Ahad, 14 Juni 2026 Minggu Limrah Pangentasan 19:2-8a; Jabur 100; Rum 5:1-8; Mateus 9:35-10:8, (9-23) “Panjenenganipun mirsani wong akeh, atine padha trenyuh, amarga wong-wong iku padha kaya wedhus tanpa pangon.” (Mateus 9:36) DIPUN PILIH, DIPUN TRESNANI, DIPUN UTUS Kita sami mangertos bilih gesang ing jaman samangke punika pinanggih kaliyan maneka warni tantangan: ekonomi ingkang saya angel, pajak ingkang saya awrat, moral ingkang saya owah, kabudayan global ingkang asring nggeser nilai-nilai adiluhung, lan raos “kesepian rohani” ingkang saged tumempuh ing umat. Ing satengahing kahanan punika, pitedah Kitab Suci nyarengi kita, paring pepadhang saha panglipur, saha ngajak kita ngraosaken timbalanipun Gusti Yesus ing jaman menika. Ing Pangentasan 19: 2 – 8a Gusti Allah nimbali lan miji bangsa Israel dadps umatipun. Bangsa punika dipun undang mebet prasetyanipunGusti,“Kang iku saiki, manawa sira padha ngestokake dhawuhingSun klawan temen-temen sarta padha netepi prasetyaningSun, mesthi sira padha dadi kekasihingSun pinilih saka ing antarane sakehe bangsa, awit salumahing bumi iku kagunganingSun” (ayat 5).Bab punika nelakaken babagan identitas umat pilihan, ingkang boten dipun pilih awit jasa, kasaenan, nanging amarga sih-rahmat. Ing jaman samangke, gereja lan umat Kristen ugi dipun sebat minangka umat kagungane Gusti (1 Petrus 2:9). Kita punika dados pewaris prasetyan, lan kadunungan timbalan lan tanggung jawab. Kita boten pareng gesang kanthi saksekecanipun piyambak, nanging kedah kanthi tanggel jawab kangge nelakaken katresnan lan kautamenipun Gusti wonten ing donya. Ing Matius 9:35-10:8 Gusti Yesus mirsani kawontenaning tiyang kathah, Panjenenganipun trenyuh. Ing basa Yunani, tembung “trenyuh” punika maknanipun kraos nggregel, pangraos kang jero, tulus. Tiyang kathah punika kados menda tanpa pangen. Awit saking punika, Gusti Yesus milih lan ngutus para sakabat. Panjenenganipun maringi panguwaos, nanging ugi ngelingake bab tantangan: bakal dipun tampik, panganiaya lan dipun adili. Punika gambaran gereja jaman sapunika: dipun paringi misi, nanging kedah sumadya ngadhepi tantangan pelayanan Kristen punika adhedhasar katresnan lan kawelasan dhateng tiyang ingkang ringkih. |*LES
SUMARAH MRING GUSTI ALLAH, MITUHU DHAWUHE
Setu, 13 Juni 2026 Minggu Limrah Pangentasan 6:28–7:13; Jabur 100; Markus 7:1–13 “Padha lumebua liwat ing gapurane kalawan memuji asmane, lumebua ing platarane kalawan kidung pangalembana, ngaturna pamuji sokur lan ngluhurna asmane.” (Jabur 100:4)SUMARAH MRING GUSTI ALLAH, MITUHU DHAWUHE Waosan suci dinten punika mbabaraken lelampahanipun Nabi Musa nalika kaparingan dhawuh dening Gusti Allah kangge ngadhepi Sang Pringon. Nanging Musa rumangsa ringkih, boten pantes, boten nggadhahi kawicaksanan, lan boten pinter ngendika. Nanging Gusti Allah ingkang maha kuwaos sampun paring dhawuh, lan Musa piniji, pinilih, kautus dening Gusti. Pranyata Gusti Allah boten negakaken, mboten nilar Musa. Malah kepara empati kanti ngutus Harun supados nyengkuyung lan mbiyantu Musa. Gusti Allag ugi paring pangandika lan pratandha-pratandha ingkang ngukuhaken paladosanipun Musa. Inggih pancen mekaten, ing Pangentasan 6–7, kita sinau bilih timbalan saking Gusti punika boten gumantung dhumateng: kasagedan, kapinteran, kawaskithan utawi kemampuan kita. Nanging gumantung dhateng Karsaning Gusti tuwin kasetyan kita, saha sesambetan kita kaliyan Gusti Allah. Wonten Ing Jabur 100, kita dipun ajak tansah ngrimati relasi utawi sesambetan ingkang raket klayan Gusti Allah. Umat kaajak lumebet ing gapuraning padalemanipun Gusti kanthi panuwun sokur, pasuryan bingah, sarta kidung pamuji. Juru Masmur ngatag kita supados ngibadah boten kanthi ritual kosong, nanging ingkang tuwuh saking raos sokur lan panggalih ingkang murni. Kapratelaaken kanthi cetha: “Lumebua ing platarane kalawan kidung pangalembana”. Kaandharaken ugi bilih ibadah sejati punika prakara gesang, boten namung pasinaon liturgi, nanging praktik /tumindaking manembah inggih pangibadah ing saben dintenipun. Ing jagad kang kebak ing maneka warni kasangsaran, gangguan punika Gusti ngersakaken tiyang-tiyang ingkang setya, ingkang sumarah, ingkang ngibadah kanthi manah suci. Ing Markus 7:1–13; Gusti Yesus ngadhepi para Farisi lan ahli Torèt, ingkang ngagul-agulaken tradisi, ritual agami ngungkuli dhawuhipun Gusti. Punapa kita nate nengenaken tradisi-tradisi manungsa ngungkuli dhawuhipun Gusti? Punapa pangibadah kita tansah adhedhasar rasa sokur lan tresna? |*LES
SINERGI, LELADI MARANG GUSTI
Jemuwah, 12 Juni 2026 Minggu Limrah Pangentasan 4:27-31; Jabur 100; Lelakone Para Rasul 7:35-43 “Sira methuka Musa menyang ing pasamunan.” Rama Harun tumuli mangkat lan kepanggih karo Sang Musa ana ing gununge Gusti Allah, banjur diaras” (Pangentasan 4:27)SINERGI, LELADI MARANG GUSTI Piniji dening Gusti Allah kangge leladi kadosdene Nabi Musa punika estunipun ngremenaken, naning ugi nuwuhaken tanggel jawab ingkang boten entheng malah kepara awrat sanget. Awit saking punika, Gusti Allah tumuli ndahwuhi Rama Harun supados manggihi Nabi Musa, sung tetulung lan sacara sinergis tumut nyengkuyung leladi kangge mimpin Umat Pilihan medal saking negari Mesir tumuju dhateng ing tanah Kanaan. “Anadene Pangeran Yehuwah wus ngandika marang Rama Harun, mangkene: “Sira methukna Musa menyang ing pasamunan.” Rama Harun tumuli mangkat lan kepanggih karo Sang Musa ana ing gununge Gusti Allah, banjur diaras.” (Pangentasan 4:27). Inggih mekaten Nabi Musa lan Rama Harun lajeng makarya sesarengan sacara sinergis, kekalihinipun sumadya kaagem dening Gusti Allah. Kekalihipun lajeng ngempalake para pangarsaning umat Israel dalah nelakaken pratandha-pratandha ingkang dadosaken umat sami pitados bilih Nabi Musa punia saestu utusanipun Gusti Allah. Piwucal ingkang kedah kita gatosaken inggih punika: (1) Gusti Allah boten nate negakaken, mboten ngutus piyambakan, Panjenenganipun mesthi paring mitra kangge makarya sesarengan, (2) Pribadi ingkang manut, mituhu, lan pasrah, setya punika mbikak margi tumrap panglipur lan pakaryan agung Gusti, (3) Nalika umat sadaya nampi pangandikanipun Gusti lumantar Nabi Musa, lajeng sami sumujud sumarah mring Gusti. Saklajengipun, kita kaatag supados “ngabekti kalawan sukarena” (Jabur 100), ngabekti dhumateng Gusti punika boten kanthi kapeksa ananging kanthi tulus lan bingah ing manah. (4) Ing salebeting nindakaken timbalanipun Gusti punika dipun betahaken kerja sama. Sumangga minangka para pandherekipun Sang Kristus kita sami makarya sesarengan lan makarya kanthi tatanan sinergis. Bab punika estu kita betahaken lan perlu kita kita tindakaken kanthi permati. |*LES
ABDI INGKANG SETYA, PINILIH, BINERKAHAN GUSTI
Kemis, 11 Juni 2026 Minggu Limrah Pangentasan 4:18-23; Jabur 100; Ibrani 3:1-6 “Padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah kalawan sukarena, padha sowan ing ngarsane kambi surak-surak!” (Jabur 100:2)” ABDI INGKANG SETYA, PINILIH, BINERKAHAN GUSTI Saking paseksining Kitab Pangentasan 4, kita manggihaken bab wigati. Gusti Allah paring dhawuh supados Nabi Musa matur dhateng Pringon, bilih bangsa Israel punika umat kagunganipun Gusti, “Israel iku putraningSun, iya putraning Sun pambajeng” (ayat 22). Tegesipun, Gusti nampeni umatipun boten namung minangka abdi, nanging minangka para putra ingkang kinasih. Ing tadisi kabudayan Yahudi, putra kapisan punika nggadhahi kaluhuran lan tanggung jawab mirunggan, ing ngriki Gusti maringi tanggel jawab saha ajining dhiri ingkang luhur dhateng umat pilihanipun. Ing jaman samangke, sesampunipun Gusti Yesus makarya, kita kaetang ugi minangka umat kagunganipun Gusti. Umat ingkang piniji. Pramila kita punika ugi kaetang/ dipun angkat minangka putra-putri Allah, boten amargi pancen pantes, nanging amargi sih-rahmatipun Gusti. Punika ngajak kita nglapahi gesang kanthi ajrih lan tresna dhumateng Gusti, dados putra-putri ingkang ngluhuraken asmanipun Gusti. Jabur 100 nimbali umat Allah: “Padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah kalawan sukarena” Ngabketi utawi ngawula ingkang sejati ngemu teges: setya bekti, sumuyud, boten ngresula. Nanging ngawula kanthi bungah, tulus, lan kebak panuwun sokur, awit kita mangertos sinten ingkang dipun bekteni. Inggih punika Panjenenganipun punika Gusti Allah ingkang nitahaken kita lan ngayomi kita. Wekasanipun, ngawula punika boten namung tumindak lahiriah, nanging minangka wujud katresnan, ngabdi, ngabekti lan saos sokur dhumateng Gusti. Renungan ing kalodhangan punika nandhesaken bilih: (1) Gusti maringi kita ajining diri minangka putra-putri dalem, (2) Gusti nimbali kita tansah ngawula/ngabekti kanthi kabungahan lan tulus, (3) Sang Kristus punika Putranipun Allah ingkang sejati, Panjenenganipun dados dhasar iman kita. Menika dhedhasaripun timbalan kita saben dinten: Gesang minangka abdi ingkang setya, dados putra ingkang ajrih asih, lan umat ingkang ngluhuraken asmane Gusti. |*LES
MRATOBATA, NINDAKNA WELAS ASIH!
Rebo, 10 Juni 2026 Minggu Limrah Hosea 14:1-9; Jabur 40:1-8; Mateus 12:1-8 MRATOBATA, NINDAKNA WELAS ASIH! “… padha mratobata marang Pangeran Yehuwah, Allahmu, dene anggonmu keplesed iku marga saka kaluputanmu.” (Hosea 14:2) Sang Yehuwah Allah, nimbali para umat kagunganipun supados gersang ing salebeting pamratobat supados saged nindakaken welas asih tumrap sesami. Ing Kitab Hosea, kapratelakaken bilih umatipun Gusti dipun dhawuhake supados wangsul, mratobat, lan nyuwun pangaksami awit dosa-dosanipun. Nabi Hosea paring pangandika kanthi katresnan, bilih sanadyan tiyang Israel sampun nerak angger-anggeripun Gusti, Gusti Allah tetep mbikak korining pangapura lan paring sih-kadarman. Katresnanipun Gusti Allah punika boten winates. Ing gesang kita punika, kathah kalepatan, kathah kekirangan, nanging Gusti kepareng paring pangaksami. Nanging, pangapuntening dosa punika kedah dipun tanpi kanthi sikep gesnag ingkang saestu mratobat, sanes namung pangucap, nanging mujudaken ewah-ewahan ingkang sejati. Paseksi wigati sinerat ing Jabur 40, kita sinau kadosdene Juru Masmur: “Aku nganti-anti banget marang Sang Yehuwah…”. Punika nelakaken kesabaran ing salebeting ngantu-antu pitulunganipun Gusti. Amargi kadhangkala, Gusti Allah nguji lan ngasah kesabaran lan pangajeng-ajeng kita, ngantos dumugi wekdal ingkang katetepaken dening Gusti. Ingkang cetha ing tengahing kasangsaran, Gusti midhangetaken pandonga, pasambat kita. Gusti Allah ngentasaken kita saking “luweninging bilai”, lan mindahkaken kita ing “parang” ingkang teguh. Tegesipun, iman boten mesthi paring urip linuwih, nanging paring tuwuhing raos pitados ingkang kukuh, amargi Gusti badhe nyekapi kabetahan kita kanthi sedaya berkah ingkang rumentah. Para Farisi nggadhahi panginten bilih kesalehan punika dipun ukur saking pranatan/aturan, ritual, lan maneka warni larangan, nanging Gusti Yesus ngandharaken bilih katresnan lan welas asih punika ingkang langkung utama. Ritual ingkang tanpa katresnan badhe kecalan maknanipun. Piwulang saking Mateus 12:1-8 punika nggigah kita supados boten namung manut aturan agami, nanging langkung-langkung gesang suci lan nindakaken katresnan, welas asih, lan pangapunten tumrap sesami. Amin.|*LES
TANSAH SETYA DHUMATENG GUSTI
Slasa, 9 Juni 2026 Minggu Limrah Hosea 8:11-14; 10:1-2 ; Jabur 40:1-8; Ibrani 13:1-16 TANSAH SETYA DHUMATENG GUSTI “Israel wus nglalekake Kang nitahake, lan wus ngadegake kraton-kraton …” (Hosea 8:14) Gesang setya dhumateng Gusti kanthi mirengaken lan nglampahi karsanipun Gusti pancen boten gampil. Kita kedah purun sinau, sumarah lan nyuwun sih pitulungipun Gusti Allah. Bangsa Israel punika tansah binerkahan, nanging malah tumuli boten setya. Gusti Allah sampun paring berkah ingkang kathah, nanging bangsa punika malah nglampahi gesang ingkang boten prayogi. Bangsa Israel punika kados wit anggur kang makmur, nanging wohing kamakmuranipun malah dipunginakaken kangge nyembah brahala (Hosea 10:1). Ing bab punika, kita saged sinau bilih kabecikan, kasil, lan rejeki punika saged salah kedaden, njalari tiyang supe dhumateng sesembahanipun inggih punika Gusti Allah. Nalika wohing berkah malah nuntun dhateng kesombongan, sapa sira sapa ingsung tundhonipun kita sami kalantur, nebih saking Pangeran. Ing Jabur 40, kita dipun wulang, bilih Gusti punika setya lan kepareng midhangetaken swantening tiyang kang ndedonga kanthi sabar. Dawuhipun, “cangkemku diparingi kidung anyar. Kidung pamuji marang Allah kita” (ayat 4) punika artosipun, saben tiyang kang nyelak marang Gusti, badhe diparingi kasagedan kangge ngucap syukur lan pangandel, satemah saged tansah memuji lan ngluhuraken asmanipun Gusti. Serat Ibrani 13, ngengetaken para pitados supados tansah mujudaken katresnan dhateng sesami lan njagi gesang ingkang suci. Gusti prasetya, “Ingsun ora bakal negakake sira lan sira ora pisan-pisan bakal Suntilar” (ayat 5). Ing kalodhangan punika, kita dipun ajak manembah Gusti boten namung kanthi ritual, nanging langkung malih kanthi nindakaken katresnan dhateng sesami. Kita dipun atag “… padha tansah saos kurban pamuji sokur marang Gusti Allah lumantar Panjenengane, iya iku arupa wohing lambe kang ngluhurake asmane. Sarta saja lali nindakake kabecikan lan aweh pitulungan, jalaran iya kurban-kurban kang mangkono iku kang ndadekake keparenge Gusti Allah” (ayat 15-16). |*LES
WIGATOSING KASUCENING GESANG
Senen, 8 Juni 2026 Minggu Limrah Kaimaman 15:25-31; 22:1-9 ; Jabur 40:1-8; 2 Korinta 6:14-7:2 WIGATOSING KASUCENING GESANG “… Mulane payo kita padha nucekake badan kita saka sarupaning jejembering daging…” (2 Korinta 7:1) Wonten ing gesang padintenan, kita asring mireng tetembungan “resik” lan “boten resik”. Nanging resik ing ngriki boten namung babagan lahiriah kemawon ananging ugi ngemot makna rohani. Ayat-ayat ing dinten punika ngajak kita ningali sepinten wigatosipun kasucening gesangwonten ing lampahing pangibadah lan ing sesambetan kita kaliyan Gusti Allah. Kaimaman15:25-31; 22:1-9mratelakaken bab pangibadah ingkang suci. Gusti paring dhawuh dhumateng bangsa Israel supados sami netepi pranatan utawi aturan-aturan babagan kasucening gesang. Gusti Allah nedahaken bilih kasucen ing tata lair punika sesambetan kaliyan bab karohanen. Wontenipun paugeran punika dadosaken kita enget, bilih saben tiyang ingkang sowan ing ngarsanipun Gusti Allah kedah suci lahir batin; ngadhep kanthi ajrih lan asih/ngaosi Gusti Allah. Wondene ing Jabur 40:1-8 dipun pratelakaken bab katresnan lan kasetyan Gusti. Juru Masmur matur: “Kula ngentosi Gusti kanthi sabar, Panjenengan mirengaken swanten kula” (ayat 2). Gusti punika maha welas lan sabar. Waosan dinten punika paring panglipur lan dados pangandel bilih Gusti boten nganggep gesang resik kita minangka prekawis legalistik/formalitas. Nanging kasucening gesang minangka wujud timbalan dhateng katresnan, kasetyan, lan kabecikan. Enget: Panjenenganipun boten ngersakaken kurban tata kajasmanen kemawon, nanging “talingan ingkang kabikak” — tegesipun Gusti Allah ngersakaken bab manahingkang purun mirengaken dhawuh lan karsa Dalem dadya tetalesing gesang Suci. Pancen gesang suci punika satunggaling proses ingang kedah katindakaken kanthi temen. Serat 2 Korinta 6:14–7:2 nandhesaken gambaranipun tiyang ingkang dipun pindah saking pepeteng lumebet ing pepadhang. Rasul Paulus ngajak kita sami supados boten madha rupa kaliyan “ingkang boten pracaya”. Sumangga sami ngrasuk gesang suci wonten ing ngarsanipun Gusti. |*LES
GUSTI YESUS RAWUH MITULUNGI TIYANG DOSA
Ahad, 7 Juni 2026 Minggu Limrah Hosea 5:15-6:6; Jabur 50:7-15; Rum 4:13-25; Mateus 9:9-13, 18-26 GUSTI YESUS RAWUH MITULUNGI TIYANG DOSA “Sebab tekaKu ini ora ngundang wong sampurna nanging wong dosa” (Mateus 9:13) Saben tiyang mesthi nate ngraosake lelara: lelara badan, lelara batin, utawi lelara secara karohanen. Nanging kathah tiyang ingkang remen ndhelikake raos lan sesakit mawi ngendelaken agami, kamangka sejatosipun tebih saking Gusti Allah. Sami migunakaken topeng kesalehan palsu, kemunafikan, kanthi ngendelaken kasagedan, kesalehan, amal ingkang mboten sampurna, malah kepara nampik katresnaning Gusti Allah lumantar Sang Kristus. Piwulang wigati saking waosan dinten punika, (1) Gusti nelakaké sih-rahmat kang tanpa wates (ayat 9–13). Nalika Gusti nimbali Mateus, tiyang pungut pajeg, paningal umum sami nganggep Mateus minangka tiyang dosa. Nanging Gusti mirsani manahipun. Punika ngélingaké kita, bilih Gusti Yesus boten mawang tiyang namung saking punapa ingkang ketingal. Panjenenganipun kersa rawuh ing griyanipun tiyang dosa, dhahar bebarengan, dados pratandha katresnanipun Gusti kang narima saben tiyang. (2) Gusti Yesus nimbali manungsa supados mratobat (ayat 12–13). Panjenenganipun ngendika, “Wong waras iku ora butuh dhukun, sing butuh iku wong sing lara.” Kita punika kadang remen ndhelikaké dosa, nganggep awake sampurna. Nanging Yesus ngelingaké, tobat punika margi kawilujengan, lan katresnan luwih utama tinimbang syariat-syariat agamawi. (3) Gusti Yesus maringi pangarep-arep lan panguripan (ay. 18–26)Anak tiyang kepala rumah ibadah tilar donya, lan satunggaling wanita 12 taun gering, loro-lorone sami nyedhaki Gusti kanthi pengandel. Gusti paring sih-rahmat: wanita punika dipun warasaken, anak punika dipun wungokaké. Pengandel ngundang sih-rahmatipun Gusti, sanajan kahanan katingal tanpa pangarep-arep. Sumangga kita ndedonga supados kita tansah ngraosaken sih-rahmatipun Gusti. Boten namung netepi kawajiban agami minangka tugas, nanging mbangun sesambetan ingkang raket kaliyan Gusti. Pangapunten lan karahayon punika kagem tiyang ingkang ngakoni lepat lan ngandel dhateng sih-rahmating Gusti. Amin |*LES
GUSTI INGKANG WELAS, GUSTI INGKANG MARASAKE
Setu, 6 Juni 2026 Minggu Trinitas Pangentasan 34:1-9; Jabur 50:7-15; Mateus 9:27-34 GUSTI INGKANG WELAS, GUSTI INGKANG MARASAKE “… Yehuwah, iku Allah kang asipat welas lan asih,luwih dening sabar, gedhe kamirahane lan kasetyane” (Pangentasan 34:6) Nalika nabi Musa minggah ing gunung Sinai ingkang kaping kalihipun (Keluaran 34:1–9), panjenenganipun ndedonga lan sumungkem dhateng Sang Yehuwah Allah, nyuwun kawelasan. Gusti Allah paring pangandika mekaten: “…Yehuwah, iku Allah kang asipat welas lan asih,luwih dening sabar, gedhe kamirahane lan kasetyane, kang netepake sih susetyane marang wong ewon, kang ngapura kaluputan, panerak lan dosa; nanging babar pisan ora ngalisake wong kang salah saka ing paukuman…” (ayat 6-7). Punika sanes namung dados pepeling sejarah, nanging wigati tumrap kita — Gusti ingkang ngapura, gething marang dosa, nanging kepareng nelakaken katresnan tumrap umatipun. Pramila memper bilih wonten ing Jabur 50:7–15 nyariyosaken bilih Gusti boten ngersakaken kurban lahiriyah, nanging kurban puji sokur lan tulusing manah. Gusti ngendika: “Ing dina karubedan sira padha nyebuta marang Ingsung, nuli Ingsun bakal mitulungi sira…” (ayat 15) Katresnan ingkang nyata ugi pinanggih kababar wonten ing paseksinipun Injil Mateus 9:27–34, kita manggihaken cariyos bilih Gusti Yesus marasake tiyang wuta lan nyarasaken tiyang bisu. Tiyang wuta nyuwun: “Dhuh tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka welasi”.Gusti Yesus kepareng mitulungi lan ngandika, ““Padha katekana kaya kang dadi pangandelmu.” (ayat 29). Punapa kita purun lan wantun pitados dhumateng Sang Yehuwah Allah ingkang maha welas, ingkang tansah paring tetulung dhumateng para pitados? Punapa kita purun mateb pitados dhumateng Sang Yesuwah ingkang makarya ugi wonten ing Gusti Yesus Kristus? Samangke sangsaya cetha bilih (1) Gusti Allah punika Maha Welas lan Maha Asih, (2) Gusti Allah ngersakaken supados kita tansah kadununungan manah ingkang kebak raos sokur (3) Gusti Allah wonten ing Sang Kristus Yesus kepareng paring pitulung dhumateng manungsa, supados sami mratobat lan mitadosaken gesang dhunateng Juru Wilujenging jagad. Amin. |*LES
GUSTI MIDHANGETAKE PASAMBATKU
Jemuwah, 5 Juni 2026 Minggu Trinitas Kidung Pangadhuh 3:40-58; Jabur 50:7-15; Lelakone Para Rasul 28:1-10 GUSTI MIDHANGETAKE PASAMBATKU “Mara, payo padha naliti lan mriksa urip kita, sarta padha bali sowan marang Sang Yehuwah” (Kidung Pangadhuh 3:40) Saben tiyang ingkang gesang, mesthi nate ngalami wekdal ing swasana peteng — wekdal angel, sangsara, sakit, utawi cilaka. Nanging ing satengahing pepeteng ingkang mekaten punika punika, Gusti Allah tansah asung pitulung, midhangetake pasambat kita, lan ngluwari kita saking karubedan. Kidung Pangadhuh 3:40–58 ngatag kita mekaten: “Mara, payo padha naliti lan mriksa urip kita, sarta padha bali sowan marang Sang Yehuwah.” Punika dados pratandha bilih pangajeng-ajeng ing Gusti boten badhe muspra. Gusti rawuh, mitulungi, lan ngendika: “Aja wedi!” Mitrurut paseksi ing Jabur 50:7–15 nedahaken bilih Gusti boten namung ngersakaken kurban ritual, nanging kurban pamuji sokur ingkang miyos saking manah ingkang tulus. Mekaten timbalanipun tumrap kita sami: “Sowanana Aku, nalika kowe kasangsaran, Aku bakal nylametake kowe, lan kowe bakal ngluhurake Aku.”. Punapa kita purun mbikak manah nyuwun sih pitulungipun Gusti. Punapa kita purun sumarah lan mboten ngendelaken kekiyatan kita piyambak? Nalika Rasul Paulus dipun cakot dening sawer ingkang mbebayani, tiyang ing Malta sami nganggep bilih Paulus punika tiyang awon lan mesthi badhe pejah. Ananging Paulus tetep tenang, piyambakipun nguncalaken ula punika dhateng geni, lan pranyata boten ngantos cilaka. Tiyang ing pulo Malta lajeng kaget lan nganggep Paulus punika dewa. Nanging Paulus boten gumunggung, malah ngawula kanthi tulus. Paulus nresnani, ndedonga, lan nyarasaken tiyang sakit. Awit saking punika, sumangga sesarengan kita: (1) Mriksa gesang kita piyambak-piyambak lan mratobata kanthi tulus, (2) Sowana dhateng Gusti punapa malih nalika kita ngadhepi marupi rupi masalah – kasisahan, Gusti mesthi mitulungi, (3) Tetep sumarah lan yakin dhateng pangrehipun Gusti, gumregah tetep leladi dhateng sesami. Engeta bilih: Nalika kita sesambat dhumateng Gusti, Panjenenganipun saestu midhanget lan ngandika: “Aja wedi!” . Amin.|*LES
