti sami dipun timbali kangge martosaken Sang Kristus salebeting gesang kita. Gusti Yesus sampun karsa nandhang sangsara kangge kita manungsa. Panjenenganipun sampun ngorbanaken Sariranipun supados kita sami wilujeng. Pramila sampun ngantos kita nilar Gusti Yesus, nanging mangga kita sansaya setya lan langkung rumaket dhumateng Gusti. Kita wantun martosaken Gusti Yesus. Mangga kita nyuwun kakiyatan lan kawicaksanan saking Gusti, awit srana kawicaksanan saking Gusti kemawon kita saged martosaken Gusti Yesus lan nampi kawilujengan. Amin. [AR]. “Gusti Allah Sang Sumber Kawicaksanan, mugi nunggil lan nulungi kita.”
TAK BUTUH SOROTAN
Senin, 30 Maret 2026 Bacaan : Yesaya 42 : 1 – 9 | Pujian : KJ. 446 – “Buluh yang patah terkulai tidak akan diputuskannya, sumbu yang pudar nyalanya tidak akan dipadamkannya, dengan setia Ia akan menyatakan hukum.” (Ayat 3) TAK BUTUH SOROTAN Sabtu malam selepas Ibadah Sabtu Sunyi, gereja mulai lengang. Jemaat pulang membawa perenungan dan lilin-lilin mulai padam perlahan. Tapi di tengah keheningan itu, beberapa orang tetap tinggal, mereka seksi dekorasi. Mereka bekerja dalam diam dan cinta dari dekorasi yang dituangkan. Kain ungu diturunkan, diganti putih; bunga segar ditata dengan cermat; meja perjamuan dibersihkan dan dihias ulang. Tidak ada kamera, tidak ada tepuk tangan, hanya kesetiaan yang tenang. Mereka tidak melayani demi sorotan, tapi karena tanggung jawab yang lahir dari cinta. Mereka tahu, esok pagi gereja akan menjadi tempat di mana kematian dikalahkan dan hidup baru dimulai. Dalam kerja yang tampaknya “remeh”, mereka ikut menyiapkan simbol ruang bagi kebangkitan Kristus. Yesaya 42:1-9 menggambarkan sosok Hamba TUHAN yang membawa keadilan bukan dengan kekerasan atau sorak-sorai, melainkan dengan kelembutan dan kesetiaan! Ia tidak mematahkan buluh yang terkulai dan tidak memadamkan sumbu yang pudar, sebuah ungkapan simbolis tentang kepedulian terhadap yang rapuh dan hampir padam! Hamba ini bekerja dalam diam, namun penuh keteguhan. Ia tidak mencari gemerlap perhatian tetapi tetap setia menunaikan panggilan hingga tuntas. Gambaran ini menegaskan bahwa keadilan Allah hadir bukan hanya dalam tindakan besar, namun juga dalam kesetiaan kecil yang tak terlihat. Keadilan yang dibawa Hamba TUHAN adalah keadilan yang memberi ruang untuk pemulihan, bukan penghukuman, keadilan yang menjunjung kehidupan, bukan menghancurkannya. Di tengah kesibukan pelayanan yang sering tampak di panggung, ada mereka yang setia, yang bekerja dalam diam, seperti seksi dekorasi. Mereka tidak menata gereja atau membentangkan kain putih untuk mendapat perhatian, tetapi karena tanggung jawab dan cinta yang sederhana. Dalam setiap detail yang mereka siapkan, mereka membantu menciptakan ruang yang layak untuk perayaan kebangkitan Kristus. Apa yang mereka kerjakan mungkin luput dari sorotan, tetapi justru di sanalah “Kristus” hadir: lewat tangan yang merapikan, mata yang memperhatikan, dan hati yang memberi tanpa pamrih. Jika kebangkitan disiapkan oleh cinta yang bekerja dalam diam, pertanyaannya: peran sunyi apa yang kita lakukan dalam menyambut hidup baru itu?Amin.[vena]. “Not all of us can do great things. But we can do small things with great love.” (Mother Teresa)
NAMPI RAWUHIPUN GUSTI KANTHI MANAH INGKANG TULUS
Minggu, 29 Maret 2026 Waosan : Mateus 21 : 1 – 11 | Pamuji : KPJ. 278 – “Lan wong akeh kang padha lumaku ana ing ngarsane Gusti Yesus lan kang lumaku ana ing sawingkinge padha nguwuh-uwuh pangucape: “Hosana konjuk ing Putranipun Prabu Dawud, binerkahana ingkang rawuh awit saking Asmaning Pangeran. Hosana wonten ing ngaluhur.” (Ayat 9) NAMPI RAWUHIPUN GUSTI KANTHI MANAH INGKANG TULUS Wonten satunggaling dinten, Lani siswa SD dipun paringi tugas ngalungaken sekar kagem Bapak Bupati ingkang badhe rawuh ing sekolahan. Sanadyan piyambakipun taksih alit, piyambakipun purun sinau cara anggenipun ngalungaken sekar kanthi teman, wiwit saking latihan mesem, nyapa, lan ngalungaken sekar kagem Bapak Bupati. Nalika dinten rawuhipun Bapak Bupati punika dugi, Lani kanthi yakin nindakaken tugasipun, ngalungaken sekar dhumateng Bapak Bupati. Lani tansah mesem sumunar amargi mangertos bilih piyambakipun nyambut tamu ingkang wigati. Wacaan Injil dinten punika nyariosaken kedadosan nalika Gusti Yesus lumebet ing kutha Yerusalem. Tiyang kathah sami nyambut rawuhipun Gusti Yesus mlebet kutha Yerusalem kanthi sorak-sorai, nggelar rasukanipun ing margi, ngibas-ngibasaken godhong palma, lan sorak, “Hosana tumrap Putranipun Dawud!” Para tiyang punika nyambut Gusti Yesus minangka Sang Raja, sanadyan Panjenenganipun rawuh kanthi andhap asor, nunggang kuldi. Prastawa punika maringi piwulang dhateng kita sadaya: kadang manungsa remen nyambut Gusti, nanging mboten sadaya ngraosaken lan mangertos sinten sejatosipun Gusti Yesus punika. Mboten dangu sasampunipun nyambut rawuhing Gusti Yesus, swanten sorak, “Hosana” gumantos dados “Pasang ing kayu salib!” Punika dados pangenget supados kita mboten namung nyambut Gusti Yesus ing kahanan sae kemawon. Wonten mangsa Pra Paskah punika, kita dipun ajak nyambut Gusti Yesus kanthi satuhu. Mboten namung lumantar tembung, nanging ugi lumantar gesang kita. Gesang ingkang kalampahan kanthi katulusan, andhap asor, purun paring pangapura, lan gesang miturut karsanipun Gusti, punika wujud ingkang nyata anggen kita nyambut Gusti. Kanthi mekaten, kita saged nyambut Gusti Yesus, mboten namung minangka tokoh agung, nanging minangka Juru Wilujeng ingkang nuntun gesang kita. Amin. [YNW]. “Nyambut Gusti punika boten cukup kanthi godhong palem, nanging kanthi gesang ingkang tulus lan sumadhya tumrap Panjenenganipun.”
INGATLAH KEPADA SIAPA ENGKAU MEMOHON!
Sabtu, 28 Maret 2026 Bacaan : Mazmur 31 : 9 – 16 | Pujian : KJ. 453 – “Nasibku ada dalam tangan-Mu, lepaskanlah aku dari tangan musuh yang mengejar aku!” (Ayat 16) INGATLAH KEPADA SIAPA ENGKAU MEMOHON! Pernahkah saudara berada dalam situasi yang terpuruk? Setiap kita pasti pernah ada pada situasi yang tidak enak, entah itu dikucilkan, tidak diterima, disepelekan, dihina, dan mungkin masih banyak lagi. Apakah respons yang saudara lakukan ketika sedang berada dalam situasi yang tidak enak tersebut? Apakah saudara marah, tidak terima, menyalahkan orang lain atau menyalahkan diri sendiri? Tidak jarang ketika kita dalam situasi terpuruk justru kita mencari kambing hitam untuk disalahkan. Terkadang situasi yang buruk itu membuat kita gelap mata dan gelap hati sehingga kita tidak bisa melihat karya Tuhan yang besar dalam hidup kita. Perenungan di dalam kitab Mazmur mengajarkan kepada kita untuk menyadari keberadaan kita, dengan cara mengingat Tuhan dan memohon pertolongan kepada-Nya. Menyadari bahwa segala pergumulan dan masalah yang kita hadapi adalah bentuk proses didikan, mendidik kita agar kita mampu berserah kepada Tuhan Sang Pemilik Kehidupan. Menyadari bahwa ada yang lebih besar dari masalah yang kita tanggung, yaitu Tuhan yang selalu menolong dan menjaga kita. Tuhan yang memulihan setiap umat yang selalu mengingat-Nya dalam berbagai situasi kehidupan. Meskipun banyak penolakan yang kita alami, mari kita tetap mengingat Tuhan yang menopang kita dan memberi kemampuan kepada kita melewati setiap pergumulan. Karena setiap masa dalam kehidupan ini, Tuhan mengetahuinya. Hanya karena kebaikan-Nya kita dimampukan menghadapi banyak situasi sulit yang menghampiri kehidupan kita. Kesadaran untuk terus mengingat Tuhan dalam setiap langkah kehidupan menjadi hal yang sangat penting, karena kita tidak pernah tahu apakah yang kita usahakan sekarang akan selalu berhasil, atau apakah orang-orang yang ada di sekitar kita akan selalu baik kepada kita. Tetapi Tuhan yang selalu membersamai kita dalam situasi apa pun. Ingatlah Tuhan, ingatlah selalu akan kasih dan kebaikan-Nya dalam hidup kita, niscaya kita akan kuat dalam menjalani hidup bersama dengan Tuhan. Amin. [AB]. “Jika hari-harimu tampak membosankan, ingatlah Tuhan dan bersyukurlah atas berkat-Nya.”
TAHAN
Jumat, 27 Maret 2026 Waosan : Ayub 13 : 13 – 19 | Pamuji : KPJ. 375 – “Delengen, Panjenengane arep mateni aku, aku wus ora duwe pengarep-arep, ewadene aku arep ngaturake panjawab ing bab lakuku ana ing ngarsane.” (Ayat 15) TAHAN Banyak perkara yang tak dapat kumengerti. Mengapakah harus terjadi di dalam kehidupan ini. Satu perkara yang kusimpan dalam hati. Tiada satupun yang terjadi tanpa Allah peduli. Allah mengerti, Allah peduli, segala persoalan yang kita hadapi…. Punika tembang saking pujian Allah Peduli. Tembang punika asring kita pujekaken nalika kita ngraosaken kawontenan gesang ingkang awrat. Sanadyan mekaten kita tetap pitados bilih Gusti Allah punika mangertos kahanan kita, peduli dhateng kawontenan kita, lan karsa nulungi kita. Waosan kita nyariosaken Ayub ingkang ngadepi tuduhan rencangipun. Tuduhan punika ndamel tatuning manah piyambakipun, kadosipun mboten wonten malih pangajeng-ajeng ing gesangipun. Nanging Ayub mboten nyerah. Piyambakipun tetep milih setya dhumateng Gusti sarta mboten kecalan pangajeng-ajeng dhumateng Gusti. Ing ayat 15 kasebataken Ayub maringi gegambaran bilih ingkang dados sumbering kakiyatanipun, inggih punika Gusti Allah. Sanadyan bilih Gusti badhe mundhut nyawanipun, Ayub tetep pitados. Kapitadosanipun Gesangipun Ayub punika mboten gumantung kaliyan kahanan ing gesang ingkang dipun alami, nanging gumantung kaliyan Gusti Allah Sang Sumbering Gesang. Piyambakipun tetep setya sowan dhumateng Gusti, ngaturaken sadaya isining manah ingkang kebak panandhang kasangsaran. Ing satengahing gesang kedahipun kita saged nuladhani Ayub. Ayub nggadhahi kapitadosan ingkang tangguh ing satengahing gesangipun. Ayub maringi patuladhan kangge kita, sampun ngantos kita ndadosaken kasangsaran gesang kita punika dados alesan kangge kita nebih saking Gusti, nanging saged ta kita jujur dhumateng Gusti. Ing satengahing pandonga lan pasambat ing manah, mangga kita sowan dhumateng Gusti. Awit mboten wonten panandhang ingkang mboten saged dipun adhepi nalika kita saestu mlampah tumuju ing Gusti. Gusti piyambak ingkang dados margi, kita nampi kraharjan. Amin. [SWS]. “Gusti ngreksa gesang kita.”
MENERUSKAN IMAN
Kamis, 26 Maret 2026 Bacaan : Filipi 1 : 1 – 11 | Pujian : KJ. 432 – “Mengenai hal ini aku yakin bahwa Ia, yang memulai pekerjaan yang baik di antara kamu, akan meneruskannya sampai akhirnya selesai pada hari Kristus Yesus.” (Ayat 6) MENERUSKAN IMAN “Kamu ada di dalam hatiku,” ketika kita mendengar kata ini dari seseorang, apa yang saudara rasakan? Mungkin ada yang merasa dicintai, senang, atau bahkan bertanya-tanya “kenapa?”. Kalau itu dikembalikan kepada diri kita sendiri, seseorang ada di dalam hati kita tentu dengan alasan tertentu. Begitu juga dengan jemaat Filipi yang ada di dalam hati Paulus karena ada alasannya. Surat Filipi dikenal sebagai surat penjara, karena ditulis pada saat Paulus sedang dipenjara di Roma. Situasi dan kondisi Paulus ketika menulis surat ini sedang tidak baik-baik saja. Tetapi dinding penjara tidak bisa menghentikan semangatnya untuk mengabarkan Injil Kristus, karena imannya. Surat Filipi dibuka dengan ucapan syukur Paulus setiap kali mengingat jemaat Filipi. Hal ini dikarenakan jemaat Filipi mengambil bagian secara aktif dalam pemberitaan Injil yang dilakukan Paulus. Mereka berkomitmen untuk ikut membantu pelayanan Paulus, memberi dukungan doa dan dana kepada Paulus supaya berita Injil tersebarluaskan. Jadi jemaat Filipi tidak menerima pengajaran Firman Tuhan secara pasif, tetapi mereka aktif untuk ikut mengambil bagian dalam pekerjaan Tuhan. Kesaksian hidup Paulus menjadi teladan yang menguatkan dan meneguhkan iman banyak orang. Bahkan Paulus menularkan semangat dan keberaniannya untuk terus berkata-kata tentang firman Allah kepada Jemaat Filipi. Sungguh menjadi teladan yang luar biasa, jika kakek-nenek dan orang tua dapat menjadi teladan iman yang baik kepada anak-anaknya. Sebagai orang tua, salah satu tujuan kita adalah mengajarkan anak-anak kita melihat bahwa hubungan kita dengan Tuhan merupakan hal yang penting dalam kehidupan umat Tuhan. Bayangkan ketika anak-anak kita dapat melihat iman kita yang sejati, maka pertumbuhan rohani mereka pun akan berkembang dengan baik. Tetapi prinsipnya adalah perubahan yang bertahan lama, lahir dari inspirasi, bukan paksaan. Mahatma Gandhi pernah berpesan, “Anda harus menjadi perubahan yang ingin anda lihat di dunia.” Maka strategi efektif untuk memengaruhi orang lain adalah menjadi teladan. Mari menjadi teladan iman bagi orang d isekitar kita, kita nyatakan karya kasih Allah melalui kesaksian hidup kita yang memuliakan Allah. Amin. [66]. “Iman diteruskan melalui teladan.”
KATRESNANIPUN GUSTI ALLAH
Rabu, 25 Maret 2026 Waosan : Yeremia 32 : 1 – 9, 36 – 41 | Pamuji : KPJ. 68 – “Ingsun bakal karenan damel becik marang wong-wong iku, marga saka wong-wong iku, sarta Sundamel tuwuh ana ing nagara kene kalawan setya, kalawan gumolonging galih lan gumolonging nyawaningSun.” (Ayat 41) KATRESNANIPUN GUSTI ALLAH “Kasih ibu, kepada beta tak terhingga sepanjang masa” punika kutipan saking lagu ingkang judulipun kasih ibu. Lagu punika nyariosaken katresnanipun tiyang sepuh mliginipun ibu ingkang ageng dhateng putranipun. Ing wanci samangke lagu punika kadosipun sampun kirang relevan awit kita asring manggihi berita tiyang sepuh ingkang nglarani anakipun. Prekawis punika saged kedadosan karana raos kamanungsan kita ingkang ringkih, ingkang asring mboten saged nresnani sesami kanthi saestu, mekaten ugi tumrap brayat kita. Wonten ing waosan kita kacariyosaken relasi Gusti Allah dhateng umat-Ipun ingkang kebak katresnan. Kita pirsa bilih bangsa Israel sampun nglirwakaken pangandikanipun Gusti lan nilar Panjenenganipun. Saking tumindakipun punika bangsa Israel nampi paukuman saking Gusti Allah. Bangsa Israel dipun bucal dhateng Babel. Sadaya punika dados sarana kagem Gusti Allah gulowentah tumrap umat-Ipun. Wonten ing ayat 36-41, kita pirsa senadyan Gusti Allah sampun paring paukuman ananging sih katresnan-Ipun dhateng Bangsa Israel mboten ical. Saking sih katresnan-Ipun, Gusti Allah paring janji bilih bangsa Israel mratobat badhe kaparingan katentreman lan pangertosan supados gesangipun miturut karsan-Ipun Gusti. Mekaten Gusti badhe mberkahi umat-Ipun Israel. Wonten salebeting gesang kita sadinten-dinten, saged ugi kawontenan gesang kita sami kados Bangsa Israel ing waosan punika. Ing pundi kadang kita taksih asring tumindak dosa, nindakaken gesang ingkang tebih saking karsanipun Gusti. Kita ugi nate nampi woh saking tumindak kita ingkang awon punika, inggih punika paukuman saking Gusti. Ing ngriku kita saged ngraosaken bilih woh saking piawon punika mboten nentremaken gesang lan manah kita. Selajengipun kita saged sinau bilih Gusti Allah nggulowentah kita supados kita sadar lan mboten nindakaken dosa malih. Mangga kita saged mangertosi bilih sih katresnan-Ipun Gusti Allah punika ageng sanget dhateng kita umat kagungan-Ipun. Panjenenganipun ngersakaken gesang kita tentrem rahayu lan binerkahan. Mangga kita gesang miturut karsanipun Gusti. Amin. [BWP]. “Mila kula ngidung Allah Maasih, Allah Maasih mring manungsa.”
MENGERJAKAN YANG TERBAIK
Selasa, 24 Maret 2026 Bacaan : Efesus 2 : 1 – 10 | Pujian : KJ. 40 – “Sebab karena anugerah kamu diselamatkan oleh iman; itu bukan hasil usahamu, tetapi pemberian Allah.” (Ayat 8) MENGERJAKAN YANG TERBAIK Ada seorang mahasiswa membawa laptopnya yang mati pada tukang service laptop. Tukang service itu mengatakan bahwa laptopnya masih utuh, batreinya masih baik, mesin masih aman, hardisk-nya (penyimpan data) masih berfungsi dengan baik. Setelah kembali dicek, ternyata ditemukan kerusakan pada kabel cas yang putus, mungkin karena gigitan tikus atau tertindih. Kerusakan kabel cas inilah yang membuat batrei tidak teraliri listrik, sehingga tidak ada daya untuk membuat laptop menyala. Putusnya aliran listrik membuat laptop mati. Demikian pesan Paulus dalam suratnya kepada Jemaat di Efesus, manusia bisa putus hubungan dengan Allah karena dosa. “Kamu dahulu sudah mati karena pelanggaran-pelanggaran dan dosa-dosamu.” (Ay. 1). Paulus menyampaikan dua hal yang perlu dicermati bagi pembaca teks Alkitab masa kini. Pertama di ayat 8, “Sebab karena kasih karunia kamu diselamatkan oleh iman; itu bukan hasil usahamu, tetapi pemberian Allah.” Bagian pertama ini menjelaskan bahwa manusia dahulu mati karena dosa-dosanya, hanya oleh kasih karunia Allah manusia dihidupkan kembali melalui kematian dan kebangkitan Yesus Kristus. Setiap orang yang percaya menerima keselamatan dari-Nya. Bagian kedua kalimat: “bukan hasil usahamu, tetapi pemberian Allah,” menjelaskan bahwa tidak ada alasan bagi manusia untuk menyombongkan dirinya sebab keselamatan adalah anugerah Allah. Itulah dua hal penting yang disampaikan Paulus kepada Jemaat Efesus supaya mereka menyadari kasih karunia Allah, bukan malah hidup dalam hawa nafsu duniawi. Mereka harus hidup dalam kehendak Allah, karena sudah diselamatkan. Mereka yang diselamatkan Allah adalah milik Kristus, yang harus ikut ambil bagian dalam mengerjakan kebaikan. Kembali kepada kisah tukang service laptop yang mau mengerjakan yang terbaik dalam pekerjaannya, menyampaikan kerusakan laptop sesuai kenyataan. Bisa saja tukang service laptop itu mengatakan bahwa harus ganti mesin supaya mendapat untung yang lebih, tetapi tukang service laptop mengatakan yang sebenarnya, yaitu hanya kerusakan kabel cas, hanya butuh disambung agar kembali hidup. Demikian dengan kehidupan kita saat ini, mari kita mengerjakan yang terbaik dalam pekerjaan kita, supaya kehadiran kita benar-benar menolong sesama dan menjadi berkat bagi orang lain di sekitar kita. Amin. [LEN]. “Kerjakan yang terbaik dalam hidupmu, supaya menjadikan berkat.”
